Yésus​—⁠Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip

Ing buku iki, sinaua bab kabèh kedadéan ing uripé Yésus, sing ditulis ing Alkitab.

PAMBUKA

Dalan, sing bener, sing marahi urip

Tumindak lan piwulangé Yésus sing ditulis ing Injil, isa ngowahi urip kita.

BAB 1

Rong Warta saka Gusti Allah

Malaékat Gabrièl nyampèkké warta sing angèl dipercaya.

BAB 2

Yésus Dihormati Sakdurungé Lair

Piyé Élisabèt lan bayi ing njero wetengé ngurmati Yésus?

BAB 3

Wong sing Nyiapké Dalan Wis Lair

Sakwisé isa ngomong manèh, Zakharia mènèhi ramalan sing penting.

BAB 4

Maria​—⁠Mbobot Nanging Durung Nikah

Apa Yusuf percaya nèk Maria mbobot merga roh suci lan dudu merga karo wong lanang liya?

BAB 5

Ing Ngendi lan Kapan Yésus Lair?

Apa buktiné Yésus ora lair tanggal 25 Desember?

BAB 6

Anak sing Dijanjèkké

Wektu Yusuf lan Maria nggawa Yésus ing bait, ana loro wong Israèl sing wis tuwa mènèhi ramalan

BAB 7

Para Ahli Ramal Bintang Marani Yésus

Apa sebabé bintang sing didelok ing Wétan nuntun marang Raja Hérodès lan dudu langsung marang Yésus?

BAB 8

Slamet saka Panguwasa sing Jahat

Ana telung ramalané Alkitab bab Mèsias sing kelakon wektu Yésus isih cilik.

BAB 9

Saya Mundhak Gedhé ing Nazarèt

Ana pira adhi tiriné Yésus?

BAB 10

Keluargané Yésus menyang Yérusalèm

Yusuf lan Maria nggolèki Yésus saksuwéné telung dina. Wektu ketemu, Yésus nggumun ngapa wong tuwané kok ora ngerti nèk Yésus kudu ana ing bait.

BAB 11

Yohanes Pembaptis Nyiapké Dalan

Wektu diparani sapérangan wong Farisi lan Saduki, Yohanes ngutuk wong-wong kuwi. Apa sebabé?

BAB 12

Yésus Dibaptis

Apa sebabé Yésus njaluk dibaptis padahal ora nduwé dosa?

BAB 13

Sinau saka Carané Yésus Ngadhepi Godhaan

Ana rong bab sing isa kita ngertèni bab Iblis saka godhaan sing dialami Yésus.

BAB 14

Yésus Ngundang Wong-Wong Dadi Muridé

Apa sing nggawé enem muridé Yésus sing sepisanan yakin nèk Yésus kuwi Mèsias?

BAB 15

Yésus Nggawé Mukjijat sing Kapisan

Yésus nduduhké marang ibuné nèk saiki dhèwèké nindakké préntahé Bapaké ing swarga dudu préntahé ibuné.

BAB 16

Yésus Semangat Mbéla Ibadah Sejati

Hukumé Gusti Allah ngijinké wong-wong tuku kéwan ing Yérusalèm kanggo dikurbanké, mula apa sebabé Yésus nesu karo wong-wong sing dodolan ing bait?

BAB 17

Yésus Mulang Nikodémus ing Wayah Wengi

Apa tegesé ”dilairké manèh”?

BAB 18

Tugasé Yésus Saya Akèh, Tugasé Yohanes Saya Sithik

Murid-muridé Yohanes Pembaptis mèri nanging Yohanes Pembaptis ora.

BAB 19

Yésus Mulang Wong Wadon Samaria

Yésus ngandhani wong wadon kuwi bab sing durung tau Yésus omongké marang wong liya.

BAB 20

Mukjijat sing Kapindho ing Kutha Kana

Yésus marèkké cah lanang saka jarak kira-kira 26 kilomèter.

BAB 21

Ing Sinagogé ing Nazarèt

Apa sing diomongké Yésus sing nggawé wong-wong Nazarèt arep matèni dhèwèké?

