Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Dalan, sing bener, sing marahi urip

Dalan, sing bener, sing marahi urip

Panjenengan mesthi seneng nèk éntuk kabar apik. Apa panjenengan ngerti nèk Sing Nggawé jagat sak isiné, yaiku Gusti Allah Yéhuwah, nduwé kabar sing bener-bener apik kanggo panjenengan lan wong-wong sing panjenengan tresnani?

Kabar apik iki ana ing Alkitab, buku sing ditulis ing jaman mbiyèn nganggo tuntunané Yéhuwah. Ing buku iki, kita bakal ngrembug patang buku ing Alkitab sing isiné kabar apik kanggo kita kabèh. Buku-buku kuwi dijenengi nganggo jenengé wong-wong lanang sing digunakké Gusti Allah kanggo nulis, yaiku Matius, Markus, Lukas, lan Yohanes.

Akèh wong sing nyebut buku-buku iki nganggo sebutan patang Injil. Papat-papaté ana hubungané karo kabar apik bab Yésus. Gusti Allah nggunakké Yésus dadi juru slamet lan Raja Kratoné Allah. Yésus bakal mènèhi berkah sing langgeng kanggo kabèh wong sing nduduhké iman marang dhèwèké.​—Markus 10:​17, 30; 13:⁠13.

APA SEBABÉ ANA PAPAT INJIL?

Apa sebabé ing Alkitab ana patang buku bab urip lan piwulangé Yésus?

Bayangna ana papat wong lanang sing lagi ngadeg ing cedhaké guru sing terkenal. Wong lanang kapisan sing ngadeg ing ngarepé guru kuwi petugas pajeg. Sing kapindho, sing ana ing sisih tengené guru kuwi dokter. Sing katelu, sing ana ing sisih kiwané guru kuwi nelayan, lan kanca cedhaké guru kuwi. Wong lanang sing kapapat, sing ana ing mburiné guru kuwi, kuwi paling enom ketimbang liyané. Papat-papaté kuwi wong jujur, lan nduwé minat, tujuan, uga pandhangan dhéwé-dhéwé. Patang cathetané wong-wong kuwi nduduhké rincian utawa kedadéan sing béda-béda. Mula, nèk nggatèkké patang cathetan kuwi, kita bakal nduwé gambaran sing lengkap bab apa sing diomongké lan ditindakké guru kuwi. Semono uga bab Guru Agung kita, Yésus Kristus, nèk maca patang injil, kita bakal éntuk luwih akèh paédah.

Petugas pajeg mau nulis cathetané kanggo wong Yahudi, mula dhèwèké nyusun piwulang utawa kedadéan-kedadéan nganggo cara sing isa dipahami wong Yahudi. Dokter mau luwih nyethakké kisah bab marèkké wong lara, mula dhèwèké ora nulis katrangan sing ditulis petugas pajeg utawa mungkin nulis nganggo susunan sing béda. Kanca cedhaké guru mau luwih kerep nandheské bab sipat-sipat lan perasaané guru mau. Wong lanang sing paling enom nulis cathetané luwih singkat. Nanging, kabèh cathetan kuwi bener. Iki nduduhké nèk ngerti kabèh isiné patang buku sing nulis bab uripé Yésus, kita isa luwih paham bab kegiatan, piwulang, lan sipat-sipaté Yésus.

Wong-wong mungkin ana sing nyebut Injil Matius, Injil Markus, Injil Lukas, lan Injil Yohanes. Iki ora salah, merga saben buku kuwi pancèn isiné ”kabar apik bab Yésus Kristus”. (Markus 1:1) Dadi senajan ditulis ing patang buku, sakjané mung ana siji injil utawa kabar apik bab Yésus.

Akèh wong sing sinau Pangandikané Gusti Allah mbandhingké lan nyocogké kedadéan lan rincian ing Injil Matius, Markus, Lukas, lan Yohanes. Kira-kira taun 170 M, penulis saka Siria sing jenengé Tatian nindakké kuwi. Dhèwèké ngakoni nèk patang buku kuwi bener lan asalé saka Gusti Allah. Mula, dhèwèké nyusun kisah bab urip lan pelayanané Yésus ing buku Diatessaron.

Buku Yésus​—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip uga kaya ngono, nanging buku iki luwih bener lan komplit. Kuwi merga kita saiki nduwé pemahaman sing luwih apik bab kelakoné akèh ramalan lan umpama sing diwulangké Yésus. Mula, kita isa luwih paham bab omongan lan tumindaké Yésus, uga urutan kedadéan-kedadéan sing kelakon. Temuan-temuan arkéologis nggawé rincian-rincian lan sudut pandhangé para penulis Injil dadi saya cetha. Pancèn, kita ora ngerti urutan sing pasti saka saben kedadéan ing Injil. Nanging, buku iki nduduhké kuwi nganggo cara sing masuk akal.

DALAN, SING BENER, SING MARAHI URIP

Wektu panjenengan maca buku iki, pikirna piwulangé kanggo panjenengan lan wong sing panjenengan tresnani. Élinga apa sing Yésus Kristus omongké marang rasul Tomas, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.”​—Yohanes 14:⁠6.

Buku Yésus​—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip bakal mbantu panjenengan kanggo ngajèni tugasé Yésus dadi ”dalan”. Kita isa ndonga marang Yéhuwah mung liwat Yésus. Kita uga isa rukun karo Gusti Allah merga Yésus. (Yohanes 16:23; Roma 5:​8) Mula, mung liwat Yésus, kita isa nduwé hubungan sing cedhak karo Gusti Allah.

Yésus kuwi ”sing bener”. Yésus mesthi ngomongké sing bener lan uripé cocog karo wulangan sing bener. Yésus nggenepi akèh ramalan. Akèh ramalan kuwi dadi ” ’ya’ liwat dhèwèké”. (2 Korintus 1:​20; Yohanes 1:​14) Ramalan-ramalan kuwi mbantu kita paham nèk Yésus nduwé tugas sing penting kanggo nindakké kersané Gusti Allah.​—Wahyu 19:10.

Yésus uga ”sing marahi urip”. Yésus masrahké uripé sing sampurna kanggo dadi tebusan lan nggawé kita isa éntuk ”urip sing saktenané”, yaiku ”urip langgeng”. (1 Timotius 6:​12, 19; Éfésus 1:7; 1 Yohanes 1:⁠7) Yésus uga dadi ”sing marahi urip” jutaan wong sing wis mati, merga Yésus bakal nguripké manèh wong-wong kuwi kanggo urip saklawasé ing Firdaus.​—Yohanes 5:​28, 29.

Kita kabèh kudu paham lan ngajèni tugasé Yésus kanggo nindakké kersané Gusti Allah. Muga-muga panjenengan seneng sinau luwih akèh bab Yésus, sing dadi ”dalan, sing bener, sing marahi urip”.