Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 3

Pathokané Gusti Allah Mbantu Bèn Urip Luwih Pénak

Pathokané Gusti Allah Mbantu Bèn Urip Luwih Pénak

BAYANGNA ana dokter sing lagi waé pindhah ing dhaérah panjenengan. Mauné panjenengan rada ora percaya karo dokter kuwi. Ning, piyé nèk kanca panjenengan priksa ing dokter kuwi njur mari? Mesthiné nèk panjenengan lara, ya péngin priksa ing kono, ta?

Kitab Suci isa dipadhakké kaya dokter mau. Ana sing mauné ora percaya karo Kitab Suci, ning bar ngetrapké wulangané, uripé dadi luwih pénak. Gatèkna conto-conto iki.

Ngrampungi Masalah Keluarga

”Bar dadi mantèn, aku ngrasakké nèk bojoku, Dumas, ora nggatèkké aku,” jaré Sumiatun. ”Merga mangkel, bojoku tak unèk-unèkké, tak bandhemi, malah tau tak antemi. Saking mangkelé, sok-sok aku malah nganti semaput.

”Pas sinau Kitab Suci, bojoku tak écé. Ning, saben bojoku sinau Kitab Suci, aku nguping saka kamar. Aku krungu ana ayat sing diwacakké, uniné: ’Hé para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhéwé kayadéné marang Gusti . . . Para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.’ (Éfesus 5:22, 33) Bar ayat kuwi tak pikir-pikir lan tak rasak-rasakké, aku njaluk ngapura karo Gusti Allah merga wis ora ngajèni bojoku. Aku ndonga nyuwun Gusti Allah mbantu aku bèn dadi bojo sing luwih apik. Ora let suwé, aku njaluk sinau Kitab Suci bareng bojoku.”

Dumas lan Sumiatun

Kitab Suci kandha, ”Mangkono uga para wong lanang padha kawajiban tresna marang bojoné kaya marang awaké dhéwé.” (Éfesus 5:28) Sumiatun crita, ”Sakwisé sinau Kitab Suci bareng, hubunganku karo bojoku dadi luwih apik. Saben mulih nyambut gawé, bojoku tak gawèkké tèh, lan omonganku saiki alus. Bojoku ya dadi luwih tresna lan gelem ngéwangi gawéan omah. Aku karo bojoku ngupaya bèn ’pada betyik [becik] lan gemati marang sakpada-pada. Sing salah pada dingapura’. (Éfesus 4:32, Basa Jawa Suriname [BJS]) Saya suwé aku saya tresna lan ngajèni bojoku, semono uga bojoku. Aku wis urip bebojoan 40 taun suwéné lan ngrasakké bungah merga sinau Kitab Suci.”

Dadi Luwih Sabar

Tayib crita, ”Aku ki mbiyèn wongé brangasan, kerep gelut lan nggawa bedhil nggo medèn-medèni wong. Nèk pas nesu, Kustriyah bojoku kerep tak antemi, tak jorokké nganti tiba. Wong-wong wedi karo aku.

Kustriyah lan Tayib ndonga bareng saben mbengi

”Ning, bar kuwi aku maca Kitab Suci, ’Saiki kowé tak kèki pepakon anyar sing kudu mbok lakoni tenan: padha trésnaa marang sakpada-pada.’ (Yokanan 13:34, BJS) Bar ayat iki tak pikir-pikir, aku péngin banget ngowahi sipatku. Nèk mèh nesu, aku ndonga bèn aja nganti nesu. Ya tenan akhiré aku ora sida nesu. Aku karo bojoku nindakké isiné Éfesus 4:26, 27, BJS, ’Nèk kowé nesu karo sapa-sapa, aja sampèk terus nglakoni sing ala. Nesumu aja diendem ing ati nganti sedina suwéné, nanging ndang dibuwang. Aja sampèk kowé ngekèki dalan marang Sétan.’ Aku karo bojoku maca Kitab Suci lan ndonga bareng saben mbengi. Dadi saben dina uripé ora spaneng lan aku karo bojoku dadi saya akrab.

”Saiki aku dikenal wong sing sabar. Bojoku lan anak-anakku tresna lan ngajèni aku. Kancaku saiki akèh lan aku krasa cedhak karo Gusti Allah. Aku seneng banget.”

Mandheg Nganggo Narkoba

Goin

Goin crita, ”Aku mbiyèn kerep kumpul-kumpul karo cah-cah enom sing ora nggenah, saben dina ngrokok pirang-pirang bungkus, lan kerep ngombé-ngombé nganti tèlèr ing dalan. Aku ya nganggo lan dodolan pil koplo sing tak dhelikké ing jakèt sing ora tembus pluru. Kétoké aku kaya kuwat-kuwata, ning sakjané nduwé rasa wedi.

