Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 44

Yésus Ngendhegké Angin Gedhé ing Laut

Yésus Ngendhegké Angin Gedhé ing Laut

MATIUS 8:18, 23-27 MARKUS 4:35-41 LUKAS 8:22-25

  • YÉSUS NGENDHEGKÉ ANGIN GEDHÉ ING LAUT GALILÉA

Yésus wis nindakké akèh kegiatan ing dina kuwi lan mesthiné kesel banget. Wektu wis mulai soré, Yésus kandha marang para muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang sebrang,” maksudé ing sebrangé kutha Kapernaum.​—Markus 4:35.

Ing pesisir wétan Laut Galiléa ana dhaérahé wong-wong Gérasa, sing dadi bagéan saka Dékapolis. Kutha-kutha ing Dékapolis kuwi pusat kabudayan Yunani, senajan akèh wong Yahudi uga manggon ing kono.

Lungané Yésus saka Kapernaum kuwi dingertèni wong-wong. Mula, ana prau-prau liyané sing mèlu nyebrang menyang Dékapolis. (Markus 4:36) Kuwi dudu perjalanan sing adoh. Laut Galiléa kuwi danau air tawar sing dawané kira-kira 21 kilomèter lan ambané kira-kira 12 kilomèter, nanging danau kuwi jesro.

Senajan manungsa sing sampurna, Yésus uga ngrasa kesel sakwisé nindakké kegiatan nginjilé. Mula wektu prauné mangkat, Yésus menyang prau bagéan mburi, banjur mapan turu.

Sapérangan rasulé Yésus pancèn trampil ngemudhèni prau, nanging saiki dudu perjalanan sing gampang. Laut Galiléa kuwi diubengi pegunungan lan permukaan banyuné biasané anget. Hawa adhem saka gunung kadhang kala mudhun menyang permukaan banyu sing anget lan kuwi nyebabké angin gedhé ing Laut Galiléa. Ya kuwi sing kedadéan saiki. Ombak terus-terusan nerjang prau kuwi nganti ”prauné dadi kebak banyu lan mèh kleleb”. (Lukas 8:23) Nanging Yésus tetep turu angler.

Para rasul ngupaya tenanan ngendhalèni prauné nggunakké pengalamané mbiyèn wektu ngadhepi angin gedhé. Nanging saiki kahanané béda. Merga kuwatir bab keslametané, wong-wong kuwi nggugah Yésus lan mbengok, ”Gusti, tulung! Awaké dhéwé bakal mati!” (Matius 8:25) Saiki para murid kewedèn bakal kleleb.

Wektu tangi, Yésus kandha marang para rasulé, ”Apa sebabé kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.” (Matius 8:26) Yésus banjur ngongkon angin lan laut, ”Meneng! Mandhega!” (Markus 4:39) Angin gedhé kuwi banjur mandheg lan laut dadi tenang. (Markus lan Lukas uga nulis kedadéan sing nggumunké iki. Nanging, wong loro kuwi nulis nèk Yésus ngendhegké angin gedhé dhisik bar kuwi lagi kandha nèk para rasul kurang iman.)

Bayangna pengaruhé kedadéan iki kanggo para rasul. Wong-wong kuwi ndelok dhéwé nèk laut sing mauné ngamuk merga angin gedhé, isa dadi tenang. Para rasul bener-bener kewedèn, lan kandha marang siji lan sijiné, ”Sapa ta sakjané wong iki? Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.” Wong-wong kuwi akiré tekan ing sebrangé laut kanthi slamet. (Markus 4:41–5:1) Prau-prau liyané mungkin padha bali manèh menyang pesisir kulon.

Kita mesthi lega banget wektu ngerti nèk Putrané Gusti Allah nduwé kuwasa kanggo ngendhegké angin gedhé lan nggawé laut dadi tenang. Sukmbèn, wektu Yésus mréntah dadi Raja ing Kratoné Allah, wong-wong ing bumi ora bakal wedi manèh karo bencana alam, lan isa manggon kanthi aman.