Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 98

Para Rasul Ngupaya Manèh Dadi sing Paling Penting

Para Rasul Ngupaya Manèh Dadi sing Paling Penting

MATIUS 20:17-28 MARKUS 10:32-45 LUKAS 18:31-34

  • YÉSUS NGOMONGKÉ MANÈH RAMALAN BAB SÉDANÉ

  • TANGGEPANÉ YÉSUS WEKTU PARA RASUL PÉNGIN DADI SING PALING PENTING

Yésus lan para muridé wis tekan ing sisih wétan dhaérah Péréa, lan saya cedhak Yérusalèm. Wong-wong kuwi nyebrang Kali Yordan ing cedhak Yérikho. Akèh wong liyané uga lunga menyang Yérusalèm bareng karo Yésus lan para muridé kanggo ngrayakké Paskah taun 33 M.

Yésus mlaku ndhisiki para muridé supaya isa tekan Yérusalèm tepat waktu kanggo ngrayakké Paskah. Wektu kuwi para muridé wedi. Sakdurungé, pas Lazarus mati lan Yésus arep lunga saka Péréa menyang Yudéa, Tomas ngandhani para murid liyané, ”Ayo awaké dhéwé lunga sisan, supaya isa mati bareng Yésus.” (Yohanes 11:16, 47-53) Kuwi nduduhké nèk lunga menyang Yérusalèm bahaya banget, lan rasa wedi sing dirasakké para murid kuwi isa dimaklumi.

Yésus péngin para rasulé siap ngadhepi apa sing bakal kelakon, mula Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Putrané manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké, lan bakal masrahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya kanggo diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”​—Matius 20:18, 19.

Iki sing kaping teluné Yésus ngandhani para muridé bab sédané lan nèk dhèwèké bakal urip manèh. (Matius 16:21; 17:22, 23) Nanging wektu kuwi, Yésus kandha nèk dhèwèké bakal dipatèni ing cagak. Para murid ngrungokké omongané Yésus, nanging ora paham maksudé. Mungkin merga péngin nampa kamulyan dadi raja bareng Kristus ing bumi, para murid mikir nèk kerajaan Israèl bakal dipulihké ing bumi.

Ibuné rasul Yakobus lan Yohanes, sing kayané kuwi Salomé, ana ing antarané wong-wong sing arep menyang Yérusalèm. Yésus nyebut rasul loro kuwi ”Anak-Anak Gludhug” mesthi merga semangaté sing gedhé. (Markus 3:17; Lukas 9:54) Merga ngerti nèk anak-anaké péngin banget éntuk kedudukan penting ing Kratoné Kristus, Salomé marani Yésus, banjur sujud, lan ngomongké penjaluké. Yésus takon, ”Apa sing kok péngini?” Dhèwèké njawab, ”Ing Kratoné panjenengan, aku nyuwun supaya anakku loro iki isa lungguh cedhak panjenengan, siji ing sisih tengen, lan sijiné ing sisih kiwané panjenengan.”​—Matius 20:20, 21.

Sakjané, kuwi penjaluké Yakobus lan Yohanes. Yésus lagi waé ngandhani bab kahanan sing bakal dialami Yésus yaiku diisin-isinké lan dirèmèhké, mula Yésus takon, ”Kowé ora ngerti apa sing kok jaluk kuwi. Apa kowé isa ngombé saka cawan sing arep tak ombé?” Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” (Matius 20:22) Nanging, kayané wong-wong kuwi ora bener-bener paham apa karepé Yésus.

Senajan ngono, Yésus kandha, ”Kowé pancèn bakal ngombé saka cawanku, nanging aku ora nduwé wewenang kanggo nemtokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Panggonan-panggonan kuwi wis disiapké kanggo wong-wong sing wis ditemtokké Bapakku.”​—Matius 20:23.

Wektu krungu penjaluké Yakobus lan Yohanes, sepuluh rasul liyané dadi nesu. Apa mungkin kuwi merga pas udur-uduran sakdurungé, Yakobus lan Yohanes uga mèlu ing gègèran kuwi? (Lukas 9:46-48) Tanggepané 12 rasul kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi ora ngetrapké naséhaté Yésus bab kudu nduwé sikap andhap asor kaya bocah-bocah. Wong-wong kuwi isih péngin dadi sing paling penting.

Yésus mutuské kanggo ngrampungké masalah iki. Yésus banjur nyeluk 12 rasulé lan kanthi tresna Yésus mènèhi naséhat, ”Kowé ngerti nèk wong-wong sing dianggep dadi panguwasa bangsa-bangsa padha mréntah rakyaté, lan para pejabat uga nguwasani rakyaté. Nanging kowé aja kaya ngono. Sapa waé sing péngin dadi sing utama kudu ngladèni liyané, lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji ing antaramu, kudu dadi budhak kanggo kabèh.”​—Markus 10:42-44.

Yésus banjur ngandhani para rasulé bèn nyonto dhèwèké. Yésus kandha, ”Putrané manungsa teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.” (Matius 20:28) Wis kurang luwih telung taun suwéné, Yésus ngladèni akèh wong. Sedhéla manèh, Yésus bakal ngurbanké uripé kanggo manungsa. Para muridé kudu niru sipaté Kristus, sing péngin ngladèni ketimbang diladèni. Pilih dadi sing paling asor ketimbang dadi sing utama.