BAB 22

Papat Muridé Yésus Dadi Tukang Njala Manungsa

Yésus ngundang papat muridé bèn ninggalké gawéané dadi nelayan kanggo nindakké gawéan liyané.

BAB 23

Yésus Nindakké Mukjijat-Mukjijat ing Kapernaum

Wektu ngusir roh-roh jahat, Yésus nglarang roh-roh kuwi ngandhani wong-wong nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. Apa sebabé?

BAB 24

Nginjil ing Dhaérah-Dhaérah Liya ing Galiléa

Akèh wong padha teka marang Yésus kanggo dimarèkké, nanging Yésus nerangké nèk nduwé tujuan sing luwih penting ketimbang kuwi.

BAB 25

Yésus Marèkké Wong Lara Kusta

Liwat omongan lan tumindaké marang wong lara kusta, Yésus nduduhké nèk dhèwèké bener-bener perduli karo wong sing dhèwèké marèkké.

BAB 26

”Dosamu Wis Diapura”

Piyé Yésus nduduhké hubungané dosa lan penyakit?

BAB 27

Matius Dadi Muridé Yésus

Apa sebabé Yésus gelem maem bareng karo wong-wong dosa?

BAB 28

Apa Sebabé Murid-Muridé Yésus Ora Pasa?

Yésus nggunakké umpama bab wadhah anggur kanggo mènèhi jawaban.

BAB 29

Apa Éntuk Tumindak Apik Pas Dina Sabat?

Apa sebabé wong-wong Yahudi mungsuhi Yésus wektu marèkké wong lanang sing wis lara suwéné 38 taun?

BAB 30

Yésus Kuwi Putrané Gusti Allah

Miturut wong-wong Yahudi, Yésus madhakké dhèwèké dhéwé kaya Gusti Allah, nanging Yésus nduduhké nèk kedudukané luwih rendhah ketimbang Gusti Allah.

BAB 31

Methik Wohé Gandum Pas Dina Sabat

Apa sebabé Yésus nyebut dhèwèké ”Gustiné dina Sabat”?

BAB 32

Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?

Senajan ora lumrah, wong-wong Farisi lan Saduki nglumpuk merga nduwé tujuan sing padha.

BAB 33

Netepi Ramalané Yésaya

Apa sebabé Yésus ngongkon wong-wong sing dimarèkké bèn ora ngandhani liyané bab sapa dhèwèké lan gawéan sing ditindakké?

BAB 34

Yésus Milih Rolas Rasul

Apa bédané rasul karo murid?

BAB 35

Ceramah ing Gunung

Bab-bab penting saka piwulangé Yésus diterangké.

BAB 36

Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé

Apa sebabé tumindaké perwira Romawi nggawé Yésus nggumun?

BAB 37

Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha

Wong-wong sing ndelok kedadéan kuwi ngerti nèk Gusti Allah wis nggatèkké umaté manèh.

BAB 38

Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus

Ngapa Yohanes Pembaptis takon apa Yésus kuwi Mèsias? Apa Yohanes dadi ragu-ragu?

BAB 39

Wong-Wong sing Ora Tanggap Dikutuk

Yésus kandha nèk ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Kapernaum bakal luwih abot ketimbang kutha Sodom.

BAB 40

Piwulang bab Ngapurani

Wektu ngapurani wong wadon sing ora nggenah, apa kuwi tegesé Yésus nglanggar hukumé Gusti Allah?

BAB 41

Mukjijaté Yésus​—⁠Nganggo Kuwasané Sapa?

Adhi-adhiné Yésus kandha nèk Yésus ora waras.

BAB 42

Yésus Ngelokké Wong Farisi

Apa ”tandha Nabi Yunus” kuwi?

BAB 43

Umpama-Umpama bab Kratoné Allah

Yésus mènèhi wolung umpama sing nerangké bab Kraton swarga.

