Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 62

Piwulang Penting bab Sipat Andhap Asor

Piwulang Penting bab Sipat Andhap Asor

MATIUS 17:22–18:5 MARKUS 9:30-37 LUKAS 9:43-48

  • YÉSUS NGRAMALKÉ MANÈH BAB SÉDANÉ

  • YÉSUS MBAYAR PAJEG NGANGGO DHUWIT RÈCÈH SAKA CANGKEMÉ IWAK

  • SAPA SING PALING UTAMA ING KRATON SWARGA?

Sakwisé ngalami transfigurasi lan marèkké cah lanang sing kesurupan ing Kaisaréa Filipi, Yésus lunga menyang Kapernaum. Yésus lungané meneng-meneng, mung karo para muridé waé, supaya akèh wong ora ”ngerti bab kuwi”. (Markus 9:30) Iki nggawé Yésus nduwé luwih akèh kesempatan kanggo nyiapké murid-muridé bab sédané lan gawéan sing kudu ditindakké murid-muridé. Yésus kandha, ”Putrané manungsa bakal diserahké menyang tangané manungsa, lan bakal dipatèni. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”​—Matius 17:22, 23.

Kuduné murid-murid ora kagèt bab iki. Yésus wis tau ngomong sakdurungé nèk dhèwèké bakal dipatèni, senajan Pétrus ora percaya kuwi bakal kelakon. (Matius 16:21, 22) Telu rasul uga wis ndelok wektu Yésus ditransfigurasi lan krungu omong-omongan bab ”lungané Yésus”. (Lukas 9:31) Saiki para muridé ”dadi sedhih banget”, senajan ora paham kabèh maksud omongané Yésus mau. (Matius 17:23) Nanging, para murid ora wani takon marang Yésus.

Yésus lan para muridé akiré tekan ing Kapernaum, yaiku kutha sing kerep dinggo nginep Yésus, lan kutha asalé sapérangan rasul. Ing kana, ana para petugas pajeg bait sing marani Pétrus. Mungkin kanggo nggolèk-nggolèk kesalahané Yésus bab mbayar pajeg, wong-wong kuwi takon, ”Apa gurumu mbayar pajeg [bait] rong drakhma?”​—Matius 17:24.

Pétrus njawab, ”Iya.” Wektu Pétrus mlebu ing omah, Yésus ngerti apa sing lagi waé kedadéan. Mula, ketimbang nunggu Pétrus njelaské masalahé, Yésus takon, ”Simon, nèk miturutmu, sapa sing kudu mbayar béa utawa pajeg marang para raja ing donya iki? Anak-anaké utawa wong-wong liya?” Pétrus njawab, ”Wong liya.” Yésus banjur kandha, ”Dadi, sakjané anak-anaké bébas pajeg.”​—Matius 17:25, 26.

Bapaké Yésus kuwi Rajané jagat sak isiné lan Pribadi sing disembah ing bait. Mula, Putrané Gusti Allah ora wajib mbayar pajeg bait. ”Nanging supaya awaké dhéwé ora nyebabké masalah,” kandhané Yésus, ”lungaa menyang laut, lan mancinga. Iwak sing kena dhisik dhéwé kuwi cekelen. Pas kowé mbukak cangkemé, kowé bakal nemokké dhuwit rècèh pérak siji [koin stater, utawa tetradrakhma]. Jupuken lan bayaren pajeg kanggo aku lan kowé.”​—Matius 17:27.

Ora let suwé para rasul padha ngumpul, lan wong-wong kuwi takon marang Yésus bab sapa sing paling utama ing Kraton swarga. Wong-wong kuwi wedi takon marang Yésus bab sédané sing bakal kelakon, nanging wani takon bab uripé para rasul sukmbèn. Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Iki uga sing dadi bebantahané para rasul saksuwéné perjalanan bali menyang Kapernaum. Mula Yésus takon, ”Kowé mau pas ing dalan padha padu bab apa?” (Markus 9:33) Merga isin, para murid meneng waé, sebab wong-wong kuwi padha padu bab sapa sing paling utama ing antarané para murid. Akiré, para rasul takon, ”Sapa sakjané sing paling utama ing Kraton swarga?”​—Matius 18:1.

Kayané ora masuk akal nèk para murid isih udur-uduran bab kaya ngono, merga wong-wong kuwi wis mèh telung taun nggatèkké lan ngrungokké Yésus. Nanging, wong-wong kuwi ora sampurna. Wong-wong kuwi ya digedhèkké ing lingkungan agama sing ngutamakké jabatan lan kedudukan. Apa manèh Pétrus bar dijanjèni Yésus nèk dhèwèké bakal diwènèhi ”kunci-kunciné Kraton”. Apa mungkin kuwi sing nggawé dhèwèké rumangsa sing paling penting? Yakobus lan Yohanes mungkin ya rumangsa kaya ngono merga wis ndelok langsung wektu Yésus ditransfigurasi.

Apa waé penyebabé, Yésus nduduhké nèk sikap kuwi klèru. Mula Yésus ngundang bocah cilik siji, lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé para murid. Yésus kandha, ”Nèk kowé ora malih lan ora dadi kaya bocah cilik iki, kowé mesthi ora bakal isa mlebu ing Kraton swarga. Mula, sapa waé sing andhap asor kaya bocah cilik iki, wong kuwi sing paling utama ing Kraton swarga. Lan sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku, tegesé uga nampa aku.”​—Matius 18:3-5.

Iki bener-bener cara mulang sing apik banget. Yésus ora nyenèni murid-muridé lan nyebut wong-wong kuwi srakah utawa ambisius. Nanging, Yésus nggunakké conto. Bocah cilik ora nduwé kedudukan utawa jabatan penting babar blas, mula Yésus ya péngin para muridé nduwé pandhangan kaya ngono bab awaké dhéwé. Yésus nyimpulké, ”Wong sing tumindak dadi sing paling cilik ing antarané kowé kabèh, ya dhèwèké kuwi wong sing paling penting.”​—Lukas 9:48.