Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 83

Sapa sing Diundang Gusti Allah ing Pésta Gedhé?

Sapa sing Diundang Gusti Allah ing Pésta Gedhé?

LUKAS 14:7-24

  • PIWULANG BAB SIPAT ANDHAP ASOR

  • WONG SING DIUNDANG GOLÈK-GOLÈK ALESAN

Yésus isih ana ing omahé wong Farisi lan lagi waé marèkké wong lanang sing nduwé penyakit sing marakké awaké abuh. Yésus saiki nggatèkké nèk para tamu ing kono seneng milih panggonan kanggo tamu penting, mula Yésus nggunakké kesempatan iki kanggo mulang bab sipat andhap asor.

Yésus kandha, ”Nèk kowé diundang ing pésta mantènan, aja lungguh ing panggonan kanggo tamu penting. Mbokmenawa sing nduwé gawé uga ngundang wong sing luwih dihormati ketimbang kowé. Terus wong sing ngundang kowé bakal marani lan kandha marang kowé, ’Panggonan iki kanggo dhèwèké.’ Banjur kowé kepeksa pindhah ing panggonan mburi dhéwé karo kisinan.”​—Lukas 14:8, 9.

Yésus kandha manèh, ”Nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé, supaya wektu wong sing ngundang mau marani kowé, dhèwèké bakal kandha, ’Kancaku, ayo lungguh ing ngarep.’ Lan kowé bakal diajèni ing ngarepé kabèh tamu liyané.” Iki ora mung soal nduduhké sikap sing sopan. Yésus kandha, ”Saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.” (Lukas 14:10, 11) Dadi, Yésus ngandhani wong-wong sing ngrungokké supaya nduwé sipat andhap asor.

Yésus mènèhi piwulang liyané marang wong Farisi sing ngundang dhèwèké. Yésus nduduhké sapa sing kuduné diundang nèk péngin nyenengké Gusti Allah, kandhané, ”Nèk kowé nggawé acara mangan ing wayah awan utawa bengi, aja ngundang kancamu utawa kakangmu utawa adhimu utawa sedulurmu utawa tanggamu sing sugih, merga isa waé wong-wong kuwi uga bakal ngundang kowé kanggo mbales kowé. Nanging nèk kowé nganakké pésta, undangen wong-wong sing miskin, cacad, pincang, lan wuta. Kowé bakal bungah merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé.”​—Lukas 14:12-14.

Pancèn wajar nèk ngundang kanca, keluarga, utawa tangga kanggo mangan bareng, lan Yésus kandha nèk kuwi ora salah. Nanging Yésus nduduhké, nèk kita ngundang wong-wong sing mbutuhké, contoné sing miskin, cacad, utawa wuta, kita bakal diberkahi. Yésus ngandhani wong Farisi kuwi, ”Kowé bakal éntuk balesané wektu wong-wong bener diuripké manèh.” Wektu krungu kuwi, ana tamu sing kandha, ”Bungah wong sing mangan ing Kratoné Allah.” (Lukas 14:15) Tamu kuwi ngerti nèk kuwi kaurmatan sing gedhé, nanging ora kabèh wong mikir kaya ngono. Mula Yésus mènèhi umpama iki:

”Ana wong lanang sing nganakké pésta gedhé, lan dhèwèké ngundang akèh wong.  . . Dhèwèké ngongkon budhaké lunga kanggo ngandhani para undangan, ’Ayo padha teka, kabèh wis siap.’ Nanging kabèh wong kuwi mulai golèk-golèk alesan. Sing kapisan kandha, ’Aku lagi waé tuku ladhang lan kudu lunga kanggo ndelok ladhang mau. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.’ Sing liyané kandha, ’Aku lagi waé tuku sapi limang pasang lan aku arep mrono kanggo ndelok kuwi. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.’ Sing liyané manèh kandha, ’Aku ora isa teka, merga aku lagi waé nikah.’”​—Lukas 14:16-20.

Kuwi alesan-alesan sing ora masuk akal. Biasané, wong bakal mriksa dhisik ladhang utawa kéwan sakdurungé dituku, mula sakjané ora perlu dipriksa manèh sakwisé kuwi. Wong lanang sing katelu mau ora lagi nyiapké nikahané, nanging dhèwèké kuwi wis nikah. Mula, kuduné dhèwèké isa teka ing undangan mau. Wektu krungu alesan-alesan kuwi, wong lanang sing nganakké pésta dadi nesu banget.

Dhèwèké kandha, ”Cepet lungaa menyang dalan-dalan utama lan gang-gang ing kutha iki, gawanen mréné wong-wong sing miskin, cacad, wuta, lan pincang.” Nanging sakwisé kuwi ditindakké, jebulé isih ana panggonan sing kosong. Majikané banjur kandha, ”Lungaa menyang dalan-dalan lan gang-gang ing njaba kutha. Banjur peksanen wong-wong kanggo teka supaya omahku kebak. Aku ngandhani kowé kabèh, para undangan kuwi ora bakal mangan ing péstaku.”​—Lukas 14:21-24.

Umpama kuwi nduduhké nèk Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus ngundang wong-wong supaya isa mlebu ing Kratoné Allah ing swarga. Undangan kuwi sepisanan diwènèhké marang wong Yahudi, kususé para pemimpin agama. Nanging, akèh-akèhé padha nolak undangan kuwi. Mula, undangan kuwi bakal diwènèhké marang liyané. Undangan kapindho bakal diwènèhké marang proselit lan wong-wong Yahudi sing dirèmèhké para pemimpin agama. Sakwisé kuwi, undangan katelu, utawa sing pungkasan, bakal diwènèhké marang wong-wong sing miturut wong Yahudi ora pantes dadi abdiné Gusti Allah.​—Kisah 10:28-48.

Omongané salah siji tamu mau pancèn bener: ”Bungah wong sing mangan ing Kratoné Allah.