Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 64

Pentingé Terus Ngapurani

Pentingé Terus Ngapurani

MATIUS 18:21-35

  • APA NGAPURANI MUNG NGANTI PING PITU?

  • UMPAMA BAB BUDHAK SING ORA NDUWÉ WELAS ASIH

Pétrus wis krungu naséhaté Yésus bab carané ngatasi masalah karo sedulur seiman, yaiku ngupaya ngrampungi dhisik masalahé tanpa ngejak wong liya. Saiki, Pétrus kayané péngin ngerti nganti ping pira kuwi kudu ditindakké.

Pétrus takon, ”Gusti, nèk sedulurku nggawé salah marang aku, nganti ping pira aku kudu ngapurani dhèwèké? Apa nganti ping pitu?” Sapérangan pemimpin agama mulang nèk ngapurani wong liya kudu nganti ping telu. Mula, Pétrus kétoké mikir dhèwèké wis loma banget nèk ngapurani seduluré ”nganti ping pitu”.​—Matius 18:21.

Nanging, ngéling-éling salahé wong liya kuwi ora cocog karo piwulangé Yésus. Mula, Yésus ngandhani Pétrus, ”Aku kandha marang kowé, ora mung nganti ping 7, nanging nganti ping 77.” (Matius 18:22) Maksudé, ora ana watesé nganti ping pira Pétrus kudu ngapurani seduluré.

Yésus banjur ngandhani Pétrus lan liyané umpama bab pentingé ngapurani wong liya. Iki bab budhak sing gagal niru majikané sing welas asih. Raja péngin nganakké étung-étungan karo budhak-budhaké. Budhak sing utangé akèh banget yaiku 10.000 talènta [60.000.000 dinar] digawa menyang ngarepé raja. Nanging merga dhèwèké ora isa nyaur utangé, raja ngongkon supaya wong kuwi, bojoné, lan anak-anaké diedol kanggo nglunasi utangé. Mula, budhak kuwi sujud lan kandha, ”Tulung, aku njaluk wektu, lan aku bakal mbayar kabèh utangku.”​—Matius 18:26.

Merga mesakké, raja mau akiré nganggep lunas utangé budhak mau. Sakwisé kuwi, budhak iki lunga lan ketemu karo kancané sing utang 100 dinar marang dhèwèké. Budhak kuwi langsung nyekel kancané lan karo nekak, dhèwèké kandha, ”Bayaren utangmu.” Nanging kancané kuwi sujud lan kandha, ”Tulung, aku njaluk wektu, lan aku bakal mbayar utangku.” (Matius 18:28, 29) Budhak sing utangé akèh banget mau ora niru majikané. Dhèwèké malah ngongkon supaya kancané, sing utangé mung sithik mau, dilebokké penjara nganti kancané kuwi isa nglunasi utang-utangé.

Budhak-budhak liyané sing ngerti tumindak ora welas asih kuwi, banjur lunga lan nglaporké marang raja. Raja dadi nesu, banjur ngundang budhak kuwi lan kandha, ”Budhak sing jahat, aku wis nganggep utangmu lunas wektu kowé njaluk welas asihku. Sakjané, kowé kuduné uga nduduhké welas asih marang kancamu, kaya aku wis nduduhké welas asih marang kowé.” Raja sing nesu banget kuwi banjur nyerahké budhak sing ora nduwé welas asih mau marang penjaga penjara nganti budhak kuwi nglunasi kabèh utangé. Yésus nyimpulké, ”Bapakku ing swarga uga bakal tumindak kaya ngono nèk kowé ora saktulusé ati ngapurani sedulurmu.”​—Matius 18:32-35.

Piwulang sing apik banget bab pentingé ngapurani. Gusti Allah wis ngapurani dosa kita, sing kaya utang sing gedhé banget. Nèk dibandhingké kuwi, kesalahan apa waé sing ditindakké sedulur seiman marang kita, ora ana apa-apané. Yéhuwah uga ngapurani kita ora mung sepisan, nanging ping éwonan. Mula, apa kita isa ngapurani sedulur kita ping bola-bali, senajan nduwé alesan kanggo nesu? Kaya sing diwulangké Yésus wektu Ceramah ing Gunung, Gusti Allah bakal ’ngapurani dosa-dosa kita kaya kita uga wis ngapurani wong-wong sing wis dosa marang kita’.​—Matius 6:12.