Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 15

Yésus Nggawé Mukjijat sing Kapisan

Yésus Nggawé Mukjijat sing Kapisan

YOHANES 2:1-12

  • PÉSTA MANTÈNAN ING KUTHA KANA

  • YÉSUS NGGAWÉ BANYU MALIH DADI ANGGUR

Saiki dina katelu wiwit Natanaèl dadi salah siji muridé Yésus sing sepisanan. Yésus lan sapérangan muridé lunga menyang arah lor, ing wilayah Galiléa, dhaérah asalé Yésus lan murid-muridé. Yésus lan murid-muridé arep lunga menyang kutha Kana, kutha asalé Natanaèl. Kutha Kana kuwi ana ing dhaérah perbukitan sing ora adoh saka Nazarèt, panggonané Yésus digedhèkké. Yésus lan murid-muridé diundang ing pésta mantènan ing kutha Kana.

Ibuné Yésus yaiku Maria uga teka ing pésta mantènan kuwi. Maria kayané mèlu mbantu nglayani para tamu merga dhèwèké kanca saka keluarga sing dadi mantèn. Mula, dhèwèké langsung ngerti wektu ana barang sing entèk. Maria ngandhani Yésus, ”Wong-wong iki kentèkan anggur.”​—Yohanes 2:3.

Saka omongané, sakjané Maria ngongkon Yésus supaya tumindak. Nanging Yésus njawab, ”Bu, apa kuwi urusané awaké dhéwé?” (Yohanes 2:4) Yésus kuwi Raja sing dilantik Gusti Allah, mula sing dituruti Yésus kuwi préntahé Bapaké ing swarga, dudu préntahé keluargané utawa kancané. Maria kanthi wicaksana masrahké masalah kuwi marang putrané, dhèwèké kandha marang para pelayan, ”Tindakna waé apa sing dhèwèké omongké.”​—Yohanes 2:5.

Ing kono ana enem genthong banyu saka watu, sing saben genthong isa nampung luwih saka 40 liter banyu. Yésus ngongkon para pelayan, ”Isinen genthong-genthong kuwi nganggo banyu.” Banjur Yésus kandha, ”Saiki, isiné jupuken sithik lan wènèhna marang ketua pésta.”​—Yohanes 2:7, 8.

Ketua pésta nggumun karo mutuné anggur kuwi, nanging ora ngerti nèk kuwi hasil saka mukjijat. Dhèwèké nyeluk mantèn lanang lan kandha, ”Wong-wong biasané nyuguhké dhisik anggur sing apik, banjur nèk wis padha mabuk, sing kurang apik lagi disuguhké. Nanging kowé nyimpen anggur sing apik nganti saiki.”​—Yohanes 2:10.

Iki mukjijaté Yésus sing kapisan. Wektu murid-muridé sing isih anyar kuwi ndelok mukjijat iki, imané dadi saya kuwat. Sakwisé kuwi, Yésus, ibuné, lan adhi-adhi tiriné Yésus lunga menyang kutha Kapernaum ing pesisir barat-laut saka Laut Galiléa.