Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 53

Panguwasa sing Isa Ngendhalèni Angin lan Laut

Panguwasa sing Isa Ngendhalèni Angin lan Laut

MATIUS 14:22-36 MARKUS 6:45-56 YOHANES 6:14-25

  • WONG-WONG PÉNGIN NDADÈKKÉ YÉSUS RAJA

  • YÉSUS MLAKU ING NDHUWURÉ BANYU LAN NGENDHEGKÉ ANGIN GEDHÉ

Akèh wong mesthi nggumun merga Yésus nggawé mukjijat mènèhi mangan éwonan wong. Wong-wong kuwi nyimpulké nèk Yésus ”bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka ing donya”, yaiku Mèsias, lan bakal dadi panguwasa sing apik. (Yohanes 6:14; Pangandharing Torèt 18:18) Mula, wong-wong kuwi péngin ndadèkké Yésus raja.

Nanging, Yésus ngerti rencanané wong-wong kuwi. Mula, Yésus mbubarké kumpulan wong kuwi lan ngongkon para muridé numpak prau. Para murid lunga menyang arah Bètsaida banjur menyang Kapernaum, nanging Yésus munggah gunung kanggo ndonga dhèwèkan wengi kuwi.

Karo dipadhangi sinar rembulan, Yésus ngamati prauné para muridé saka kadohan. Ombak ing laut saya gedhé merga anginé banter, lan para rasul ”ngupaya ndhayung prauné merga nglawan angin”. (Markus 6:48) Wektu kuwi, para murid wis ”ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter”. (Yohanes 6:19) Yésus banjur mudhun saka gunung, lan mlaku ing ndhuwuré ombak arep marani para muridé. Wektu weruh Yésus mlaku kaya-kaya arep ngliwati, para murid dadi kewedèn lan mbengok, ”Ana sing lagi mlaku!”​—Markus 6:49.

Yésus banjur kandha, ”Kuwatna atimu! Aja wedi, iki aku.” Nanging Pétrus kandha, ”Gusti, nèk pancèn kuwi panjenengan, kongkonen aku mlaku ing ndhuwur banyu laut marani panjenengan.” Yésus njawab, ”Mrénéa!” Pétrus banjur mudhun saka prau lan mlaku ing ndhuwuré banyu marani Yésus. Nanging wektu nggatèkké angin gedhé, Pétrus dadi wedi lan mulai kleleb. Pétrus mbengok, ”Gusti, tulungana aku!” Yésus langsung ngulungké tangané lan nyekel Pétrus, terus kandha, ”Kowé sing imané cilik, apa sebabé kowé nyerah lan dadi ragu-ragu?”​—Matius 14:27-31.

Pétrus lan Yésus banjur munggah ing prau, lan angin gedhé kuwi mandheg. Para murid dadi nggumun. Sakjané, pirang-pirang jam sakdurungé para murid bar ndelok mukjijaté Yésus mènèhi mangan éwonan wong. Nèk ”ngerti tegesé mukjijat roti mau”, kuduné para murid ora perlu nggumun weruh Yésus isa mlaku ing ndhuwuré banyu lan ngendhegké angin gedhé. Para murid banjur sujud marang Yésus lan kandha, ”Panjenengan pancèn Putrané Gusti Allah.”​—Markus 6:52; Matius 14:33.

Ora let suwé, Yésus lan para muridé tekan ing dhaérah sing éndah uga subur ing Génésarèt, sisih kidulé Kapernaum, lan ninggal prauné ing kono. Wong-wong langsung nitèni Yésus. Akèh wong lara saka dhaérah mau lan sakiwa-tengené digawa marang Yésus. Wektu ndemèk pucuk klambi njabané Yésus, wong-wong sing lara kuwi dadi mari.

Sakwisé kuwi, kumpulan wong sing ndelok Yésus mènèhi mangan éwonan wong, akiré ngerti nèk Yésus wis lunga. Mula, wektu ana prau-prau cilik saka Tibérias teka, wong-wong kuwi langsung munggah ing prau lan lunga menyang Kapernaum kanggo nggolèki Yésus. Wektu ketemu Yésus, wong-wong kuwi takon, ”Rabi, kapan panjenengan tekan kéné?” (Yohanes 6:25) Yésus banjur ngelokké wong-wong kuwi. Apa sebabé? Kita bakal ngrembug kuwi ing bab sakbanjuré.