Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 60

Wahyu sing Nduduhké Kamulyané Kristus

Wahyu sing Nduduhké Kamulyané Kristus

MATIUS 16:28–17:13 MARKUS 9:1-13 LUKAS 9:27-36

  • YÉSUS DITRANSFIGURASI

  • PARA RASUL KRUNGU SWARANÉ GUSTI ALLAH

Wektu mulang wong-wong ing dhaérah Kaisaréa Filipi, sing adohé kira-kira 25 kilomèter saka Gunung Hèrmon, Yésus ngomongké bab sing ngagètké para rasulé. Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Putrané manungsa teka ing Kratoné.”​—Matius 16:28.

Para murid mesthi penasaran karo maksud omongané Yésus kuwi. Kira-kira seminggu sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes menyang gunung sing dhuwur. Kayané wektu kuwi wis bengi banget, merga rasul telu mau ngantuk. Wektu Yésus lagi ndonga, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus mancarké sinar kaya srengéngé, lan klambi njabané dadi padhang njingglang.

Banjur, rasul telu mau ndelok ”Musa lan Élia” lagi omong-omongan karo Yésus bab ”lungané Yésus sing bakal kelakon ing Yérusalèm”. (Lukas 9:30, 31) Lungané Yésus kuwi maksudé sédané Yésus lan bar kuwi diuripké manèh, kaya sing wis tau diomongké Yésus sakdurungé. (Matius 16:21) Ora kaya omongané Pétrus, omong-omongan kuwi mbuktèkké nèk Yésus pancèn kudu sengsara lan séda.

Merga wis ora ngantuk manèh, rasul telu mau ndelok lan ngrungokké kedadéan kuwi. Senajan mung wahyu, nanging kuwi kétok nyata nganti Pétrus mèlu rembugan, ”Rabi, aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” (Markus 9:5) Mungkin Pétrus péngin ngedegké téndha merga dhèwèké péngin kedadéan kuwi kelakon luwih suwé.

Wektu Pétrus isih ngomong, ana méga padhang nutupi wong-wong kuwi lan ana swara saka méga kuwi, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.” Rasul-rasul kuwi langsung padha sujud lan kewedèn. Nanging Yésus kandha, ”Padha ngadega lan aja wedi.” (Matius 17:5-7) Wektu padha ngadeg, rasul telu kuwi mung gari ndelok Yésus dhéwé lan ora ana liyané. Wahyu kuwi wis rampung. Ing dina sakbanjuré, Yésus lan rasul telu mudhun saka gunung. Yésus mréntahké, ”Aja ngandhani sapa-sapa bab iki nganti Putrané manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati.”​—Matius 17:9.

Merga ndelok Élia ing wahyu kuwi, para rasul takon, ”Apa sebabé para ahli Taurat kandha nèk Élia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?” Yésus njawab, ”Sakjané Élia wis teka, nanging wong-wong kuwi ora ngerti.” (Matius 17:10-12) Yésus lagi ngomongké bab Yohanes Pembaptis, sing tugasé padha kaya Élia. Élia nyiapké dalan kanggo Élisa, lan Yohanes Pembaptis nyiapké dalan kanggo Kristus.

Yésus lan rasul telu mau mesthi dikuwatké banget. Wahyu kuwi nduduhké gambaran kamulyané Kristus wektu dadi Raja ing Kratoné Allah. Dadi, kaya janjiné Yésus, rasul-rasul kuwi ndelok ”Putrané manungsa teka ing Kratoné”. (Matius 16:28) Wektu ing gunung, rasul telu mau ’ndelok dhéwé kamulyané [Kristus] nganggo mripaté’. Senajan wong Farisi njaluk tandha sing mbuktèkké nèk Yésus kuwi Raja sing dipilih Gusti Allah, Yésus ora mènèhi tandha kuwi. Kuwi mung diwènèhké marang rasul-rasul sing paling cedhak karo Yésus. Wahyu kuwi nggawé rasul telu mau yakin nèk kabèh ramalan bab Kratoné Allah mesthi kelakon. Pétrus akiré nulis, ”Aku kabèh saya yakin karo tembung-tembung ramalan.”​—2 Pétrus 1:16-19.