BAB 44

Yésus Ngendhegké Angin Gedhé ing Laut

Wektu ngendhegké angin lan ombak, Yésus mulang bab sing penting sing bakal kelakon ing pamréntahan Kratoné Allah.

BAB 45

Kuwasané Yésus tumrap Roh-Roh Jahat

Apa wong isa kesurupan roh jahat luwih saka siji?

BAB 46

Larané Mari Merga Ndemèk Klambi Njabané Yésus

Yésus nduduhké kuwasané lan welas asihé ing kedadéan sing nrenyuhké ati iki.

BAB 47

Bocah Wadon sing Urip Manèh

Wong-wong nggeguyu Yésus wektu kandha nèk bocah wadon sing wis mati kuwi lagi turu. Nanging, Yésus nguripké manèh bocah wadon kuwi.

BAB 48

Yésus Nggawé Mukjijat, Nanging Akèh sing Nolak

Wong-wong ing Nazarèt nolak Yésus ora merga piwulang utawa mukjijaté, nanging merga alesan liyané.

BAB 49

Yésus Nginjil ing Galiléa lan Nglatih Para Rasul

Apa tegese ukara ”Kraton swarga wis cedhak?”

BAB 50

Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang

Wektu ana aniaya, apa sebabé Yésus ngandhani para rasulé supaya mlayu padahal wong-wong kuwi ora wedi dipatèni?

BAB 51

Pembunuhan ing Pésta Ulang Taun

Tariané Salomé nggawé Hérodès seneng nganti Hérodès sumpah arep mènèhi apa waé sing dijaluk Salomé. Apa penjaluké Salomé?

BAB 52

Mènèhi Mangan Éwonan Wong Nganggo Roti Lima lan Iwak Loro

Mukjijaté Yésus iki nggumunké banget nganti patang Injil nyathet bab kuwi.

BAB 53

Panguwasa sing Isa Ngendhalèni Angin lan Laut

Apa sing isa disinaoni para rasul wektu Yésus mlaku ing ndhuwur banyu lan ngendhegké angin gedhé?

BAB 54

Yésus Kuwi ”Roti sing Mènèhi Urip”

Apa sebabé Yésus ngelokké wong-wong senajan wong-wong kuwi wis ngupaya marani dhèwèké?

BAB 55

Omongané Yésus Ora Isa Ditampa Akèh Wong

Yésus mulangké bab sing ora isa ditampa, sing nggawé para muridé ninggalké dhèwèké.

BAB 56

Apa sing Nggawé Wong Dadi Najis?

Sing nggawé najis kuwi sing mlebu saka cangkem utawa sing metu saka kuwi?

BAB 57

Yésus Marèkké Bocah Wadon lan Wong Lanang sing Budheg

Apa sebabé wong wadon Fénisia ora lara ati wektu bangsané dipadhakké karo kirik?

BAB 58

Yésus Nggawé Mukjijat bab Roti lan Ngélikké bab Ragi

Para muridé Yésus akiré paham apa sing dimaksud Yésus wektu kandha bab ragi.

BAB 59

Putrané Manungsa Kuwi Sapa?

Kunci-kunci Kraton kuwi apa? Digunakké kanggo sapa waé, lan kepriyé?

BAB 60

Wahyu sing Nduduhké Kamulyané Kristus

Transfigurasi kuwi apa? Apa sing diduduhké saka transfigurasi kuwi?

BAB 61

Yésus Marèkké Cah Lanang sing Kesurupan Roh Jahat

Yésus kandha nèk cah lanang kuwi ora isa dimarèkké merga kurang iman, nanging imané sapa? Cah lanang kuwi, bapaké, utawa para murid?

BAB 62

Piwulang Penting bab Sipat Andhap Asor

Wong diwasa isa sinau bab sing penting saka bocah cilik.

BAB 63

Yésus Mènèhi Naséhat Penting Liyané

Yésus nerangké telung cara ngatasi masalah sing serius ing jemaat.

BAB 64

Pentingé Terus Ngapurani

Yésus nduduhké pandhangané Gusti Allah bab pentingé ngapurani wong liya nganggo umpama bab budhak sing ora nduwé welas asih.

