Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 5

Pelayanané Yésus ing Sisih Wétan Kali Yordan

”Akèh wong padha nduwé iman marang Yésus.”​—Yohanes 10:42

Pelayanané Yésus ing Sisih Wétan Kali Yordan

ING BAGÉAN IKI

BAB 82

Pelayanané Yésus ing Péréa

Yésus nerangké carané bèn isa dislametké. Nasèhaté Yésus kuwi migunani pas jaman kuwi. Piyé saiki?

BAB 83

Sapa sing Diundang Gusti Allah ing Pésta Gedhé?

Wektu isih maem ing omahé wong Farisi, Yésus mènèhi umpama bab pésta gedhé. Yésus mènèhi piwulang penting kanggo umaté Gusti Allah. Apa kuwi?

BAB 84

Sepira Pentingé Dadi Muridé Yésus?

Dadi muridé Yésus kuwi bab sing penting. Yésus ngandhani apa waé pangurbanan sing kudu digawé. Katrangan kuwi nggawé wong-wong padha kagèt.

BAB 85

Kabungahan Merga Ana Siji Wong Dosa sing Mertobat

Wong Farisi lan para ahli Taurat ngelokké Yésus merga apikan karo rakyat biasa lan wong dosa. Yésus mènèhi umpama kanggo nduduhké pandhangané Gusti Allah.

BAB 86

Anak sing Ilang Wis Bali Manèh

Piwulang apa waé sing isa kita sinaoni saka umpama bab anak sing ilang?

BAB 87

Nggawé Rencana kanggo Sukmbèn lan Nggunakké Akal

Yésus nggunakké conto pengurus sing ora jujur kanggo mènèhi piwulang sing bener.

BAB 88

Wong Lanang Sugih lan Lazarus

Kita kudu ngerti sapa sing digambarké karo rong tokoh utamané supaya isa paham umpama sing diwulangké Yésus iki.

BAB 89

Yésus Mulang ing Péréa Wektu Perjalanan menyang Yudéa

Yésus nandheské bab sipat sing isa mbantu kita ngapurani wong sing bola-bali nindakké salah marang kita.

BAB 90

”Sing Nguripké Manèh lan Sing Marahi Urip”

Apa maksudé Yésus wektu kandha nèk wong sing nduduhké iman marang Yésus ”ora bakal mati”?

BAB 91

Lazarus Diuripké Manèh

Rong bab sing nggawé para penentangé Yésus ora isa mbantah bab mukjijaté Yésus.

BAB 92

Sepuluh Wong Kusta Dimarèkké, Siji sing Matur Nuwun

Wong kusta sing wis mari ora mung matur nuwun marang Yésus nanging uga marang Gusti Allah.

BAB 93

Putrané Manungsa Nduduhké Kuwasané

Apa maksudé rawuhé Kristus padha kaya kilat?

BAB 94

Pentingé Ndonga lan Sipat Andhap Asor

Ing umpama bab hakim sing ora bener lan randha, Yésus nduduhké sawijiné sipat sing penting.

BAB 95

Piwulang bab Pegatan lan Nresnani Bocah-Bocah

Pandhangané Yésus marang bocah-bocah béda karo para muridé. Apa sebabé?

BAB 96

Yésus Njawab Pitakonané Pemimpin Yahudi sing Sugih

Apa sebabé Yésus kandha nèk luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit ketimbang wong sugih kanggo mlebu ing Kratoné Allah?

BAB 97

Umpama bab Buruh sing Kerja ing Kebon Anggur

Piyé wong sing kapisan dadi sing pungkasan, lan wong sing pungkasan dadi sing kapisan?

BAB 98

Para Rasul Ngupaya Manèh Dadi sing Paling Penting

Yakobus lan Yohanes njaluk kedudukan penting ing Kraton swarga, nanging rasul liyané ya péngin bab kaya ngono.

BAB 99

Yésus Marèkké Wong Wuta Loro lan Mbantu Zakhéus Mertobat

Apa sebabé kisahé Yésus marèkké wong wuta ing Yérikho sing dicathet ing kitab Injil kuwi cocog karo siji lan sijiné?

BAB 100

Umpama bab Sepuluh Mina

Apa maksudé Yésus wektu kandha, ”Sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké”?