Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 22

Papat Muridé Yésus Dadi Tukang Njala Manungsa

Papat Muridé Yésus Dadi Tukang Njala Manungsa

MATIUS 4:13-22 MARKUS 1:16-20 LUKAS 5:1-11

  • YÉSUS NGUNDANG MURID-MURIDÉ KANGGO TERUS MÈLU DHÈWÈKÉ

  • MBIYÈN NJALA IWAK, SAIKI NJALA MANUNGSA

Sakwisé wong-wong Nazarèt ngupaya matèni Yésus, Yésus lunga menyang Kapernaum, cedhak Laut Galiléa sing uga disebut ”Danau Génésarèt”. (Lukas 5:1) Iki cocog karo ramalané Yésaya nèk wong-wong Galiléa sing manggon ing cedhak laut bakal ndelok cahya sing padhang banget.​—Yésaya 8:23; 9:1, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan (BJP).

Ing Galiléa, Yésus terus ngumumké nèk ”Kraton swarga wis cedhak”. (Matius 4:17) Yésus nggolèki manèh papat muridé. Mbiyèn, wong-wong kuwi mèlu Yésus, nanging sakwisé saka Yudéa, wong-wong kuwi padha bali manèh nindakké gawéané dadi nelayan. (Yohanes 1:35-42) Saiki, wektuné wong-wong kuwi kanggo terus mèlu Yésus supaya isa dilatih kanggo nindakké gawéan nginjil sakwisé Yésus ora ana.

Wektu mlaku ing pinggir pantai, Yésus ndelok Simon Pétrus lan seduluré yaiku Andréas. Wong loro kuwi lagi ngumbah jala. Yésus banjur marani, numpak ing prauné Pétrus, lan ngongkon Pétrus rada ngedohké prauné saka daratan. Yésus lungguh lan mulai mulang bab Kratoné Allah marang wong akèh sing nglumpuk ing pantai.

Sakwisé kuwi, Yésus kandha marang Pétrus, ”Gawanen prauné menyang panggonan sing jero, lan jalamu tebarna ing kono.” Pétrus njawab, ”Guru, aku kabèh wis ngupaya nggolèk iwak sewengi muput lan ora éntuk apa-apa. Nanging aku bakal nibakké jalané kaya préntahé panjenengan.”​—Lukas 5:4, 5.

Wong-wong kuwi banjur nebarké jala lan éntuk iwak akèh banget nganti jalané mèh bedhah. Mula, wong-wong kuwi ngawé-awé kancané sing ana ing prau liyané supaya mara lan ngéwangi. Nanging rong prau kuwi suwé-suwé kebak iwak nganti loro-loroné arep kleleb. Weruh iki, Pétrus sujud ing ngarepé Yésus lan kandha, ”Aku ora pantes ana ing cedhakmu, Gusti, merga aku wong sing dosa.” Yésus njawab, ”Aja wedi manèh. Wiwit saiki kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”​—Lukas 5:8, 10.

Yésus ngandhani Pétrus lan Andréas, ”Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.” (Matius 4:19) Yésus uga ngundang loro nelayan liyané, yaiku Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus. Kabèh wong mau langsung gelem tanpa ragu-ragu. Dadi, papat nelayan kuwi ninggalké bisnisé lan terus mèlu Yésus.