BAB 65

Mulang Wektu ing Perjalanan menyang Yérusalèm

Ing telung omong-omongan cekak, Yésus nduduhké apa sing isa ngalang-alangi wong dadi ora ngetutké Yésus.

BAB 66

Ing Yérusalèm kanggo Ngrayakké Riyaya Tabernakel

Apa sebabé wong-wong sing ngrungokké Yésus kandha nèk Yésus kesurupan roh jahat?

BAB 67

”Ora Ana Wong Siji-Sijia sing Omongané Kaya Yésus”

Mahkamah agung Yahudi nglawan Yésus, nanging ana salah siji anggotané sing mbéla Yésus.

BAB 68

Putrané Gusti Allah Kuwi ”Pepadhangé Donya”

Yésus kandha nèk ”apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé”. Bébas saka apa?

BAB 69

Bapaké Wong-Wong Kuwi Abraham utawa Iblis?

Yésus nduduhké carané ngerti sapa keturunané Abraham kuwi. Yésus uga ngandhani sapa Bapaké Yésus.

BAB 70

Yésus Marèkké Wong Lanang sing Wuta Wiwit Lair

Para murid takon sebabé kok ana wong sing wuta wiwit lair. Akèh pendapat sing béda-béda wektu Yésus marèkké wong lanang kuwi.

BAB 71

Wong Farisi Nakoni Manèh Wong Lanang sing Mauné Wuta

Omongané wong lanang sing mauné wuta nggawé wong Farisi nesu. Kaya sing dikuwatirké wong tuwané, wong Farisi ngusir wong lanang kuwi saka sinagogé.

BAB 72

Yésus Ngutus 70 Murid kanggo Nginjil

Yésus ngutus 70 murid kanggo nginjil bab Kraton ing Yudéa. Para murid kudu nginjil ing sinagogé-sinagogé utawa ing omah-omah?

BAB 73

Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati

Piyé Yésus mènèhi piwulang sing apik kanthi cara nyritakké bab wong Samaria sing apikan?

BAB 74

Piwulang bab Seneng Nampa Tamu lan bab Donga

Yésus nekani omahé Maria lan Marta. Apa sing Yésus wulangké bab seneng nampa tamu? Lan piyé carané Yésus mulang para muridé bab donga?

BAB 75

Yésus Nduduhké Carané Bèn Isa Bungah

Yésus ngandhani bab ”drijiné Gusti Allah” lan apa maksudé Kratoné Allah wis ana ing antarané wong-wong kuwi. Yésus uga nduduhké carané bèn isa bener-bener bungah.

BAB 76

Yésus Maem Bareng karo Wong Farisi

Yésus nduduhké nèk wong Farisi lan para ahli Taurat kuwi munafik, merga nggawé wong-wong kudu mikul beban sing abot. Beban apa sing dimaksud?

BAB 77

Yésus Mènèhi Naséhat bab Bandha

Yésus mènèhi umpama bab wong lanang sugih sing mbangun gudhang sing luwih gedhé. Piyé Yésus ngélikké bab bahayané ngoyak bandha?

BAB 78

Tetepa Siap, Pengurus sing Setya!

Yésus ngongkon para muridé kanggo njaga rohaniné tetep apik. Apa tugasé pengurus? Apa sebabé naséhat bèn tetep siap kuwi penting?

BAB 79

Wong Yahudi sing Ora Nduwé Iman Bakal Disirnakké

Yésus kandha nèk wong-wong kudu mertobat bèn ora disirnakké. Apa wong-wong kuwi bakal nggatèkké pangéling-éling sing diwènèhké Yésus?

BAB 80

Pangon sing Apik lan Rong Kandhang Wedhus

Perasaané pangon marang wedhus-wedhusé kuwi kaya perasaané Yésus marang para muridé. Apa wong-wong kuwi nggatèkké lan ngetutké Yésus?

BAB 81

Apa Maksudé Yésus lan Bapaké Kuwi Siji?

