Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 2

Awaké Dhéwé Perlu Nduwé Iman sing Kaya Apa?

Awaké Dhéwé Perlu Nduwé Iman sing Kaya Apa?

Kaya dhuwit asli, iman kudu kétok saka tumindaké

NDUWÉ iman kuwi tegesé ora mung percaya nèk Gusti Allah ana. Akèh wong sing ngaku percaya karo Gusti Allah, ning tetep nindakké sing jahat. Umpamané, nèk panjenengan éntuk dhuwit palsu, apa dhuwit kuwi isa dinggo tuku? Mesthiné ora, ta? Dadi, nèk awaké dhéwé mung percaya karo Gusti Allah ning tetep nindakké sing jahat, iman sing kaya ngono kuwi kaya dhuwit palsu. Kétoké asli ning ora payu. Nèk ngono, awaké dhéwé perlu nduwé iman sing kaya apa?

Iman sing dhasaré Kitab Suci. Kitab Suci mulang sing bener bab Gusti Allah, lan carané kenal karo Gusti Allah. Isiné Kitab Suci kuwi hukum, wulangan, lan kersané Gusti Allah. Contoné:

  • Gusti Allah kuwi mung siji. Ora ana sing madhani.

  • Nabi Isa utawa Yésus kuwi dudu Gusti Allah sing Mahakwasa, ning nabi lan utusan.

  • Gusti Allah sengit karo wong sing nyembah patung.

  • Gusti Allah bakal ngadili manungsa.

  • Wong-wong mati bakal diuripké manèh.

Iman sing isa mbantu awaké dhéwé tumindak bener. Tumindak sing bener kuwi ngajèni Gusti Allah, lan ana gunané kanggo awaké dhéwé lan wong liya. Tumindak kuwi contoné:

  • Nyembah Gusti Allah.

  • Ngupaya nduwèni sipat-sipat sing apik, utamané katresnan.

  • Nyingkirké pikiran lan niyat sing jahat.

  • Mbantu wong liya sinau bab Gusti Allah.

  • Nduwé iman sing kuwat, senajan akèh masalah.

Iman mbantu awaké dhéwé tumindak sing bener

Piyé Carané Nguwatké Iman?

Iman, kaya otot, tambah kuwat nèk kerep dinggo

Njaluk tulung karo Gusti Allah. Nabi Musa ndonga marang Gusti Allah, ”Panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangrèh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampèni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka.” * Gusti Allah mirengké lan njawab dongané nabi Musa. Awaké dhéwé isa niru imané nabi Musa. Gusti Allah bakal mbantu nguwatké iman panjenengan.

Nggunakké wektu kanggo sinau Kitab Suci. Sabdané Gusti Allah, klebu Kitab Torèt, Jabur, lan Injil, ana ing Alkitab, buku sing paling akèh diterjemahké lan disebarké sak donya. Mbokmenawa panjenengan nduwé salah sijiné kitab-kitab kuwi.

Ngetrapké Kitab Suci ing urip saben dina. Iman kuwi kaya otot, tambah kuwat nèk kerep dinggo. Dadi, nèk ngetrapké wulangané Kitab Suci saben dina, iman panjenengan isa tambah kuwat. Panjenengan bakal ngerti nèk sabdané Gusti Allah kuwi pancèn cespleng tenan. Wejangané Gusti Allah kuwi isa ndadèkké uripé awaké dhéwé luwih pénak. Wacanen terus Kitab Suci bèn isa mbuktèkké nèk kuwi pancèn bener.