Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

Yésus Ngundang Wong-Wong Dadi Muridé

Yésus Ngundang Wong-Wong Dadi Muridé

YOHANES 1:29-51

  • MURID-MURIDÉ YÉSUS SING SEPISANAN

Sakwisé 40 dina ing padhang belantara, Yésus nemoni manèh Yohanes Pembaptis. Pas Yésus mara nyedhak, Yohanes nunjuk ing arah Yésus lan ngandhani wong-wong sing ana ing kono, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah, sing ngilangi dosané donya! Dhèwèké kuwi wong sing tak maksudké wektu aku kandha, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’” (Yohanes 1:29, 30) Senajan umuré luwih tuwa sithik ketimbang Yésus, Yohanes ngerti nèk sakdurungé dhèwèké lair, Yésus wis urip dadi makhluk roh ing swarga.

Pirang-pirang minggu sakdurungé, wektu Yésus marani Yohanes kanggo dibaptis, Yohanes kayané ora yakin nèk Yésus kuwi Mèsias. Dhèwèké ngakoni, ”Mauné aku ora ngerti sapa dhèwèké, nanging aku mbaptis nganggo banyu supaya Israèl isa ngerti bab dhèwèké.”​—Yohanes 1:31.

Yohanes banjur nyritakké kedadéan wektu mbaptis Yésus, ”Aku weruh roh suci sing kaya manuk dara, mudhun saka langit, lan tetep ana ing ndhuwuré wong kuwi. Mauné aku ora ngerti sapa dhèwèké, nanging Gusti Allah sing ngutus aku kanggo mbaptis nganggo banyu ngendika, ’Nèk kowé weruh roh suci mudhun lan tetep ana ing ndhuwuré sawijiné wong, yakuwi wong sing mbaptis nganggo roh suci.’ Aku wis ndelok dhéwé lan aku wis mènèhi kesaksian nèk dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah.”​—Yohanes 1:32-34.

Ing dina sakbanjuré, Yésus nemoni Yohanes manèh sing lagi karo loro muridé. Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah!” (Yohanes 1:36) Wektu krungu kuwi, loro muridé Yohanes mau banjur ngetutké Yésus, salah sijiné jenengé Andréas. Murid sing sijiné manèh jenengé Yohanes, wong sing nyathet kisah iki. Dhèwèké kayané sepupuné Yésus, anaké Salomé. Salomé kuwi mungkin adhiné Maria, lan bojoné Salomé jenengé Zébédéus.

Wektu Yésus nolèh lan ndelok Andréas uga Yohanes ngetutké dhèwèké, Yésus takon, ”Kowé arep ngapa?”

Wong loro kuwi njawab, ”Rabi, panjenengan manggon ing ngendi?”

Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin ngerti, ayo mèlu aku.”​—Yohanes 1:37-39.

Wektu kuwi kira-kira jam papat soré, lan Andréas uga Yohanes terus bareng karo Yésus ing dina kuwi. Andréas seneng banget, mula dhèwèké nemoni seduluré sing jenengé Simon, sing uga disebut Pétrus, lan kandha, ”Aku wis ketemu Mèsias.” (Yohanes 1:41) Andréas ngenalké Pétrus marang Yésus. Kayané Yohanes uga ngejak seduluré sing jenengé Yakobus kanggo nemoni Yésus. Nanging, Yohanes ora nyritakké bab iki ing tulisané.

Ing dina sakbanjuré, Yésus nemoni Filipus sing asalé saka Bètsaida. Bètsaida kuwi ana ing cedhaké pesisir sisih lor Laut Galiléa, lan kuwi kutha asalé Andréas lan Pétrus. Yésus ngundang Filipus, ”Dadia muridku.”​—Yohanes 1:43.

Filipus banjur nemoni Natanaèl, sing uga disebut Bartoloméus, lan kandha, ”Aku wis ketemu karo wong sing dikandhakké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi. Dhèwèké kuwi Yésus, anaké Yusuf, saka Nazarèt.” Merga ora yakin, Natanaèl kandha, ”Apa ana bab sing apik teka saka Nazarèt?”

Filipus njawab, ”Ayo deloken dhéwé.” Wektu weruh Natanaèl mara nyedhak, Yésus kandha, ”Deloken, dhèwèké kuwi wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.”

Natanaèl takon, ”Piyé carané panjenengan isa kenal aku?”

Yésus njawab, ”Sakdurungé Filipus nyeluk kowé, wektu kowé ana ing ngisor wit ara, aku wis ndelok kowé.”

Merga nggumun, Natanaèl kandha, ”Rabi, panjenengan Putrané Gusti Allah. Panjenengan Raja Israèl.”

Yésus kandha, ”Kowé percaya merga aku kandha nèk aku ndelok kowé ing ngisor wit ara? Kowé bakal ndelok bab-bab sing luwih nggumunké manèh.” Banjur Yésus janji, ”Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal ndelok langit kebukak lan malaékat-malaékaté Gusti Allah munggah lan mudhun marang Putrané manungsa.”​—Yohanes 1:45-51.

Ora suwé sakwisé kuwi, Yésus lan murid-muridé sing anyar ninggalké Lembah Yordan lan lunga menyang Galiléa.