Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 41

Mukjijaté Yésus​—⁠Nganggo Kuwasané Sapa?

Mukjijaté Yésus​—⁠Nganggo Kuwasané Sapa?

MATIUS 12:22-32 MARKUS 3:19-30 LUKAS 8:1-3

  • PERJALANAN NGINJILÉ YÉSUS SING KAPINDHO DIWIWITI

  • YÉSUS NGUSIR ROH-ROH JAHAT

  • DOSA SING ORA BAKAL DIAPURA

Ora suwé sakwisé mulang bab pangapura ing omahé wong Farisi sing jenengé Simon, Yésus miwiti perjalanan nginjilé sing kapindho ing Galiléa. Iki taun kapindho Yésus nindakké pelayanané, lan Yésus ora dhèwèkan. Rolas rasul, lan wong-wong wadon sing wis ”dibébaské saka roh-roh jahat lan dimarèkké saka penyakité” uga ngancani Yésus. (Lukas 8:2) Wong-wong wadon kuwi klebu Maria Magdaléna, Susana, lan Yohana bojoné pengurus istanané Raja Hérodès Antipas.

Saya akèh wong ngerti bab Yésus, nanging ora kabèh wong seneng karo Yésus. Iki kétok wektu Yésus marèkké wong lanang sing wuta lan bisu merga kesurupan roh jahat. Sakwisé wong lanang kuwi isa ndelok lan ngomong manèh, wong-wong padha nggumun lan kandha bab Yésus, ”Wong kuwi mungkin Putrané Daud.”​—Matius 12:23.

Akèh wong banjur padha teka menyang panggonané Yésus, nganti Yésus lan murid-muridé ora kober maem. Nanging, ora kabèh wong kuwi mikir nèk Yésus ”Putrané Daud” sing dijanjèkké. Sapérangan ahli Taurat lan wong Farisi teka saka Yérusalèm, nanging dudu kanggo ngrungokké utawa ndhukung Yésus. Wong-wong kuwi ngandhani wong akèh mau nèk Yésus ”kesurupan Béèlzebul” lan apa sing ditindakké ”dibantu panguwasané roh-roh jahat”. (Markus 3:22) Wektu krungu kedadéan kuwi, keluargané Yésus teka kanggo nggawa Yésus lunga. Apa alesané?

Wektu kuwi adhi-adhiné Yésus durung percaya nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. (Yohanes 7:5) Yésus sing jaréné nyebabké gègèran kuwi ora kaya Yésus sing adhi-adhiné kenal wiwit cilik ing Nazarèt. Kuwi sebabé adhi-adhiné Yésus kandha, ”Dhèwèké wis ora waras.”​—Markus 3:21.

Nanging nyatané, Yésus pancèn marèkké wong lanang sing kesurupan mau. Ora ana sing isa mbantah bab kuwi. Mula, para ahli Taurat lan wong Farisi mitenah Yésus nganggo tudhuhan palsu, kandhané, ”Wong iki ora bakal isa ngusir roh jahat kejaba dhèwèké diéwangi Béèlzebul, panguwasané roh-roh jahat.”​—Matius 12:24.

Yésus ngerti apa sing dipikirké para ahli Taurat lan wong-wong Farisi, mula Yésus kandha, ”Saben pamréntahan sing rakyaté padha padu mesthi bakal bubar, lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal bubrah. Semono uga, nèk Sétan ngusir Sétan, dhèwèké bakal bubrah. Piyé pamréntahané bakal terus ana?”​—Matius 12:25, 26.

Penjelasan sing bener-bener masuk akal. Wong Farisi ngerti nèk ana wong-wong Yahudi sing isa ngusir roh jahat. (Kisah 19:13) Mula Yésus takon, ”Nèk umpama aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi Béèlzebul, terus murid-muridmu sing ngusir roh jahat kuwi diéwangi sapa?” Dadi, sakjané tudhuhané wong Farisi kuwi ya kanggo wong-wong kuwi dhéwé. Yésus nerangké manèh, ”Nèk aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi tegesé kowé ora ngerti nèk sakjané Kratoné Allah wis teka.”​—Matius 12:27, 28.

Yésus ngusir roh jahat kuwi bukti nèk Yésus luwih kuwasa ketimbang Sétan. Mula Yésus mènèhi umpama, ”Piyé wong isa mlebu omahé wong lanang sing kuwat lan ngrampog bandhané, nèk ora nalèni dhisik wong kuwat kuwi? Sakwisé nalèni, dhèwèké lagi isa njarah omahé. Sapa waé sing ora mihak aku, kuwi tegesé nglawan aku, lan sapa waé sing ora mèlu aku nglumpukké wong-wong, kuwi tegesé mbuyarké.” (Matius 12:29, 30) Para ahli Taurat lan wong Farisi bener-bener nglawan Yésus. Kuwi bukti nèk wong-wong kuwi balané Sétan. Para ahli Taurat lan wong Farisi ngedohké wong-wong saka Putrané Gusti Allah, sing éntuk kuwasa saka Yéhuwah.

Yésus ngélikké wong-wong jahat kuwi, ”Kabèh sing ditindakké manungsa bakal diapura, klebu kabèh dosané lan omongané sing ngrèmèhké. Nanging, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. Kuwi dosa sing langgeng.” (Markus 3:28, 29) Yésus ngusir roh jahat nganggo roh suciné Gusti Allah, nanging wong-wong kuwi kandha nèk Yésus nindakké kuwi nganggo kuwasané Sétan. Mula, wong-wong kuwi sakjané ngrèmèhké roh suciné Gusti Allah.