”Bar kuwi ana sing macakké Kitab Suci sing isiné kaya ngéné, ’Hé anakku, aja lali marang piwulangku, . . . amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadéné katentreman bakal kawuwuhaké marang kowé.’ (Wulang Bebasan 3:1, 2) Aku péngin umurku dawa lan urip tentrem. Aku ya maca, ’Mulané para sedulur sing tak trésnani, awaké dhéwé pada ngerti nèk Gusti Allah wis ngekèki prejanjian-prejanjian iki marang awaké déwé, hayuk ta saiki pada ngresiki uripé awaké déwé sangka sembarang sing nggawé regeté badan lan atiné awaké déwé. Awaké déwé kudu namung nglakoni apa sing ndadèkké senengé Gusti Allah, awit awaké déwé ngajèni tenan marang Dèkné.’ (2 Korinta 7:1, BJS) Aku njur ora kumpul-kumpul manèh karo cah-cah sing ora nggenah, ora nganggo narkoba manèh, lan uripku tak nggo ngabdi marang Gusti Allah.

”Wis 17 taun aku ora nganggo narkoba. Aku séhat, keluargaku seneng, nduwé kanca-kanca sing apik, lan atiku ayem. Saiki aku wis ora mendem. Aku turu angler ing omah, ora ing ndalan.”

Ora Sengit Manèh karo Wong-Wong saka Bangsa Liya

Bambang crita, ”Mbiyèn aku kerep njahati wong, akèh-akèhé wong saka bangsa liya sing tak sengiti.

”Ning, sakjané aku péngin kenal karo Gusti Allah. Dadi, bar kuwi aku mèlu pakumpulané wong-wong sing sinau Kitab Suci. Ing kana aku ngrasakké wong-wongé grapyak, klebu wong-wong saka bangsa liya sing tak sengiti. Aku ya weruh ing pakumpulan kuwi wong-wong sing bangsané béda-béda isa rukun. Aku gumun banget. Aku njur ngerti ana ayat sing ngomong, ’Gusti Allah ora mbédak-mbédakké manungsa. Dèkné nampa saben wong sing pretyaya [percaya] marang Dèkné lan sing nuruti kekarepané Dèkné, ora perduli bangsa apa.’​—Para Rasul 10:34-35, BJS.

”Saiki aku ora sengit manèh karo wong-wong saka bangsa liya. Malah kanca-kancaku saiki saka bangsa sing mbiyèn tak sengiti. Saka Kitab Suci, aku diajari Gusti Allah bèn tresna karo sapa waé.”

Bambang saiki kekancan karo wong-wong saka bangsa werna-werna

Ora Dadi Penjahat Manèh

”Mbiyèn aku tau dikunjara ping telu, sing ping pindho merga nyolong, sing ping pisan merga nusuk wong,” jaré Garoga. ”Bar kuwi aku mèlu komplotan sing nglawan negara lan matèni wong akèh. Terus aku dadi pentholané penjahat. Ing endi waé aku mesthi dikawal. Aku mbiyèn wongé kejem lan mbebayani.

Garoga dudu wong sing kejem manèh, ning saiki diajèni wong merga mulang Kitab Suci

”Njur bar kuwi aku maca ayat sing uniné, ’Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumèrèn, ora gumunggung lan kumenthus. Katresnan iku ora saru polahé lan ora golèk kepénaké awaké dhéwé. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.’ (1 Korinta 13:4, 5) Ayat kuwi langsung nancep ing atiku. Bar pindhah omah, aku mulai sinau Kitab Suci, lan ngetrapké wulangané saben dina.

”Saiki aku dudu wong sing kejem manèh, malah ngertiné wong-wong, aku mulang Kitab Suci. Aku saiki seneng lan uripku ayem tentrem.”

Tembungé Gusti Allah Kuwi Gedhé Kwasané

Pengalaman-pengalaman kuwi lan akèh pengalaman liyané mbuktèkké nèk ”tembungé Gusti Allah kuwi urip lan gedé kwasané”. (Ibrani 4:12, BJS) Wulangané gampang disinaoni lan cocog kanggo urip saben dina.

Apa Kitab Suci ya isa mbantu panjenengan? Isa, senajan masalah panjenengan akèh. Kitab Suci nyathet, ”Tembung-tembung isiné pituturé Gusti Allah kuwi kabèh metuné sangka pikirané Gusti Allah déwé. Mulané tembung-tembung kuwi kabèh kenèng dienggo mulangi bab sing bener, kenèng dienggo mbenerké piwulang sing klèru, kenèng dienggo mbenerké klakuan sing ora apik lan uga kenèng dienggo mblajari nindakké urip sing nurut karepé Gusti Allah. Dadiné wong sing nyambutgawé kanggo Gusti Allah bisa nduwèni kapinteran ngerjani penggawéan apa waé sing dikarepké karo Dèkné.”​—2 Timotéus 3:16, 17, BJS.

Awaké dhéwé mengko bakal sinau wulangan sing penting saka Kitab Suci.