Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 31

Methik Wohé Gandum Pas Dina Sabat

Methik Wohé Gandum Pas Dina Sabat

MATIUS 12:1-8 MARKUS 2:23-28 LUKAS 6:1-5

  • PARA MURID METHIK WOHÉ GANDUM PAS DINA SABAT

  • YÉSUS KUWI ”GUSTINÉ DINA SABAT”

Yésus lan para muridé lagi perjalanan menyang arah lor ing Galiléa. Saiki musim semi, lan ladhang-ladhang kebak karo gandum. Merga luwé, para murid methik wohé gandum banjur dipangan. Nanging dina kuwi dina Sabat, lan wong Farisi weruh apa sing ditindakké para muridé Yésus.

Ora suwé sakdurungé, wong Yahudi ing Yérusalèm arep matèni Yésus merga Yésus ditudhuh nglanggar dina Sabat. Saiki, wong Farisi nudhuh nganggo dhasar tumindaké murid-muridé Yésus, kandhané, ”Deloken kuwi, murid-muridmu nindakké apa sing miturut hukum ora éntuk ditindakké pas dina Sabat.”​—Matius 12:2.

Miturut wong Farisi, methik lan nggosok-nggosokké woh gandum ing tangan kanggo dipangan kuwi padha kaya manèn lan napèni. (Pangentasan 34:21) Penafsirané wong Farisi sing kaku bab aturan Sabat kuwi nggawé dina Sabat dadi beban, padahal sakjané kuwi dina sing nyenengké lan isa nguwatké ing bab rohani. Kanggo ngorèksi pandhangan sing klèru kuwi, Yésus nggunakké conto sing nduduhké nèk Yéhuwah ora péngin hukumé bab dina Sabat malah dadi beban kanggo umaté.

Conto sing kapisan yaiku bab Daud lan anak buahé. Wektu padha luwé, Daud lan anak buahé lunga menyang tabernakel lan mangan roti persembahan. Roti-roti kuwi bar dijupuk saka ngarsané Yéhuwah lan arep diganti karo sing anyar. Roti-roti kuwi sakjané mung éntuk dipangan para imam. Nanging merga kahanan, Daud lan anak buahé ora dihukum wektu mangan roti kuwi.​—Kaimaman 24:5-9; 1 Samuèl 21:1-6.

Yésus mènèhi conto sing kapindho, ”Apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk pas dina Sabat, para imam tetep kerja ing bait, nanging tetep dianggep ora salah?” Maksudé Yésus yaiku, senajan dina Sabat, para imam tetep mbelèh kéwan kanggo kurban lan nindakké gawéan liya ing bait. Yésus banjur kandha, ”Ing kéné ana wong sing luwih penting ketimbang bait.”​—Matius 12:5, 6; Wilangan 28:9.

Yésus nyuplik manèh ayat-ayat ing Kitab Suci, ”Nèk kowé isa ngerti tegesé ukara iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban,’ mesthiné kowé ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah.” Yésus nyimpulké, ”Merga Putrané manungsa kuwi Gustiné dina Sabat.” Yésus lagi ngomongké bab dhèwèké sing dadi Raja suwéné sèwu taun ing Kratoné Allah.​—Matius 12:7, 8; Hoséa 6:6.

Wiwit mbiyèn, manungsa wis ngalami sengsara merga akèh kasusahan ing donya sing dikuwasani Sétan. Nanging wektu Sabat istiméwa, yaiku wektu Kristus mréntah, bumi bakal ayem tentrem, lan kita kabèh bakal ngaso saka kabèh kasusahan.