Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 96

Yésus Njawab Pitakonané Pemimpin Yahudi sing Sugih

Yésus Njawab Pitakonané Pemimpin Yahudi sing Sugih

MATIUS 19:16-30 MARKUS 10:17-31 LUKAS 18:18-30

  • WONG LANANG SUGIH TAKON CARANÉ BÈN ÉNTUK URIP SAKLAWASÉ

Wektu ing perjalanan menyang Yérusalèm ngliwati Péréa, ana wong lanang enom sing sugih mlayu marani Yésus lan sujud ing sikilé. Wong lanang iki ”sawijiné pemimpin Yahudi”, mungkin ketua sinagogé utawa anggotané Sanhèdrin. Wong lanang iki kandha, ”Guru Sing Apik, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?”​—Lukas 8:41; 18:18; 24:20.

Yésus njawab, ”Ngapa kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah.” Kayané wong lanang iki nyebut Yésus ”Guru Sing Apik” merga para guru agama biasané péngin disebut kaya ngono. Senajan pinter mulang, nanging Yésus ngandhani wong lanang iki nèk sebutan ”Sing Apik” kuwi mung kanggo Gusti Allah.

Yésus ngandhani wong lanang kuwi, ”Nanging, nèk kowé péngin nampa urip, terus manuta marang préntah-préntahé Gusti Allah.” Wong lanang kuwi takon, ”Préntah sing endi?” Yésus banjur nyuplik lima saka Sepuluh Préntah, yaiku bab matèni, laku jina, nyolong, mènèhi kesaksian palsu, lan ngajèni bapak uga ibu. Sakwisé kuwi, Yésus ngandhani préntah sing luwih penting, ”Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.”​—Matius 19:17-19.

Wong lanang kuwi njawab, ”Aku wis nglakoni kuwi kabèh. Apa manèh sing kudu tak lakoni?” (Matius 19:20) Wong lanang kuwi mungkin rumangsa nèk isih kudu nindakké bab apik liyané supaya dhèwèké isa éntuk urip saklawasé. Merga ngerti nèk wong lanang kuwi bener-bener tulus, Yésus ”nyawang wong kuwi kanthi rasa tresna”. (Markus 10:21) Nanging, ana bab sing ngalang-alangi wong lanang kuwi.

Wong lanang iki nresnani banget bandhané. Mula Yésus kandha, ”Ana siji sing durung kok tindakké: Kabèh bandhamu edolen, terus hasilé wènèhna marang wong miskin, lan kowé bakal éntuk bandha ing swarga. Banjur dadia muridku.” Wong lanang kuwi isa mènèhké dhuwité marang wong miskin, sing ora isa mbales dhèwèké, banjur dadi muridé Yésus. Nanging sayangé, sakwisé krungu omongané Yésus, dhèwèké ngadeg lan lunga kanthi sedhih. Merga nresnani ’bandhané sing akèh’, wong lanang kuwi dadi ora isa éntuk bandha sing sejati. (Markus 10:21, 22) Yésus kandha, ”Pancèn angèl banget kanggoné wong-wong sing nduwé dhuwit akèh mlebu ing Kratoné Allah.”​—Lukas 18:24.

Para murid nggumun karo omongané Yésus iki lan sakbanjuré. Yésus kandha, ”Sakjané, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit, ketimbang wong sugih mlebu ing Kratoné Allah.” Krungu kuwi, para murid takon, ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?” Apa wong lanang sugih iki pancèn angèl dislametké? Yésus nyawang wong-wong kuwi lan njawab, ”Perkara sing mustahil kanggo manungsa, kuwi ora mustahil kanggoné Gusti Allah.”​—Lukas 18:25-27.

Pétrus banjur kandha nèk pilihané para murid ora kaya wong lanang sugih kuwi, kandhané, ”Aku kabèh wis ninggalké apa waé lan mèlu panjenengan. Terus aku bakal éntuk apa?” Yésus nyebutké berkah sing bakal ditampa, ”Wektu kabèh digawé dadi anyar, lan wektu Putrané manungsa lungguh ing tahtané sing agung, kowé sing wis padha dadi muridku bakal lungguh ing 12 tahta, lan ngadili 12 suku Israèl.”​—Matius 19:27, 28.

Yésus mesthi lagi ngomongké bab sukmbèn, wektu kabèh digawé dadi anyar kaya kahanan ing Taman Èden. Pétrus lan para murid liyané bakal nampa berkah yaiku mréntah bumi Firdaus bareng karo Yésus. Pangurbanané para murid ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo berkah sing bakal ditampa kuwi.

Nanging, berkahé ora mung kanggo sukmbèn. Para murid isa ngrasakké berkah mau ing wektu kuwi uga. Yésus janji, ”Sapa waé sing wis ninggalké omahé, utawa bojoné, utawa kakangé, utawa mbakyuné, utawa adhiné, utawa wong tuwané, utawa anaké merga Kratoné Allah mesthi bakal éntuk tikel luwih akèh ing jaman saiki, lan ing jaman mbésuk bakal nampa urip saklawasé.”​—Lukas 18:29, 30.

Ing ngendi waé para murid lunga, wong-wong kuwi isa ngrasakké hubungan sing akrab karo sedulur-sedulur seimané. Paseduluran iki luwih aji ketimbang hubungan keluarga. Kayané, wong lanang sugih mau ora bakal ngrasakké berkah iki lan berkah kanggo urip ing Kraton swarga.

Yésus kandha manèh, ”Nanging akèh wong sing kapisan bakal dadi sing pungkasan, lan sing pungkasan bakal dadi sing kapisan.” (Matius 19:30) Apa maksudé Yésus?

Merga dadi pemimpiné wong Yahudi, wong lanang enom sugih kuwi klebu wong ”sing kapisan”. Wong lanang kuwi uga manut préntah-préntahé Gusti Allah, mula dhèwèké nduwé potènsi kanggo dadi muridé Yésus. Nanging, wong lanang kuwi luwih mentingké bandhané. Sewaliké, wong ”sing pungkasan” yaiku wong-wong biasa, ngerti nèk piwulangé Yésus kuwi bener, kuwi uga cara bèn isa éntuk urip saklawasé. Mula wong-wong kuwi saiki bakal dadi ”sing kapisan”. Wong-wong kuwi bakal dadi raja bareng Yésus lan mréntah bumi Firdaus.