Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 17

Yésus Mulang Nikodémus ing Wayah Wengi

Yésus Mulang Nikodémus ing Wayah Wengi

YOHANES 2:23–3:21

  • YÉSUS REMBUGAN KARO NIKODÉMUS

  • APA TEGESÉ ”DILAIRKÉ MANÈH”

Wektu ana ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah taun 30 M, Yésus nggawé akèh mukjijat lan akèh wong dadi nduwé iman marang Yésus. Salah sijiné kuwi Nikodémus, yaiku wong Farisi lan anggota mahkamah agung Yahudi utawa Sanhèdrin. Merga péngin ngerti luwih akèh, Nikodémus nemoni Yésus ing wayah wengi, mungkin merga wedi. Nèk nganti konangan para pemimpin Yahudi, réputasiné isa rusak.

Nikodémus kandha, ”Rabi, aku kabèh ngerti nèk panjenengan diutus Gusti Allah dadi guru, merga ora ana wong sing isa nggawé mukjijat kaya panjenengan, kejaba Gusti Allah maringi kuwasa marang wong kuwi.” Yésus ngandhani Nikodémus nèk wong péngin mlebu Kratoné Allah, wong kuwi kudu ”dilairké manèh”.​—Yohanes 3:2, 3.

Nanging, piyé carané wong isa dilairké manèh? Nikodémus takon, ”Dhèwèké ora isa mlebu ing rahimé ibuné lan dilairké manèh, ta?”​—Yohanes 3:4.

Dudu kuwi maksudé dilairké manèh. Yésus njelaské, ”Nèk wong kuwi ora dilairké saka banyu lan roh suci, dhèwèké ora isa mlebu ing Kratoné Allah.” (Yohanes 3:5) Sakwisé dibaptis lan roh suci mudhun ing ndhuwuré Yésus, Yésus dilairké ”saka banyu lan roh suci”. Ing wektu kuwi uga, ana swara saka swarga sing kandha, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” (Matius 3:16, 17) Nganggo cara iki, Gusti Allah ngumumké nèk Yésus kuwi putra rohaniné sing bakal mlebu ing Kraton swarga. Banjur, pas Péntakosta 33 M, roh suci disokké marang wong-wong sing wis dibaptis, lan wong-wong kuwi dadi putra-putrané Gusti Allah sing dilairké roh.​—Kisah 2:1-4.

Nikodémus ora ngerti wulangané Yésus marang dhèwèké bab Kraton. Mula, Yésus mènèhi katrangan luwih akèh bab tugasé sing istiméwa dadi Putrané Gusti Allah ing bumi. Yésus kandha, ”Kaya Musa ngangkat ula ing cagak wektu ing padhang belantara, semono uga Putrané manungsa kudu diangkat, supaya saben wong sing percaya marang dhèwèké isa éntuk urip saklawasé.”​—Yohanes 3:14, 15.

Mbiyèn, wong Israèl sing dicokot ula, kudu mandeng ula tembaga sing digawé Musa supaya tetep urip. (Wilangan 21:9) Semono uga, kabèh manungsa kudu nduduhké iman marang Putrané Gusti Allah bèn isa dibébaské saka dosa lan pati sarta nampa urip saklawasé. Kanggo nduduhké nèk iki bukti katresnané Yéhuwah, Yésus ngandhani Nikodémus, ”Gusti Allah tresna banget marang donya iki nganti maringké Putra siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé.” (Yohanes 3:16) Dadi, kira-kira enem sasi sakwisé pelayanané diwiwiti, Yésus nduduhké kanthi cetha nèk dhèwèké kuwi juru slameté manungsa.

Yésus ngandhani Nikodémus, ”Gusti Allah ngutus Putrané menyang donya dudu kanggo ngadili donya.” Iki tegesé Yésus diutus ora kanggo mènèhi hukuman mati kanggo manungsa. Nanging, kaya sing dikandhakké Yésus, dhèwèké diutus ”supaya donya dislametké liwat [dhèwèké].”​—Yohanes 3:17.

Élinga, nèk Nikodémus nemoni Yésus ing wayah wengi merga wedi. Mula, Yésus mungkasi omongané kanthi kandha, ”Wong-wong kuwi diadili merga alesan iki: pepadhang [sing diduduhké Yésus liwat uripé lan wulangané] kuwi wis teka ing donya, nanging wong-wong luwih nresnani pepeteng ketimbang pepadhang, merga wong-wong kuwi tumindak jahat. Saben wong sing nindakké perkara-perkara sing ala gething karo pepadhang, lan dhèwèké ora marani pepadhang supaya tumindaké ora konangan. Nanging saben wong sing nindakké apa sing bener marani pepadhang kuwi, supaya kétok nèk tumindaké cocog karo kersané Gusti Allah.”​—Yohanes 3:19-21.

Yésus wis mulang bab tugasé kanggo nindakké kersané Gusti Allah. Saiki, Nikodémus dhéwé sing kudu mutuské apa sing kudu dhèwèké tindakké.