Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 5

Ngajèni Sipat-Sipaté Gusti Allah Sing Utama

Ngajèni Sipat-Sipaté Gusti Allah Sing Utama

KITAB Suci nulis akèh sipaté Gusti Allah sing nggumunké, bèn awaké dhéwé isa kenal karo Gusti Allah. Contoné, Kitab Suci ngandhani nèk sipat utamané Gusti Allah ana papat, yaiku kwasa, adil, wicaksana utawa pinter, lan tresna. Saiki awaké dhéwé bakal ngrembug sipat-sipat kuwi mbaka siji.

Kwasané Ora Ana Watesé

Kuwasané Gusti Allah nggumunaké

Yéhuwah ngendika marang nabi Ibrahim, ”Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa.” (Purwaning Dumadi 17:1) Kwasané ora ana sing nandhingi, tanpa wates, lan ora ana entèké. Gusti Allah nggawé jagat sak isiné nganggo kwasané.

Gusti Allah ora tau nggunakké kwasané kanggo tumindak ala, ning kanggo tumindak sing becik lan tujuan sing apik. Gusti Allah nggunakké kwasané bareng karo sipat adilé, kapinterané, lan katresnané.

Yéhuwah nggunakké kwasané kanggo para abdiné sing setya. ”Awit paningaling Yéhuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhé nglubèraken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun.” (2 Babad 16:9) Panjenengan mesthiné péngin cedhak karo Gusti Allah sing gedhé kwasané, lan sing gelem nggatèkké manungsa, ta?

Gusti Allah iku Adil

”Sang Yéhuwah nresnani kaadilan.” (Jabur 37:28) Yéhuwah mesthi nindakké sing bener lan adil nurut pathokané sing sampurna.

Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong

Gusti Allah sengit karo tumindak sing ora adil. Gusti Allah ”ora pilih kasih lan ora nampi besel [sogokan]”. (Pangandharing Torèt 10:17) Gusti Allah sengit karo wong sing nganiaya wong liya, lan mbéla wong sing disiya-siya, klebu ”randha utawa bocah lola [ora nduwé bapak utawa ibu]”. (Pangentasan 22:22) ”Gusti Allah boten mbédak-mbédakaken tiyang. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kémawon, ingkang ngabekti dhateng Pangéran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.”​—Para Rasul 10:34, 35.

Keadilané Yéhuwah ora kaku. Gusti Allah bakal ngukum wong jahat sing ora gelem mertobat, ning ngapura wong sing gelem mertobat. ”Pangéran Yéhuwah iku ambek welasan lan ambek asih, gedhé sabaré lan lubèr sih-susetyané; ora tansah ndedukani, anggoné duka ora ing salawasé. Kang katandukaké marang kita ora timbang karo dosa kita, anggoné paring piwales marang kita ora ing saboboté kaluputan kita.” (Jabur 103:8-10) Gusti Allah kèlingan karo tumindaké abdiné sing apik lan bakal maringi berkah. Mesthiné panjenengan isa percaya karo Gusti Allah sing adil iki, ta?

Gusti Allah sing Wicaksana

Awaké dhéwé isa ngerti kawicaksanané Gusti Allah saka Kitab Suci

Yéhuwah kuwi sumberé kawicaksanan. ”Nggumunké tenan gedéné kasugihané Gusti Allah ing berkah, kaweruh lan pangerti.” (Rum 11:33, BJS) Kapinterané ora ana sing nandhingi lan ora ana entèké.

Kapinterané Gusti Allah kétok saka kabèh sing digawé. Kitab Suci kandha, ”Saèstu kathah sanget yeyasan [pakaryan] Paduka punika, dhuh Yéhuwah. Sedaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan.”​—Jabur 104:24.

Awaké dhéwé isa ngerti kawicaksanané Gusti Allah saka Kitab Suci. Raja Dawud nulis, ”Prenatané Gusti Allah kena diendelaké, minteraké wong sing ora pengalaman.” (Jabur 19:8, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Bayangna, panjenengan isa sinau lan éntuk paédah saka kawicaksanané Gusti Allah sing ora ana entèké. Mesthiné panjenengan péngin, ta?

”Gusti Allah Iku Katresnan”

Sipaté Gusti Allah sing paling utama iku katresnan. Kitab Suci nulis ”Gusti Allah iku katresnan.” (1 Yokanan 4:8) Kabèh sing ditindakké Yéhuwah kuwi dhasaré katresnan.

Gusti Allah nresnani awaké dhéwé. Buktiné maringi kabèh kebutuhané awaké dhéwé. ”Nanging Gusti Allah tansah ngétokké kabetyikané [kabecikané], awit . . . ngekèki udan lan panènan marang kowé, supaya kowé bisa ketyukupan [kecukupan] ing pangan lan pada bungah.” (Para Rasul 14:17, BJS) ”Sembarang sing apik lan sing sampurna tekané sangka Gusti Allah nang swarga.” (Yakobus 1:17, BJS) Gusti Allah maringi Kitab Suci bèn awaké dhéwé isa kenal karo Gusti Allah lan ngerti hukum-hukum lan pathokané. Nabi Isa ndonga, ”Pangandika Paduka inggih punika kayektosan.”​—Yokanan 17:17.

Kapinterané Gusti Allah sing nggumunké isa kétok saka sing digawé

Gusti Allah uga nulungi awaké dhéwé ngadhepi masalah. ”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah kowé mesthi direksa [dijaga]! Pangéran ora marengaké, yèn wong mursid [bener] gloyoran ing salawasé.” (Jabur 55:23) Gusti Allah gelem ngapura dosané awaké dhéwé. ”Paduka punika saé, dhuh Pangéran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika lubèr tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.” (Jabur 86:5) Gusti Allah uga bakal maringi urip saklawasé kanggo manungsa. ”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana.” (Wahyu 21:4) Apa panjenengan gelem nresnani Gusti Allah sing wis nresnani panjenengan?

Nyedhaka marang Gusti Allah

Awaké dhéwé isa saya cedhak karo Gusti Allah, nèk mikirké sipat-sipaté lan ndonga

Gusti Allah dhawuh, ”Padha nyedhaka marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowé.” (Yakobus 4:8) Gusti Allah nyebut Ibrahim, nabi sing setya iku ’mitrané’, utawa kancané. (Yésaya 41:8). Gusti Allah uga péngin panjenengan kenal apik lan dadi kancané.

Nèk panjenengan saya kenal lan cedhak karo Gusti Allah, panjenengan bakal saya seneng lan urip ayem tentrem. ”Begja wong sing seneng nglakoni angger-anggeré Gusti Allah lan dirasak-rasakké rina wengi.” (Jabur 1:1, 2, BJP) Mula, ayo terus sinau Kitab Suci. Pikirna sipat-sipat lan tumindaké Gusti Allah. Buktèkna nèk panjenengan nresnani Gusti Allah, carané yaiku manut karo dhawuh-dhawuhé. ”Awit tresna marang Allah kuwi tegesé netepi dhawuh-dhawuhé kabèh. Mangka dhawuh-dhawuhé mau tumraping kita ora abot.” (1 Yokanan 5:3, BJP) Ayo ndonga ngéné, ”Dhuh Allah, kawula mugi Paduka wulang, nyumerepi ingkang dados kersa Paduka. Kawula katuntuna mlampah ing kayektosan Paduka.” (Jabur 25:4, 5, BJP) Panjenengan bakal ngrasakké nèk Gusti Allah ”ora adoh karo awaké déwé”.​—Para Rasul 17:27, BJS.