Ana wong-wong sing nudhuh Yésus madhakké dhèwèké kaya Gusti Allah. Piyé carané Yésus mènèhi jawaban bab tudhuhan kuwi?

BAB 82

Pelayanané Yésus ing Péréa

Yésus nerangké carané bèn isa dislametké. Nasèhaté Yésus kuwi migunani pas jaman kuwi. Piyé saiki?

BAB 83

Sapa sing Diundang Gusti Allah ing Pésta Gedhé?

Wektu isih maem ing omahé wong Farisi, Yésus mènèhi umpama bab pésta gedhé. Yésus mènèhi piwulang penting kanggo umaté Gusti Allah. Apa kuwi?

BAB 84

Sepira Pentingé Dadi Muridé Yésus?

Dadi muridé Yésus kuwi bab sing penting. Yésus ngandhani apa waé pangurbanan sing kudu digawé. Katrangan kuwi nggawé wong-wong padha kagèt.

BAB 85

Kabungahan Merga Ana Siji Wong Dosa sing Mertobat

Wong Farisi lan para ahli Taurat ngelokké Yésus merga apikan karo rakyat biasa lan wong dosa. Yésus mènèhi umpama kanggo nduduhké pandhangané Gusti Allah.

BAB 86

Anak sing Ilang Wis Bali Manèh

Piwulang apa waé sing isa kita sinaoni saka umpama bab anak sing ilang?

BAB 87

Nggawé Rencana kanggo Sukmbèn lan Nggunakké Akal

Yésus nggunakké conto pengurus sing ora jujur kanggo mènèhi piwulang sing bener.

BAB 88

Wong Lanang Sugih lan Lazarus

Kita kudu ngerti sapa sing digambarké karo rong tokoh utamané supaya isa paham umpama sing diwulangké Yésus iki.

BAB 89

Yésus Mulang ing Péréa Wektu Perjalanan menyang Yudéa

Yésus nandheské bab sipat sing isa mbantu kita ngapurani wong sing bola-bali nindakké salah marang kita.

BAB 90

”Sing Nguripké Manèh lan Sing Marahi Urip”

Apa maksudé Yésus wektu kandha nèk wong sing nduduhké iman marang Yésus ”ora bakal mati”?

BAB 91

Lazarus Diuripké Manèh

Rong bab sing nggawé para penentangé Yésus ora isa mbantah bab mukjijaté Yésus.

BAB 92

Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur Nuwun

Wong kusta sing wis mari ora mung matur nuwun marang Yésus nanging uga marang Gusti Allah.

BAB 93

Putrané Manungsa Nduduhké Kuwasané

Apa maksudé rawuhé Kristus padha kaya kilat?

BAB 94

Pentingé Ndonga lan Sipat Andhap Asor

Ing umpama bab hakim sing ora bener lan randha, Yésus nduduhké sawijiné sipat sing penting.

BAB 95

Piwulang bab Pegatan lan Nresnani Bocah-Bocah

Pandhangané Yésus marang bocah-bocah béda karo para muridé. Apa sebabé?

BAB 96

Yésus Njawab Pitakonané Pemimpin Yahudi sing Sugih

Apa sebabé Yésus kandha nèk luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit ketimbang wong sugih kanggo mlebu ing Kratoné Allah?

BAB 97

Umpama bab Buruh sing Kerja ing Kebon Anggur

Piyé wong sing kapisan dadi sing pungkasan, lan wong sing pungkasan dadi sing kapisan?

BAB 98

Para Rasul Ngupaya Manèh Dadi sing Paling Penting

Yakobus lan Yohanes njaluk kedudukan penting ing Kraton swarga, nanging rasul liyané ya péngin bab kaya ngono.

BAB 99

Yésus Marèkké Wong Wuta Loro lan Mbantu Zakhéus Mertobat

Apa sebabé kisahé Yésus marèkké wong wuta ing Yérikho sing dicathet ing kitab Injil kuwi cocog karo siji lan sijiné?

