Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 23

Yésus Nindakké Mukjijat-Mukjijat ing Kapernaum

Yésus Nindakké Mukjijat-Mukjijat ing Kapernaum

MATIUS 8:14-17 MARKUS 1:21-34 LUKAS 4:31-41

  • YÉSUS NGUSIR ROH JAHAT

  • IBU MARATUWANÉ PÉTRUS DIMARÈKKÉ

Yésus wis ngundang Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes dadi tukang njala manungsa. Saiki, pas dina Sabat, Yésus lan papat murid iki menyang sinagogé ing Kapernaum. Yésus mulang ing kono lan wong-wong uga padha nggumun karo carané Yésus mulang. Piwulangé Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya ahli Taurat.

Pas dina Sabat kuwi uga, ing sinagogé ana wong lanang sing kesurupan roh jahat, lan wong kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé, Yésus wong Nazarèt? Apa kowé mréné kanggo nyirnakké aku? Aku ngerti tenan kowé sapa, Sing Suci saka Gusti Allah!” Nanging Yésus nggetak roh jahat sing ngleboni wong lanang kuwi, ”Menenga, lan metua saka wong kuwi!”​—Markus 1:24, 25.

Roh jahat kuwi langsung mbanting wong lanang kuwi, wong lanang kuwi banjur kejang-kejang lan mbengok sak banter-banteré. Roh jahat kuwi banjur metu ”tanpa nggawé lara wong mau”. (Lukas 4:35) Kabèh wong ing sinagogé dadi padha nggumun lan takon, ”Apa iki?  . . . Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo ngusir roh-roh najis, lan roh-roh najis kuwi padha manut marang dhèwèké.” (Markus 1:27) Mula kabar bab iki langsung nyebar ing kabèh dhaérah Galiléa.

Saka sinagogé, Yésus lan para muridé banjur lunga menyang omahé Simon utawa Pétrus. Wektu kuwi, ibu maratuwané Pétrus lagi demam, panasé dhuwur banget. Para murid njaluk supaya Yésus nulungi ibu maratuwané Pétrus. Yésus banjur nyedhak, ndemèk tangané, lan nangèkké wong wadon kuwi. Wong wadon kuwi langsung mari lan ngladèni Yésus uga para muridé, mungkin nyiapké panganan.

Wektu srengéngé wis angslup, akèh wong teka ing omahé Pétrus. Mung sedhéla waé, wis ana akèh wong sing padha nglumpuk ing ngarep lawang. Kabèh wong nggawa wong lara kanggo dimarèkké Yésus ”ora soal apa penyakité”. Yésus ”marèkké wong-wong kuwi nganggo cara numpangké tangané ing ndhuwuré wong-wong kuwi siji-siji”. (Lukas 4:40) Dadi, Yésus marèkké kabèh penyakit, kaya sing wis diramalké. (Yésaya 53:4) Yésus uga marèkké wong sing kesurupan. Pas metu, roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé Putrané Gusti Allah.” (Lukas 4:41) Roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus. Nanging, Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong manèh, merga Yésus ora péngin roh-roh jahat kuwi éthok-éthok nglayani Gusti Allah.