Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 84

Sepira Pentingé Dadi Muridé Yésus?

Sepira Pentingé Dadi Muridé Yésus?

LUKAS 14:25-35

  • SYARATÉ DADI MURIDÉ YÉSUS

Yésus wis mulangké akèh bab penting wektu ana ing omahé salah siji pemimpiné wong Farisi. Saiki, Yésus neruské perjalanané menyang Yérusalèm, lan akèh wong ngetutké Yésus. Apa sebabé? Apa wong-wong kuwi bener-bener kepéngin dadi muridé Yésus sing sejati senajan kudu nggawé pangurbanan?

Ing perjalanan, Yésus ngomongké bab sing mungkin nggawé sebagéan wong kagèt. Yésus kandha, ”Nèk ana wong marani aku lan dhèwèké luwih nresnani bapaké, ibuné, bojoné, anaké, kakangé, adhiné, mbakyuné, lan malah luwih nresnani nyawané dhéwé, wong kuwi ora isa dadi muridku.” (Lukas 14:26) Apa maksudé Yésus?

Kuwi dudu maksudé tenanan sengit karo keluarga. Nanging, maksudé Yésus yaiku para murid kudu luwih nresnani Yésus ketimbang keluargané. Para murid ora éntuk kaya wong lanang sing nolak undangan penting ing pésta gedhé merga dhèwèké lagi waé nikah.​—Lukas 14:20.

Yésus uga kandha nèk para muridé ora éntuk ”nresnani nyawané dhéwé”. Iki tegesé para murid kudu luwih nresnani Yésus ketimbang nyawané dhéwé, malah kudu lila mati kanggo Yésus. Cetha, dadi muridé Yésus kuwi tanggung jawab sing gedhé. Iki ora éntuk disepèlèkké nanging kudu dipikir tenanan.

Para muridé Yésus uga bakal ngalami sengsara lan dianiaya, merga Yésus kandha, ”Sapa waé sing ora mikul cagak paukumané lan ora mèlu aku, ora isa dadi muridku.” (Lukas 14:27) Para muridé Yésus sing sejati kudu gelem diécé kaya sing dialami Yésus. Yésus malah kandha nèk Yésus bakal mati ing tangané mungsuhé.

Mula, kumpulan wong kuwi kudu mikirké tenanan apa tegesé dadi muridé Kristus. Bèn saya cetha, Yésus mènèhi umpama, ”Contoné, sapa ing antaramu sing arep mbangun menara ora lungguh dhisik lan ngétung ragadé supaya ngerti apa dhuwité cukup kanggo ngragadi kuwi nganti rampung? Nèk ora ngono, dhèwèké mungkin mung isa mbangun pondhasiné, nanging ora isa ngrampungké.” (Lukas 14:28, 29) Mula, sakdurungé dadi muridé Yésus, wong-wong kudu yakin tenan nèk sanggup mikul kabèh tanggung jawab kuwi. Yésus banjur nyritakké umpama liyané:

”Raja endi sing arep perang nglawan raja liyané, ora lungguh dhisik lan njaluk naséhat, supaya ngerti apa tentarané sing cacahé 10.000 isa nglawan raja sing nduwé tentara sing cacahé 20.000? Nèk jebulé ora isa, dhèwèké bakal ngirim sakelompok utusan kanggo njaluk damai wektu mungsuhé kuwi isih adoh. Semono uga, élinga, kowé ora isa dadi muridku nèk kowé ora ninggalké kabèh bandhamu.”​—Lukas 14:31-33.

Apa sing diomongké Yésus kuwi ora mung kanggo wong-wong kuwi thok. Kabèh wong sing sinau saka Kristus kudu gelem nindakké apa sing diomongké Yésus kuwi. Kuwi tegesé, wong-wong kudu siap ngurbanké apa waé sing diduwèni, malah uga nyawané, nèk péngin dadi muridé Yésus. Kuwi kudu dipikirké lan didongakké tenanan.

Saiki, Yésus ngrembug bab sing wis tau diomongké wektu Ceramah ing Gunung, yaiku nèk para muridé kuwi ”uyahé donya”. (Matius 5:13) Kaya uyah tenanan sing dadi bahan pengawèt, para muridé Yésus uga isa mbantu wong-wong supaya aja nganti kélangan hubungan sing apik karo Yéhuwah lan mbantu wong-wong supaya aja nganti moralé rusak. Yésus saiki takon, ”Uyah pancèn apik. Nanging nèk uyah wis ora asin, nganggo apa kuwi isa diasinké manèh?” (Lukas 14:34) Wong-wong wektu kuwi mesthi ngerti nèk ana uyah-uyah sing wis ora murni, wis kecampur karo pasir, dadi ora ana gunané manèh.

Yésus nduduhké, senajan wong wis suwé dadi muridé, nanging aja nganti dadi nglokro. Nèk kuwi kelakon, wong kuwi bakal kaya uyah sing wis ora asin manèh utawa ora ana gunané. Donya iki mungkin bakal ngécé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi uga isa dadi ora pantes manèh ing ngarsané Gusti Allah, malah isa ngèlèk-èlèk asmané Gusti Allah. Mula, Yésus ngandhani, ”Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”​—Lukas 14:35.