Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 12

Buktèkna Nèk Panjenengan Nduwé Iman

Buktèkna Nèk Panjenengan Nduwé Iman

GUSTI Allah ngélingké abdiné, nèk bakal ana sing ngalang-alangi wong sing péngin mbuktèkké imané. Kitab Suci kandha, ”Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.” (1 Pétrus 5:8) Iblis ngupaya bèn panjenengan ora nduwé iman. Piyé carané?

Apa panjenengan tau ngadhepi masalah kaya ngéné?

Iblis isa waé nggunakké wong-wong sing paling cedhak karo panjenengan, kanggo nglarang sinau Kitab Suci. Nabi Isa uga ngramal nèk ”wong bakal dimungsuh déning wong-wong kang nunggal saomah kabèh.” (Matéus 10:36) Keluarga lan kanca sing nduwé niyat apik, mbokmenawa ora ngerti paédahé tuntunan saka Gusti Allah sing ana ing Kitab Suci. Mbokmenawa, wong-wong kuwi mikirké omongané wong liya sing ora seneng nèk panjenengan sinau Kitab Suci. Ning, Kitab Suci kandha, ”Wedi marang wong, iku nggawa kala jiret, nanging sing sapa kumandel marang Pangéran Yéhuwah iku kaayoman.” (Wulang Bebasan 29:25) Nèk panjenengan mandheg sinau Kitab Suci mung kanggo nyenengké wong liya, apa Gusti Allah seneng? Mesthiné ora, ta? Ning, nèk isa nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah, Gusti Allah bakal mbantu panjenengan. ”Kita iki dudu panunggalané wong-wong kang mundur sarta nemahi karusakan, nanging kang padha pracaya lan kang kapitulungan nyawané.”​—Ibrani 10:39.

Élingana pengalamané Dumas sing dicritakké ing bab 3. Mauné, pas Dumas sinau Kitab Suci, bojoné kerep ngécé. Ning, suwé-suwé bojoné mèlu sinau Kitab Suci. Semono uga, nèk panjenengan terus nindakké sing bener, mbokmenawa wong-wong sing cedhak karo panjenengan dadi péngin mèlu sinau Kitab Suci. Ana akèh conto saka wong-wong sing diécé bojoné pas sinau Kitab Suci. Wong-wong kuwi isa ”narik atiné bojoné, supaya gelem percaya marang Gusti, tanpa ngomong apa-apa bab pituturé Gusti . . . Kuwi bisa keturutan nèk tingkah-lakuné sedulur-sedulur wédok ngétokké nèk uripé resik lan ngajèni marang Gusti”.​—1 Pétrus 3:1, 2, BJS.

Akèh upayané Iblis bèn panjenengan mandheg sinau Kitab Suci. Salah sijiné yaiku nggunakké masalah lan rasa kuwatir bab dhuwit, dadi wong-wong rumangsa ora kober sinau Kitab Suci merga répot. (Markus 4:19) Mula, aja nganti panjenengan mikir kaya ngono. Kitab Suci kandha, ”Gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh [kenal] kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yésus Kristus [Isa Almasih] utusan Paduka.” (Yokanan 17:3) Sinau bab Gusti Allah lan Isa Almasih kuwi penting banget, bèn isa urip langgeng ing Pirdus.

Nyuwuna pitulungan saka Gusti Allah nganggo donga

Gatèkna nabi Musa sing mauné urip ing Mesir. Dhèwèké isa mburu dhuwit, kwasa, lan kondhang jenengé. Ning, nabi Musa malah milih ”nandhang sangsara karo umaté Gusti Allah, katimbang karo ngraosaké kamuktèning dosa sawatara mangsa.” Apa sebabé? ”Awit tansah mantep mbetahaké prasasat mirsani apa kang ora katon.” (Ibrani 11:24, 25, 27) Nabi Musa manut karo Gusti Allah. Dhèwèké luwih mentingké Gusti Allah timbang mentingké awaké dhéwé, lan Gusti Allah maringi berkah sing akèh. Nèk panjenengan niru nabi Musa, Gusti Allah uga bakal mberkahi panjenengan.

Iblis nggunakké cara werna-werna kanggo nggodha panjenengan. Ning, panjenengan kudu ngupaya aja nganti kena godha. Kitab Suci kandha, ”Iblis tanggulangen, temahan bakal lumayu nglungani kowé.” (Yakobus 4:7) Piyé carané?

Terusa Sinau Kitab Suci. Wacanen Kitab Suci saben dina. Terusa sinau lan terapna wulangané. Nèk kuwi ditindakké, panjenengan dipadhakké kaya ’nganggo gaman-gamané Gusti Allah’, sing isa digunakké kanggo nglawan godhané Iblis.—Éfesus 6:13, BJS.

Srawunga karo Wong-Wong sing Manut Dhawuhé Gusti Allah. Golèka kanca sing seneng maca, sinau, lan ngetrapké isiné Kitab Suci. Wong sing kaya ngono kuwi ”padha nggatèkké kebutuhané wong siji lan sijiné, sarta padha tulung tinulung . . . padha éling-ingélingaké”. Wong-wong kuwi bakal mbantu panjenengan manut karo dhawuhé Gusti Allah.​—Ibrani 10:24, 25, BJP.

Srawunga karo wong-wong sing hubungané akrab karo Gusti Allah

Nyedhaka Marang Yéhuwah. Nyuwuna pitulungané Gusti Allah nganggo donga lan percayaa marang Gusti Allah. Panjenengan kudu éling nèk Gusti Allah gelem mbantu panjenengan. ”Sakabèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh.” (1 Pétrus 5:6, 7) ”Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowé kena ing coba, Panjenengané bakal maringi marganing luwar, satemah kowé padha bisa mbetahaké.”​—1 Korinta 10:13.

Iblis nantang Gusti Allah lan ngomong nèk manungsa kuwi ora gelem manut karo Gusti Allah nèk ngadhepi masalah. Ning, panjenengan isa mbuktèkké nèk omongané Iblis ora bener. Gusti Allah ngendika, ”Hé anakku, dipinter, gawéa bungah ing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.” (Wulang Bebasan 27:11) Dadi, buktèkna nèk panjenengan nduwé iman marang Gusti Allah.