Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 97

Umpama bab Buruh sing Kerja ing Kebon Anggur

Umpama bab Buruh sing Kerja ing Kebon Anggur

MATIUS 20:1-16

  • BURUH ”SING PUNGKASAN” BAKAL DADI ”SING KAPISAN”

Yésus lagi waé mulang ing Péréa nèk ”akèh wong sing kapisan bakal dadi sing pungkasan, lan sing pungkasan bakal dadi sing kapisan”. (Matius 19:30) Bèn saya cetha, Yésus saiki mènèhi umpama bab buruh sing kerja ing kebon anggur:

”Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré. Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga menyang kebon angguré. Wektu kira-kira jam sanga ésuk, dhèwèké lunga manèh lan ndelok ana wong-wong sing nganggur ing pasar. Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku, lan kowé bakal tak wènèhi opah sing pantes.’ Wong-wong kuwi banjur mangkat. Kira-kira jam 12 awan lan jam 3 soré, dhèwèké lunga manèh kanggo nggolèk buruh liyané. Akiré, wektu kira-kira jam lima soré, dhèwèké lunga lan ketemu karo wong-wong sing lagi ngadeg lan ora nindakké apa-apa. Dhèwèké takon, ’Ngapa kowé mung ngadeg waé sedina muput lan ora kerja?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Merga ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku.’”​—Matius 20:1-7.

Wong-wong sing ngrungokké Yésus kayané langsung mikir bab Yéhuwah wektu Yésus nyebut ”Kraton swarga” lan ”wong sing nduwé kebon anggur”. Kitab Suci nggambarké Yéhuwah kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur, yaiku bangsa Israèl. (Jabur 80:9, 10; Yésaya 5:3, 4) Wong-wong sing ana ing perjanjian Hukum Musa diumpamakké kaya buruh mau. Nanging ing umpama iki, Yésus ora lagi ngomongké bab bangsa Israèl jaman mbiyèn. Yésus lagi ngomongké bab kahanan ing jamané.

Ing umpama mau ana wong sing nyambut gawé sedina muput lan ngarep-arep diopahi sak dinar. Wong-wong kuwi cocog kanggo nggambarké para pemimpin agama lan wong Farisi sing rumangsa wis terus nindakké pelayanan marang Gusti Allah.

Miturut para imam lan pemimpin agama liyané, wong-wong Yahudi biasa ora sregep nindakké pelayanan marang Gusti Allah kaya wong-wong kuwi. Ing umpama iki, wong Yahudi kuwi digambarké kaya wong sing kerjané ora sedina muput, nanging lagi mulai kerja kira-kira jam 9 ésuk, jam 12 awan, jam 3 soré, lan jam 5 soré.

Para pengikuté Yésus dianggep ”wong-wong sing kena kutuk”. (Yohanes 7:49) Sakdurungé dadi muridé Yésus, wong-wong kuwi kerja dadi nelayan utawa buruh. Banjur ing musim gugur taun 29 M, ”wong sing nduwé kebon anggur” ngutus Yésus ngundang wong-wong kuwi supaya kerja kanggo Gusti Allah. Wong-wong kuwi dadi ”sing pungkasan”, sing kerja mulai jam 5 soré.

Yésus banjur nyritakké apa sing kelakon wektu wong-wong kuwi wis rampung kerja, ”Wektu wis arep wengi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi kandha marang mandoré, ’Celuken para buruh lan bayaren opahé, saka sing teka kèri dhéwé nganti sing teka dhisik dhéwé.’ Banjur, wong-wong sing kerja wiwit jam lima soré mara, lan saben wong nampa opah sak dinar. Sakwisé kuwi, wong-wong sing kerja saka ésuk padha mara, lan ngira bakal dibayar luwih akèh. Nanging, jebulé wong-wong kuwi uga diopahi sak dinar. Mula wong-wong kuwi mulai padha protès marang sing nduwé kebon lan kandha, ’Wong-wong sing teka kèri kuwi mung kerja sak jam, nanging panjenengan mènèhi opah sing padha karo aku sing wis kerja sedina muput lan kepanasen.’ Nanging, wong sing nduwé kebon anggur kuwi njawab salah siji saka wong-wong kuwi, ’Aku ora tumindak salah marang kowé. Kowé kan wis setuju tak bayar sak dinar, ta?’ Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing tak bayarké marang kowé. Apa aku ora éntuk nggunakké dhuwitku dhéwé sakarepku? Utawa apa kowé iri merga aku apikan karo wong kuwi?’ Mula, wong sing pungkasan bakal dadi sing kapisan, lan sing kapisan bakal dadi sing pungkasan.”​—Matius 20:8-16.

Para murid bingung karo ukara sing pungkasan ing umpamané Yésus kuwi. Piyé para pemimpin agama Yahudi, sing rumangsa dadi ”sing kapisan” bakal dadi ”sing pungkasan”? Lan piyé para muridé Yésus bakal dadi ”sing kapisan”?

Para muridé Yésus, sing dianggep dadi wong ”sing pungkasan” karo wong Farisi lan wong-wong liyané, bakal dadi ”sing kapisan” lan nampa opah sing wutuh. Sakwisé Yésus mati, bangsa Israèl jasmani ditolak karo Gusti Allah banjur diganti karo bangsa sing anyar yaiku ”Israèl duwèké Gusti Allah”. (Galatia 6:16; Matius 23:38) Yohanes Pembaptis wis tau ngramalké bab iki wektu dhèwèké ngomongké bab baptisan nganggo roh suci. Wong-wong ”sing pungkasan” bakal dadi sing kapisan kanggo nampa baptisan iki lan nduwé pakurmatan dadi seksiné Yésus ”nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi”. (Kisah 1:5, 8; Matius 3:11) Yésus wis njelaské nèk kahanané para murid lan para pemimpin agama bakal bener-bener malih, mula para murid mungkin wis ngerti nèk bakal disengiti karo para pemimpin agama, sing bakal dadi ”sing pungkasan”.