Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 55

Omongané Yésus Ora Isa Ditampa Akèh Wong

Omongané Yésus Ora Isa Ditampa Akèh Wong

YOHANES 6:48-71

  • MANGAN DAGING LAN GETIHÉ YÉSUS

  • AKÈH WONG DADI KÉLANGAN IMAN LAN ORA NGETUTKÉ YÉSUS MANÈH

Ing sinagogé ing Kapernaum, Yésus mulang nèk dhèwèké kuwi roti sejati saka swarga. Omongan kuwi kétoké neruské omongané Yésus marang wong-wong sing teka saka sisih wétan Laut Galiléa, sing diwènèhi mangan nganggo roti lan iwak.

Yésus neruské rembugané, ”Para leluhurmu mangan manna ing padhang belantara, lan akiré tetep mati.” Sewaliké, Yésus nerangké, ”Aku iki roti sing mènèhi urip, sing mudhun saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. Sakjané, roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya donya iki nampa urip.”​—Yohanes 6:48-51.

Ing musim semi taun 30 M, Yésus ngandhani Nikodémus nèk Gusti Allah nresnani donya nganti maringké Putrané kanggo dadi Juru Slamet. Saiki, Yésus nandheské nèk wong perlu mangan dagingé nganggo cara nduduhké iman marang kurban sing bakal Yésus wènèhké. Kuwi cara bèn isa nampa urip saklawasé.

Nanging wong-wong padha ora setuju karo omongané Yésus lan takon, ”Kok isa wong iki mènèhké dagingé kanggo dipangan awaké dhéwé?” (Yohanes 6:52) Yésus péngin wong-wong kuwi paham nèk sing Yésus maksudké kuwi dudu tenanan, nanging lambang. Kuwi kétok saka omongané sakbanjuré.

”Nèk kowé ora mangan dagingé Putrané manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip. Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal éntuk urip saklawasé . . . Dagingku kuwi panganan sing sejati lan getihku kuwi ombèn sing sejati. Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal tetep dadi siji karo aku.”​—Yohanes 6:53-56.

Bayangna, wong-wong Yahudi mesthi ora seneng! Wong-wong kuwi mungkin mikir nèk Yésus bener-bener ngongkon wong-wong kuwi mangan dagingé Yésus utawa nglanggar hukumé Gusti Allah kanthi cara ngombé getih. (Purwaning Dumadi 9:4; Kaimaman 17:10, 11) Nanging dudu kuwi maksudé Yésus. Yésus nduduhké nèk kabèh wong sing péngin urip saklawasé kudu nduduhké iman marang kurban sing bakal Yésus wènèhké yaiku badané sing sampurna lan getihé. Nanging, akèh muridé ora paham bab iki. Akèh sing kandha, ”Omongané ora isa ditampa, aku wegah ngrungokké kuwi.”​—Yohanes 6:60.

Merga ngerti nèk ana sing nggrundel, Yésus takon, ”Apa bab iki nggawé kowé kélangan iman? Terus piyé nèk kowé weruh Putrané manungsa munggah menyang panggonan asalé? . . . Bab sing tak omongké marang kowé kuwi asalé saka roh suci lan mènèhi urip. Nanging ing antaramu ana sing ora percaya.” Akèh murid banjur ninggalké Yésus lan ora gelem ngetutké Yésus manèh.​—Yohanes 6:61-64.

Mula Yésus takon marang 12 rasulé, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” Pétrus njawab, ”Gusti, aku kudu lunga marang sapa? Omongané panjenengan ngasilké urip saklawasé. Aku kabèh wis percaya lan ngerti nèk panjenengan kuwi Sing Suci saka Gusti Allah.” (Yohanes 6:67-69) Kuwi nduduhké nèk para rasul setya senajan durung pati paham karo piwulangé Yésus iki.

Yésus seneng karo jawabané Pétrus, nanging Yésus kandha, ”Aku sing milih kowé wong 12 iki, ta? Nanging salah siji saka antaramu kuwi tukang mitenah.” (Yohanes 6:70) Sing dimaksud Yésus kuwi Yudas Iskariot. Wektu kuwi, Yésus isa waé wis nggatèkké nèk Yudas mulai nindakké pepénginan sing salah.

Nanging, Yésus mesthi seneng banget merga Pétrus lan rasul-rasul liyané terus ngetutké Yésus lan nindakké gawéan sing nylametké urip.