Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 93

Putrané Manungsa Nduduhké Kuwasané

Putrané Manungsa Nduduhké Kuwasané

LUKAS 17:20-37

  • ”KRATONÉ ALLAH ANA ING TENGAH-TENGAHMU”

  • APA SING BAKAL KELAKON WEKTU PUTRANÉ MANUNGSA NDUDUHKÉ KUWASANÉ?

Yésus saiki isih ana ing Samaria utawa Galiléa. Wong Farisi nakoni Yésus bab tekané Kratoné Allah. Wong-wong kuwi ngira nèk tekané kuwi bakal kaya acara sing meriah. Nanging Yésus kandha, ”Kratoné Allah ora teka nganggo cara sing kétok cetha kanggo kabèh wong. Uga, wong ora bakal kandha, ’Deloken, kuwi ana ing kéné!’ utawa, ’Deloken, kuwi ana ing kana!’ Merga Kratoné Allah ana ing tengah-tengahmu.”​—Lukas 17:20, 21.

Ana wong-wong sing mikir nèk maksud omongané Yésus kuwi Kratoné Allah ana ing atiné umaté Gusti Allah. Nanging, kuwi ora masuk akal. Wektu kuwi, Yésus lagi omongan karo wong Farisi, lan Kratoné Allah ora mungkin ana ing atiné wong-wong kuwi. Kratoné Allah ana ing tengah-tengahé wong-wong kuwi merga Rajané sing dipilih ana ing antarané wong-wong kuwi.​—Matius 21:5.

Kayané sakwisé wong Farisi lunga, Yésus mènèhi katrangan sing luwih jelas kanggo para muridé bab tekané Kraton kuwi. Yésus kandha, ”Bakal tekan wektuné kowé kabèh ngarep-arep kepéngin isa weruh salah siji dina saka dina-dinané Putrané Manungsa, nanging kowé ora bakal weruh kuwi.” (Lukas 17:22) Yésus nduduhké nèk tekané Putrané manungsa ing Kratoné Allah lagi bakal kelakon sukmbèn. Sakdurungé wektu kuwi teka, ana murid-murid sing mungkin ngarep-arep kuwi, nanging wong-wong kuwi bakal terus ngentèni nganti wektu sing ditemtokké Gusti Allah.

Yésus neruské omongané, ”Wong-wong bakal kandha, ’Deloken, dhèwèké ing kana!’ utawa, ’Deloken, dhèwèké ing kéné!’ Aja lunga utawa ngetutké wong-wong kuwi. Merga padha kaya kilat sing sumunar saka pucuk langit menyang pucuk langit sijiné, semono uga Putrané manungsa ing dinané.” (Lukas 17:23, 24) Para muridé Yésus bakal isa nitèni sapa Mèsias sing asli. Yésus kandha nèk tekané Mèsias sing asli bakal kaya kilat sing kétok ing ngendi-endi. Bukti tekané Yésus dadi Raja ing Kratoné Allah bakal kétok cetha kanggo kabèh wong sing bener-bener ngentèni kuwi.

Yésus banjur madhakké sikapé wong-wong ing mangsa rawuhé karo sikapé wong-wong ing jamané Nuh lan Lot. Yésus kandha, ”Kaya sing kelakon ing jamané Nuh, ya kaya ngono kuwi dina-dinané Putrané manungsa . . . Semono uga kaya sing kedadéan ing jamané Lot: wong-wong mangan, ngombé, dol-tinuku, nandur, lan mbangun omah. Nanging ing dina pas Lot metu saka Sodom, geni lan belérang mudhun saka langit lan nyirnakké kabèh wong kuwi. Ya kaya ngono sing bakal kelakon ing dina wektu Putrané manungsa nduduhké kuwasané.”​—Lukas 17:26-30.

Maksudé Yésus kuwi dudu nèk wong-wong ing jamané Nuh lan Lot disirnakké merga nindakké kegiatan-kegiatan normal, contoné mangan, ngombé, dol-tinuku, nandur, lan mbangun omah. Nuh, Lot, lan keluargané uga nindakké bab-bab kuwi. Nanging, wong-wong liyané nindakké kuwi tanpa nggatèkké kersané Gusti Allah lan ora paham nèk wong-wong kuwi urip ing mangsa sing bahaya. Mula, Yésus mènèhi naséhat marang para muridé kanggo nggatèkké kersané Gusti Allah lan terus nindakké kuwi. Yésus banjur nduduhké carané isa terus urip wektu Gusti Allah nyirnakké wong jahat sukmbèn.

Para muridé Yésus aja nganti keslimur karo perkara-perkara donya sing ana ing sakiwa-tengené. Yésus kandha, ”Ing dina kuwi, wong sing ana ing ndhuwur omah, aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing njero omahé. Semono uga, wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk barang-barangé. Élinga bojoné Lot.” (Lukas 17:31, 32) Dhèwèké dadi patung uyah.

Yésus banjur nerangké kahanan wektu Putrané manungsa dadi Raja, ”Ing wengi kuwi, nèk ana wong loro sing turu ing sak ambèn, sing siji bakal digawa, nanging sing liyané bakal ditinggal.” (Lukas 17:34) Dadi, ana sing bakal dislametké, nanging sing liyané ora.

Para muridé takon, ”Ing ngendi kuwi bakal kelakon, Gusti?” Yésus njawab, ”Ing ngendi ana mayit, ing kono elang bakal ngrubung.” (Lukas 17:37) Dadi, kaya manuk elang sing isa ndelok nganti adoh, para muridé Yésus bakal ngerti sapa Kristus sing sejati, yaiku Putrané manungsa, lan ngetutké dhèwèké. Yésus bakal mènèhi wulangan sing bener sing isa nylametké urip, marang para muridé sing nduwé iman.