Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 32

Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?

Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?

MATIUS 12:9-14 MARKUS 3:1-6 LUKAS 6:6-11

  • MARÈKKÉ WONG LANANG SING TANGANÉ LUMPUH

Ing dina Sabat liyané, Yésus mlebu ing sawijiné sinagogé, kayané ing Galiléa. Ing kana, Yésus ketemu karo wong lanang sing tangané tengen lumpuh. (Lukas 6:6) Ahli Taurat lan wong Farisi ngematké Yésus tenanan. Tujuané, kétok saka pitakonané wong-wong kuwi, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?”​—Matius 12:10.

Para ahli Taurat lan wong Farisi takon kaya ngono ora merga prihatin karo wong lanang sing lagi sengsara kuwi. Nanging, wong-wong kuwi lagi nggolèk-nggolèk alesan kanggo nudhuh Yésus. Miturut para pemimpin agama Yahudi, marèkké wong ing dina Sabat kuwi éntuk ditindakké mung nèk nyawané wong kuwi ana ing bebaya. Contoné, pas dina Sabat wong ora éntuk marèkké wong sing patah tulang utawa keseléo, merga kuwi kahanan sing ora mbebayani nyawa.

Nanging Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi wis nggawé dhéwé aturan sing kaku bab larangan kanggo nyambut gawé pas dina Sabat. Aturan kuwi ora miturut Kitab Suci. (Pangentasan 20:8-10) Yésus wis kerep dikritik merga tumindak apik pas dina Sabat. Saiki, Yésus mesthi bakal saya disengiti merga dhèwèké kandha marang wong lanang lumpuh kuwi, ”Tangia, ngadega ing tengah.”​—Markus 3:3.

Yésus banjur kandha marang para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Nèk ing antaramu ana sing nduwé wedhus gèmbèl siji lan wedhus kuwi kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal kok angkat metu saka kalèn kuwi, ta?” (Matius 12:11) Wedhus dianggep dadi bandha, mula nèk wedhus kuwi kecemplung kalèn, wong sing nduwé wedhus kuwi ora bakal ngejarké wedhusé nganti dina sakbanjuré, merga wedhusé isa mati lan sing nduwé dadi rugi. Apa manèh Kitab Suci kandha, ”Wong mursid [bener] ngopèni kéwané.”​—Wulang Bebasan 12:10, (BJP).

Yésus banjur kandha, ”Manungsa kuwi luwih aji ketimbang wedhus gèmbèl. Dadi, miturut hukum ora apa-apa nindakké bab sing becik ing dina Sabat.” (Matius 12:12) Cetha, Yésus marèkké wong lara kuwi ora nglanggar Sabat. Para pemimpin agama kuwi ora isa mbantah katrangané Yésus sing masuk akal lan nduduhké sipat welas asih. Mula, wong-wong kuwi mung meneng waé.

Yésus nyawang wong-wong kuwi karo nesu lan sedhih merga wong-wong kuwi nduwé pandhangan sing klèru. Yésus banjur kandha marang wong lumpuh mau, ”Ethungna tanganmu.” (Matius 12:13) Wektu ngethungké, tangané dadi mari, lan wong kuwi seneng banget. Nanging, piyé perasaané wong-wong sing arep njebak Yésus?

Wong Farisi kuduné seneng merga wong lanang kuwi mari, nanging wong-wong kuwi malah lunga lan langsung rembugan ”karo para pengikuté partai Hérodès kanggo matèni Yésus”. (Markus 3:6) Anggota partai politik iki klebu anggotané kelompok agama sing disebut wong Saduki. Biasané, wong Saduki lan Farisi mungsuhan, nanging saiki wong-wong kuwi dadi sepaham kanggo nglawan Yésus.