Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 33

Netepi Ramalané Yésaya

Netepi Ramalané Yésaya

MATIUS 12:15-21 MARKUS 3:7-12

  • AKÈH WONG DHESEK-DHESEKAN KANGGO NDEMÈK YÉSUS

  • YÉSUS NETEPI RAMALANÉ YÉSAYA

Merga ngerti nèk wong Farisi lan pengikuté partai Hérodès nduwé rencana matèni Yésus, Yésus lan para muridé lunga menyang Laut Galiléa. Akèh wong saka Galiléa, Tirus lan Sidon sing ana ing cedhak laut, dhaérah ing sisih wétan Kali Yordan, Yérusalèm, lan Iduméa ing kidul, padha marani Yésus. Yésus marèkké akèh wong. Mula, wong-wong sing lara parah padha dhesek-dhesekan nyedhaki Yésus, ngupaya ndemèk Yésus merga ora sabar nunggu dimarèkké.​—Markus 3:9, 10.

Kumpulan wong kuwi saya akèh, mula Yésus ngongkon murid-muridé nyiapké prau cilik supaya Yésus isa ngedoh saka pantai lan ora kedhesek-dhesek. Saka prau kuwi uga, Yésus isa mulang utawa pindhah menyang dhaérah liyané ing pesisir Laut Galiléa kanggo mbantu luwih akèh wong.

Matius nulis nèk tumindaké Yésus netepi ”apa sing dikandhakké liwat Nabi Yésaya”. (Matius 12:17) Ramalané Yésaya sing endi sing dimaksud Matius?

”Iki abdi-Ku sing Tak pilih, sing Tak tresnani, sing ndadèkké senengé ati-Ku. Aku bakal maringké roh-Ku marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal nduduhké apa kaadilan sejati kuwi marang bangsa-bangsa. Dhèwèké ora bakal padu lan ora bakal bengak-bengok, uga ora ana wong siji-sijia sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama. Suket sing alum ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni, nganti dhèwèké suksès nduduhké kaadilan. Bangsa-bangsa bakal ngarep-arep marang asmané.”​—Matius 12:18-21; Yésaya 42:1-4.

Abdi sing ditresnani Gusti Allah kuwi wis mesthi Yésus. Yésus nduduhké kanthi jelas apa kaadilan sejati, sing wis dirusak karo akèh tradhisi agama palsu. Merga nggawé aturan dhéwé bab Hukumé Gusti Allah, wong Farisi nganti ora gelem mbantu wong lara pas dina Sabat. Yésus mbuktèkké kaadilané Gusti Allah lan nduduhké nèk roh suciné Gusti Allah ana ing dhèwèké, kanthi cara mbébaské wong-wong saka beban abot merga tradhisi sing ora adil. Nanging, para pemimpin agama malah péngin matèni Yésus. Bener-bener tumindak sing jahat!

Apa maksudé ”dhèwèké ora bakal padu lan ora bakal bengak-bengok, uga ora ana wong siji-sijia sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama”? Sakwisé marèkké wong, Yésus ngongkon wong utawa roh jahat supaya ”ora crita bab Yésus”. (Markus 3:12) Yésus ora péngin wong-wong ngerti bab dhèwèké saka kabar sing héboh ing dalan-dalan utama utawa saka critané wong-wong sing durung mesthi bener.

Yésus uga nggawa warta sing nentremké kanggo wong sing ketindhes, sing digambarké kaya suket sing alum. Wong-wong kuwi kaya sumbu sing geniné arep mati, maksudé ora nduwé harapan manèh ing uripé. Yésus ora ngidak-idak suket sing alum, lan ora matèni sumbu sing geniné arep mati. Nanging, kanthi alus lan kebak katresnan, Yésus nggedhèkké atiné wong sing nglokro. Cetha tenan, kabèh bangsa isa nduwé pangarep-arep marang Yésus.