Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 12

Yésus Dibaptis

Yésus Dibaptis

MATIUS 3:13-17 MARKUS 1:9-11 LUKAS 3:21, 22 YOHANES 1:32-34

  • YÉSUS DIBAPTIS LAN DILANTIK NGANGGO ROH SUCI

  • YÉHUWAH MARINGI KESAKSIAN NÈK YÉSUS KUWI PUTRANÉ

Kira-kira enem sasi sakwisé Yohanes Pembaptis mulai nindakké gawéan martakké, Yésus sing saiki umuré kira-kira 30 taun nemoni Yohanes ing Kali Yordan. Yésus teka ora mung takon kabar utawa péngin ndelok kemajuan kegiatané Yohanes, nanging Yésus péngin supaya Yohanes mbaptis dhèwèké.

Wis mesthi Yohanes nolak, kandhané, ”Aku sing kuduné panjenengan baptis, ngapa kok malah panjenengan sing marani aku?” (Matius 3:14) Yohanes ngerti nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. Kita mesthi éling wektu Yohanes isih ana ing njero wetengé ibuné, dhèwèké kroncalan merga seneng pas Maria sing lagi mbobot Yésus, teka marani Élisabèt. Élisabèt mesthi nyritakké bab kuwi marang Yohanes. Yohanes mesthi ya ngerti bab malaékat Gabrièl sing ngandhani Maria nèk bakal nglairké Yésus, lan bab para malaékat sing teka nemoni para pangon ing wengi wektu Yésus lair.

Yohanes ngerti nèk baptisan sing dhèwèké tindakké kuwi kanggo wong-wong dosa sing mertobat. Nanging, Yésus ora nduwé dosa. Senajan Yohanes nolak, Yésus tetep njaluk lan kandha, ”Wis tindakna waé, merga nganggo cara iki awaké dhéwé nindakké kabèh kersané Gusti Allah.”​—Matius 3:15.

Apa sebabé Yésus kudu dibaptis? Kuwi dudu lambang pertobatan saka dosa-dosané. Nanging, baptisan kuwi nduduhké nèk dhèwèké masrahké uripé kanggo nindakké kersané Bapaké. (Ibrani 10:5-7) Mauné, Yésus kuwi tukang kayu, nanging saiki Yésus bakal mulai nindakké pelayanané ing bumi, sing ditugaské Bapaké ing swarga. Apa Yohanes ngerti nèk bakal ana kedadéan sing nggumunké wektu Yohanes mbaptis Yésus?

Yohanes kandha, ”Gusti Allah sing ngutus aku kanggo mbaptis nganggo banyu ngendika, ’Nèk kowé weruh roh suci mudhun lan tetep ana ing ndhuwuré sawijiné wong, yakuwi wong sing mbaptis nganggo roh suci.’” (Yohanes 1:33) Yohanes pancèn ngarep-arep roh suciné Gusti Allah mudhun ing ndhuwuré salah siji wong sing dhèwèké baptis. Mula, wektu Yésus mentas saka banyu, Yohanes mungkin ora kagèt wektu ndelok ”roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus”.​—Matius 3:16.

Nanging ana manèh sing kedadéan. Ujug-ujug ”langit kebukak”. Iki mungkin tegesé nèk ing wektu kuwi uga, Yésus mulai kèlingan manèh uripé ing swarga. Yésus kèlingan nèk mbiyèn manggon karo Bapaké, yaiku Yéhuwah, dadi makhluk roh ing swarga, lan kèlingan kabèh sing diwulangké Bapaké sakdurungé Yésus teka ing bumi.

Sakliyané kuwi, wektu Yésus dibaptis, ana swara saka swarga sing kandha, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” (Matius 3:17) Swarané sapa kuwi? Mesthi dudu swarané Yésus, merga dhèwèké lagi bareng karo Yohanes. Kuwi swarané Gusti Allah. Mula cetha nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. Yésus dudu Gusti Allah.

Senajan ing bumi dadi manungsa, Yésus tetep putrané Gusti Allah, kaya manungsa kapisan yaiku Adam. Sakwisé nyritakké bab Yésus dibaptis, Lukas nulis, ”Wektu Yésus mulai nginjil, dhèwèké umur 30 taun, miturut pendapaté wong-wong, dhèwèké kuwi, anaké Yusuf, anaké Hèli, . . . anaké Daud, . . . anaké Abraham, . . . anaké Nuh, . . . anaké Adam, anaké Gusti Allah.”​—Lukas 3:23-38.

Kaya Adam, Yésus uga sing disebut ”anaké Gusti Allah”. Wektu dibaptis, Yésus ngerti nèk dhèwèké kuwi Putra rohaniné Gusti Allah sing bakal dadi makhluk roh manèh ing swarga. Mula, Yésus isa mulangké sing bener bab Gusti Allah lan nduduhké carané isa urip langgeng. Saiki, Yésus wis siap kanggo mulai nindakké pelayanané, sing bakal rampung wektu dhèwèké séda dadi kurban kanggo manungsa sing dosa.