BAB 100

Umpama bab Sepuluh Mina

Apa maksudé Yésus wektu kandha, ”Sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké”?

BAB 101

Maem ing Omahé Simon ing Bétani

Tumindaké Maria, seduluré Lazarus, nggawé wong-wong ora seneng. Nanging, Yésus mbéla dhèwèké.

BAB 102

Sang Raja Mlebu Yérusalèm kanthi Nunggang Keledai

Yésus nggenepi ramalan sing wis ana wiwit 500 taun.

BAB 103

Yésus Nggawé Resik Bait Manèh

Kétoké wong-wong sing dodolan ing Yérusalèm nindakké bisnis sing lumrah, mula apa sebabé Yésus nyebut wong-wong kuwi ”rampok”?

BAB 104

Apa Wong Yahudi Bakal Nduwé Iman marang Gusti Allah?

Apa bédané nduduhké iman marang Yésus karo mung nduwé iman?

BAB 105

Piwulang bab Iman saka Wit Ara

Yésus mulang para muridé bab iman lan nerangké sebabé Gusti Allah nolak bangsa Israèl.

BAB 106

Rong Umpama bab Kebon Anggur

Gatèkna tegesé umpama bab wong lanang sing njaluk anaké kanggo kerja ing kebon angguré lan wong lanang sing nyéwakké kebon angguré marang para petani sing jahat.

BAB 107

Raja Ngundang Wong-Wong ing Pésta Mantènan

Umpama sing diwulangké Yésus iki sakjané ramalan.

BAB 108

Yésus Ora Isa Dijebak

Yésus nggawé wong Farisi lan Saduki ora isa mbantah omongané.

BAB 109

Yésus Ngelokké Para Pemimpin Agama

Apa sebabé Yésus ora setuju karo wulangané para pemimpin agama?

BAB 110

Dina Pungkasané Yésus ing Bait

Yésus nggunakké conto randha miskin kanggo mulangké bab sing penting.

BAB 111

Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé Yésus

Ramalané Yésus wis digenepi ing abad kapisan. Apa kuwi uga bakal digenepi ing jaman saiki?

BAB 112

Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap

Apa maksudé Yésus kuwi nèk separo saka para muridé bakal dadi wong sing bodho lan separoné bakal dadi wong sing wicaksana?

BAB 113

Umpama bab Talènta, Pentingé Terus Sregep

Umpama bab talènta nerangké apa maksudé Yésus wektu kandha, ”Sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr.”

BAB 114

Kristus Bakal Ngadili Wedhus Gèmbèl lan Wedhus Jawa

Liwat umpama bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa, Yésus nduduhké dhasar kanggo ngadili wong-wong.

BAB 115

Kedadéan-Kedadéan Sakdurungé Paskah sing Pungkasan

Para pemimpin agama setuju mbayar Yudas 30 dhuwit pérak kanggo ngianati Yésus. Kuwi nduduhké apa?

BAB 116

Yésus Ngwijiki Sikilé Para Rasulé

Para rasul kagèt wektu Yésus nindakké gawéané pembantu.

BAB 117

Perjamuan Dalu Gusti

Yésus netepké pèngetan sédané sing kudu dirayakké para pengikuté saben taun ing tanggal 14 Nisan.

BAB 118

Bebantahan bab Sapa sing Paling Penting

Para rasul wis langsung padha lali apa sing diwulangké Yésus ing wengi kuwi.

BAB 119

Yésus​—⁠Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip

Yésus ngandhani wulangan sing bener bab carané supaya isa cedhak karo Gusti Allah.

BAB 120

Ngasilké Woh lan Dadi Sahabaté Yésus

Piyé carané para muridé Yésus isa ”ngasilké woh”?

BAB 121

”Kuwatna Atimu! Aku Wis Ngalahké Donya”

Piyé Yésus ngalahké donya padahal donya wis matèni dhèwèké?

BAB 122

Dongané Yésus ing Ruang Ndhuwur

Yésus nduduhké nèk dhèwèké nindakké bab sing luwih penting ketimbang nylametké manungsa.

