Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 56

Apa sing Nggawé Wong Dadi Najis?

Apa sing Nggawé Wong Dadi Najis?

MATIUS 15:1-20 MARKUS 7:1-23 YOHANES 7:1

  • YÉSUS NYINGKAPKÉ KESALAHANÉ TRADHISI MANUNGSA

Sedhéla manèh Paskah taun 32 M. Bar sibuk mulang ing Galiléa, kétoké Yésus menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah, kaya sing dipréntahké Hukumé Gusti Allah. Nanging, Yésus nindakké kuwi kanthi ngati-ati merga wong Yahudi arep matèni dhèwèké. (Yohanes 7:1) Sakwisé kuwi, Yésus bali manèh menyang Galiléa.

Kayané Yésus ana ing Kapernaum wektu wong-wong Farisi lan ahli Taurat teka marani Yésus saka Yérusalèm. Wong-wong kuwi teka adoh-adoh kanggo nggolèk-nggolèk alesan bèn isa nudhuh Yésus nglanggar hukum. Wong-wong kuwi takon, ”Ngapa kok murid-muridmu nglanggar tradhisiné para leluhur? Contoné, murid-muridmu ora ngwijiki tangané sakdurungé maem.” (Matius 15:2) Gusti Allah ora tau ndhawuhi manungsa nindakké tradhisi ’ngwijiki tangan nganti tekan sikut’. (Markus 7:3) Nanging, wong-wong Farisi nganggep nèk kuwi ora ditindakké, kuwi pelanggaran sing serius.

Ketimbang langsung njawab tudhuhané wong-wong kuwi, Yésus nduduhké nèk wong-wong kuwi dhéwé sing nglanggar Hukumé Gusti Allah. Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nglanggar préntahé Gusti Allah merga tradhisimu? Contoné, Gusti Allah ngendika, ’Ajènana bapakmu lan ibumu,’ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’ Nanging kowé kandha, ’Nèk ana wong sing kandha karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu, kuwi wis tak wènèhké dadi kurban marang Gusti Allah,” wong kuwi ora perlu manèh ngajèni bapak lan ibuné.’”​—Matius 15:3-6; Pangentasan 20:12; 21:17.

Wong Farisi mulang nèk dhuwit, barang, utawa apa waé sing arep dikurbanké marang Gusti Allah, senajan durung diwènèhké, barang-barang kuwi wis dianggep dadi duwèké bait, mula ora isa digunakké kanggo tujuan liya. Contoné, anak mungkin kandha nèk dhuwit utawa barangé kuwi ”kurban” sing wis dipersembahké kusus kanggo Gusti Allah utawa bait. Mula, dhèwèké ora isa nggunakké dhuwit utawa barangé kuwi kanggo mbantu lan nyukupi kebutuhané wong tuwané. Nanging, nèk kanggo kepentingané dhéwé, kuwi isa digunakké. Iki nduduhké nèk kanggoné anak kuwi, bait luwih penting ketimbang wong tuwané. Dadi, anak kuwi ora gelem tanggung jawab ngopèni wong tuwané.​—Markus 7:11.

Yésus nesu tenan merga Hukumé Gusti Allah disalahterapké. Yésus kandha, ”Kowé ngrèmèhké pangandikané Gusti Allah merga tradhisimu. Kowé kabèh kuwi wong munafik. Pancèn bener sing Nabi Yésaya ramalké bab kowé, ’Umat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku. Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.’” Wong-wong Farisi kuwi ora isa ngomong apa-apa manèh. Yésus banjur ngongkon wong-wong nyedhak, lan kandha, ”Rungokna lan ngertènana bab iki: Sing nggawé wong dadi najis dudu apa sing mlebu ing cangkemé, nanging apa sing metu saka cangkemé kuwi sing nggawé dhèwèké najis.”​—Matius 15:6-11; Yésaya 29:13.

Banjur, wektu mlebu ing sawijiné omah, murid-muridé takon marang Yésus, ”Apa panjenengan ngerti nèk wong-wong Farisi tersinggung karo omongané panjenengan?” Yésus njawab, ”Saben tanduran sing ora ditandur karo Bapakku ing swarga, bakal dijabut. Ejarna waé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.”​—Matius 15:12-14.

Yésus kayané kagèt wektu Pétrus, sing makili para murid, takon bab apa sing nggawé wong dadi najis. Yésus njawab, ”Apa kowé padha ora ngerti, nèk kabèh sing mlebu cangkem bakal mudhun liwat weteng, lan dibuwang ing jamban? Nanging kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati, lan iya kuwi sing nggawé wong dadi najis. Contoné, saka ati metu kabèh pikiran sing jahat: matèni, laku jina, hubungan sèks sing ora sah, nyolong, kesaksian palsu, lan omongan sing ngrèmèhké. Kuwi kabèh sing nggawé wong dadi najis. Nanging nèk mangan ora wijik dhisik, kuwi ora nggawé wong dadi najis.”​—Matius 15:17-20.

Apa maksudé Yésus kuwi nèk sakdurungé nyiapké panganan utawa mangan kita ora perlu ngwijiki tangan dhisik? Ora. Nanging, Yésus lagi ngelokké para pemimpin agama sing munafik merga wong-wong kuwi ngrèmèhké Hukumé Gusti Allah lan nindakké tradhisiné manungsa. Yésus cetha nduduhké nèk tumindak jahat sing asalé saka ati, kuwi sing nggawé wong dadi najis.