Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 37

Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha

Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha

LUKAS 7:11-17

  • NGURIPKÉ MANÈH WONG MATI ING KUTHA NAIN

Sakwisé marèkké pembantuné perwira Romawi, Yésus ninggalké Kapernaum lan lunga menyang kutha Nain, sing adohé luwih saka 32 kilomèter arah barat-daya. Yésus lunga bareng karo para muridé lan wong akèh. Kayané pas wis soré, wong-wong kuwi tekan ing cedhak gerbang kutha Nain. Ing kono, wong-wong kuwi ketemu karo iring-iringan wong Yahudi sing lagi ngusung mayité cah lanang enom sing arep dikubur ing njaba kutha.

Sing paling sedhih ing antarané wong-wong kuwi yaiku ibuné cah lanang mau. Wong wadon kuwi randha, lan saiki anaké lanang siji-sijiné mati. Wektu bojoné mati, paling ora dhèwèké isih nduwé anak sing ditresnani. Hubungané mesthi ya cedhak banget, lan randha kuwi mesthi ngendelké anaké kanggo terus ngopèni dhèwèké. Nanging, saiki anaké kuwi ya mati. Sapa sing bakal ngancani lan ngopèni dhèwèké?

Yésus ngrasa mesakké karo wong wadon sing sedhih banget iki lan sing saiki wis ora nduwé sapa-sapa manèh. Mula, kanthi alus lan ngyakinké, Yésus kandha, ”Aja nangis manèh.” Banjur, Yésus nyedhak lan ndemèk usungan kuwi. (Lukas 7:13, 14) Merga ndelok tumindaké Yésus iki, wong-wong sing ngusung banjur mandheg. Wong-wong kuwi mesthi padha mikir, ’Ngapa dhèwèké ngomong kaya ngono, lan apa sing bakal dhèwèké tindakké?’

Apa sing uga dipikirké wong-wong sing lunga bareng Yésus? Wong-wong kuwi wis ndelok Yésus nggawé akèh mukjijat lan marèkké akèh penyakit. Nanging, kayané durung tau ndelok Yésus nguripké manèh wong mati. Mbiyèn, nabi-nabi tau nguripké manèh wong mati. Apa saiki Yésus ya bakal nindakké sing padha? (1 Para Raja 17:17-23; 2 Para Raja 4:32-37) Yésus kandha, ”Nak, aku kandha marang kowé, tangia!” (Lukas 7:14) Cah enom kuwi banjur lungguh lan mulai ngomong. Yésus banjur nyerahké cah lanang kuwi marang ibuné, sing kagèt nanging uga bungah banget. Wong wadon kuwi saiki ora dhèwèkan.

Wektu ndelok cah lanang enom mau bener-bener urip, wong-wong kuwi padha nggumun lan ngluhurké Sing Maringi Urip, yaiku Yéhuwah, kandhané, ”Ana nabi sing agung ing antarané kita.” Ana uga sing kandha, ”Gusti Allah wis nggatèkké umaté.” (Lukas 7:16) Kabar bab mukjijaté Yésus iki cepet nyebar ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi, lan kayané nganti tekan Nazarèt, kutha asalé Yésus, sing adohé kira-kira sepuluh kilomèter saka kono. Kabar iki uga malah tekan Yudéa ing kidul.

Wektu kuwi, Yohanes Pembaptis isih dipenjara. Murid-muridé Yohanes nyritakké marang Yohanes bab akèh mukjijat sing ditindakké Yésus. Yohanes péngin banget ngerti mukjijat-mukjijaté Yésus. Mula, apa sing bakal ditindakké Yohanes?