Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 11

Carané Wong-Wong Mbuktèkké Nèk Nduwé Iman

Carané Wong-Wong Mbuktèkké Nèk Nduwé Iman

SAIKI akèh wong ngaku percaya karo Gusti Allah. Ning, nabi Isa mulang nèk mung sithik waé sing hubungané akrab karo Gusti Allah. Nabi Isa ngendika, ”Jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akèh wong kang padha metu ing kono. Kosok baliné ciyut lawangé lan rupit dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.”​—Matéus 7:13, 14.

Piyé carané nitèni wong-wong sing nduwé iman marang Gusti Allah? Nabi Isa ngendika, ”Iku bakalé padha katitik marang kowé saka wohé . . . Dadiné wit kang becik metokaké woh becik, wit kang geringen wohé iya ora apik.” (Matéus 7:16, 17) Wong-wong sing nduwé iman marang Gusti Allah bakal ngétokké ”woh becik”, yaiku sipat-sipat sing apik. Piyé carané?

Nggunakké Kwasané Nganggo Cara sing Bener

Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah nggunakké kwasa lan wewenangé kanggo ngluhurké Gusti Allah lan kanggo mbantu wong liya. Nabi Isa mulang, ”Sing sapa kapéngin dadi gedhé ana ing antaramu, iku dadia paladènmu.” (Markus 10:43) Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah uga ora kejem karo sapa waé. Wong lanang padha tresna, ngajèni, lan nyukupi kebutuhané bojoné. Kitab Suci kandha, ”Hé, para wong lanang, bojomu tresnanana lan aja nganti kokkasari.” (Kolosé 3:19) ”Hé, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajènana amarga iku padha kanca ahli-warisé sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.”​—1 Pétrus 3:7.

Wong wadon kudu ’ngajèni marang kang lanang’. (Éfesus 5:33) Wong wadon uga kudu ”tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anaké”. (Titus 2:4) Wong tuwa sing nduwé iman marang Gusti Allah nggunakké wektu, lan mulang anak-anaké bab hukum lan pathokané Gusti Allah. Dhèwèké ngajèni lan ngurmati wong liya ing omah, ing gawéan, lan ing endi waé. Dhèwèké manut karo wulangané Kitab Suci, ”Dadia tuladha ing bab ajèn-ingajènan.”​—Rum 12:10.

Umaté Gusti Allah manut karo tuntunané Kitab Suci, sing kandha, ”Sira aja nampani besel [sogokan].” (Pangentasan 23:8) Wong-wong kuwi ora tau nggunakké kwasané sakkarepé dhéwé lan kanggo pénaké dhéwé. Kosok baliné, wong-wong kuwi seneng mbantu wong liya, utamané wong sing lagi butuh. Wong-wong kuwi manut karo dhawuhé Gusti Allah, ”Aja lali nindakaké kabecikan lan awèh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadèkaké keparengé Gusti Allah.” (Ibrani 13:16) Dadi, wong-wong kuwi ngrasakké paédahé ngendikané nabi Isa, ”Rahayu wong wèwèh, katimbang karo nampani.”​—Para Rasul 20:35.

Niru Sipat Adilé Gusti Allah

Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah nindakké dhawuh-dhawuhé Gusti Allah, lan nganggep ”pepakon-pepakoné iku ora abot.” (1 Yokanan 5:3) Wong kuwi ngerti nèk ”Angger-anggeré Sang Yéhuwah iku sampurna . . . Pangandikané Sang Yéhuwah iku patitis, mbungahaké ati; préntahé Sang Yéhuwah iku murni, gawé sumoroting mripat”.​—Jabur 19:8, 9.

Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong liya. Merga niru Gusti Allah, dhèwèké ora nganggep ana bangsa, negara, utawa jabatan sing ngluwihi liyané. ”Gusti Allah boten mbédak-mbédakaken tiyang. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kémawon, ingkang ngabekti dhateng Pangéran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.”​—Para Rasul 10:34, 35.

Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah kuwi ”temen [jujur] lan setya”. (Titus 2:10) Wong kuwi uga ora seneng ngrasani lan mitenah wong liya. Sing nulis Kitab Jabur kandha nèk Gusti Allah seneng karo wong ”kang ora nyebar pitenah kalawan ilaté, sarta ora nindakaké piala marang kancané”.​—Jabur 15:3.

Nyinaoni Kawicaksanané Gusti Allah

Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah percaya karo Kitab Suci, merga ”tembung-tembung isiné pituturé Gusti Allah kuwi kabèh metuné sangka pikirané Gusti Allah déwé. Mulané tembung-tembung kuwi kabèh kenèng dienggo mulangi bab sing bener, kenèng dienggo mbenerké piwulang sing klèru, kenèng dienggo mbenerké klakuan sing ora apik lan uga kenèng dienggo mblajari nindakké urip sing nurut karepé Gusti Allah”. (2 Timotéus 3:16, BJS) Wong-wong kuwi niru Gusti Allah nggunakké ”kawicaksanan kang saka ing ngaluhur”, yaiku ”kang dhisik dhéwé murni, sakbanjuré dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik” marang wong liya. (Yakobus 3:17) Wong-wong kuwi ora gelem mèlu-mèlu kebiyasaan turun temurun sing ora cocog karo kersané Gusti Allah, ora hubungan karo Iblis lan balané, sarta ”padha waspada marang sakèhé brahala.”​—1 Yokanan 5:21.

Nresnani Gusti Allah lan Wong Liya

Nabi Musa kandha, ”Kowé tresnaa marang Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.” (Pangandharing Torèt 6:5) Wong sing nduwé iman marang Gusti Allah nresnani Gusti Allah. Wong-wong kuwi ngurmati asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah, lan ’padha saos puji sokur marang Pangéran Yéhuwah, uga padha nyebut asmané’. (Jabur 105:1) Umaté Gusti Allah uga manut dhawuh, ”Sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awaké dhéwé.” (Kaimaman 19:18) Wong-wong kuwi ora kasar karo wong liya lan ”rukun karo wong kabèh”. (Rum 12:18) Wong-wong kuwi ”nggemblèng pedhang-pedhangé kadadèkaké kejèn sarta tumbak-tumbaké kadadèkaké arit”. Kuwi tegesé wong-wong mau ”ora bakal nggladhi perang manèh”. (Yésaya 2:4) Dadi, wong-wong kuwi nduwé paseduluran sak donya merga ”padha tresna-tinresnan”. (Yokanan 13:35) Apa panjenengan isa nitèni wong-wong kaya ngono saiki?