BAB 123

Yésus Ndonga Wektu Sedhih Banget lan Susah Atiné

Apa sebabé Yésus ndonga, ”Singkirna cawan iki saka aku”? Apa Yésus wedi banjur ora gelem dadi Penebus?

BAB 124

Kristus Dikhianati lan Ditangkep

Yudas isa nemokké Yésus senajan wektu kuwi wis tengah wengi.

BAB 125

Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang Kayafas

Yésus diadili kanthi ora adil.

BAB 126

Pétrus Ora Ngakoni Yésus

Apa sebabé Pétrus, wong sing imané kuwat, isa ora ngakoni Yésus?

BAB 127

Diadili Sanhèdrin, Banjur Digawa marang Pilatus

Para pemimpin agama Yahudi nduduhké niat asliné.

BAB 128

Pilatus lan Hérodès Ora Nemokké Kesalahané Yésus

Apa sebabé Pilatus ngirim Yésus marang Hérodès kanggo diadili? Apa Pilatus ora nduwé wewenang kanggo ngadili Yésus?

BAB 129

Pilatus Kandha, ”Deloken Wong Iki!”

Pilatus nggumun karo sikapé Yésus sing tenang lan kendel senajan disiksa.

BAB 130

Yésus Dihukum Mati

Apa sebabé Yésus ngandhani wong-wong wadon bèn ora nangis kanggo Yésus nanging bèn nangis merga bangsané dhéwé?

BAB 131

Sang Raja Dipaku ing Cagak

Yésus mènèhi harapan marang rampok sing ana ing sisihé.

BAB 132

”Wong Iki Mesthi Putrané Gusti Allah”

Peteng sing ora biasané, gempa bumi, lan geber ing bait sing suwèk dadi loro kuwi mbuktèkké siji bab.

BAB 133

Yésus Dikubur

Apa sebabé Yésus kudu ndang dikubur sakdurungé srengéngé angslup?

BAB 134

Yésus Urip Manèh!

Sakwisé diuripké manèh, Yésus sepisanan nemoni para wong wadon ketimbang para rasulé.

BAB 135

Yésus Nemoni Akèh Wong Sakwisé Diuripké Manèh

Piyé Yésus ngyakinké para muridé nèk dhèwèké wis diuripké manèh?

BAB 136

Ing Pantai Laut Galiléa

Pétrus diélingké nganti ping telu bab carané Pétrus isa mbuktèkké katresnané marang Yésus.

BAB 137

Atusan Wong Ndelok Yésus Sakdurungé Péntakosta

Saksuwéné 40 dina, Yésus bola-bali nandheské bab apa sing bakal ditampa para muridé lan piyé kuwi kudu digunakké.

BAB 138

Kristus Ana ing Sisih Tengené Gusti Allah

Apa sing ditindakké Yésus ing swarga saksuwéné ngentèni wektu kanggo Yésus nyingkirké para mungsuhé?

BAB 139

Yésus Nggawé Bumi Dadi Firdaus

Ana akèh sing bakal ditindakké Yésus sakdurungé masrahké Kraton kuwi marang Gusti Allah, Bapaké.

Tirunen Yésus, Dadia Wong sing . . .

Wolung sipat sing terus diduduhké Yésus ing uripé.

Indèks Ayat

Gunakna indèks iki kanggo nemokké ing bab endi saben ayat sing ditulis ing kitab Injil dirembug ing buku iki.

Indèks Umpama (Parabel)

Golèka ing ngendi umpama-umpama sing diwulangké Yésus dirembug ing buku iki.

Ramalan-bab Mèsias

Kedadéan-kedadéan ing uripé Yésus mbuktèkké nèk Yésus kuwi Mèsias sing wis diramalké ing Kitab Suci. Deloken ing bab endi waé kuwi dirembug.

Dhaérah-Dhaérah sing Ditekani lan Dilayani Yésus

Péta iki nduduhké dhaérah pelayanané Yésus.