Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 79

Wong Yahudi sing Ora Nduwé Iman Bakal Disirnakké

Wong Yahudi sing Ora Nduwé Iman Bakal Disirnakké

LUKAS 13:1-21

  • PIWULANG SAKA RONG MUSIBAH

  • WONG WADON SING BUNGKUK DIMARÈKKÉ ING DINA SABAT

Yésus wis nggunakké akèh cara kanggo nggawé wong-wong mikirké hubungané wong-wong kuwi karo Gusti Allah. Yésus nindakké iki manèh wektu Yésus mulang ing ngarep omahé wong Farisi.

Ana wong-wong ing kono sing nyebutké sawijiné musibah. Wong-wong kuwi crita bab ”[Gubernur Romawi Pontius] Pilatus matèni wong-wong Galiléa sing lagi mènèhké kurban”.​—Lukas 13:6-9.

Kapan Pilatus nindakké kuwi? Wong-wong Galiléa kuwi mungkin dipatèni wektu éwonan wong Yahudi padha protès marang Pilatus, merga Pilatus nggunakké dhuwit saka bait kanggo mbangun akuaduk, utawa jembatan saluran banyu, menyang Yérusalèm. Pilatus mungkin kerjasama karo para pengurus bait. Wong-wong sing nyritakké kedadéan iki mungkin rumangsa nèk wong-wong Galiléa éntuk musibah kuwi merga wis nindakké kejahatan. Yésus ora setuju bab iki.

Yésus takon, ”Apa kok pikir nèk wong-wong Galiléa sing ngalami musibah kuwi dosané luwih gedhé ketimbang wong-wong Galiléa liyané?” Yésus njawab ora. Nanging, Yésus nggunakké kedadéan iki kanggo ngélikké wong-wong Yahudi, ”Nèk kowé ora mertobat, kowé kabèh ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.” (Lukas 13:2, 3) Yésus banjur ngrembug kedadéan liya sing mungkin lagi waé kelakon, lan isa waé isih ana hubungané karo pembangunan akuaduk mau.

Yésus kandha, ”Wong 18 sing mati kambrukan menara ing Siloam, apa kok pikir nèk wong-wong kuwi salahé luwih gedhé ketimbang kabèh wong liyané ing Yérusalèm?” (Lukas 13:4) Akèh wong kuwi rumangsa nèk wong-wong mau mati merga dosané dhéwé. Sepisan manèh, Yésus ora setuju. Yésus ngerti nèk musibah kuwi isa waé kelakon merga wektu lan kedadéan sing ora dinyana-nyana. (Kohèlèt 9:11) Nanging, wong-wong kudu sinau saka musibah kuwi. Yésus kandha, ”Nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.” (Lukas 13:5) Apa sebabé kok Yésus mulangké bab kuwi saiki?

Kuwi ditindakké merga ana hubungané karo pelayanané. Yésus mènèhi umpama, ”Ana wong sing nduwé wit ara ing kebon angguré. Dhèwèké mara kanggo nggolèk woh ing wit kuwi, nanging ora nemokké woh siji-sijia. Banjur dhèwèké ngomong marang tukang keboné, ’Wis telung taun aku nggolèk woh ing wit ara iki, nanging ora tau ana. Tegoren waé! Ora ana gunané wit kuwi thukul ing lemah nèk ora metu wohé.’ Tukang keboné njawab, ’Ndara, coba dientèni setaun manèh. Aku bakal nggali lemah ing sak ubengé lan tak wènèhi pupuk. Nèk wit iki metu wohé, ya apik. Nanging nèk ora, ya ditegor waé.’”​—Lukas 13:6-9.

Luwih saka telung taun, Yésus wis ngupaya nguwatké imané wong Yahudi. Nanging, mung ana sithik sing dadi muridé lan isa dianggep dadi woh saka upayané Yésus. Saiki, ing taun kapapat nindakké pelayanané, upayané Yésus saya mempeng kanggo martakké lan mulang ing Yudéa lan Péréa. Kuwi kaya-kayané Yésus nggali lan mènèhi pupuk ing sak ubengé wit ara Yahudi. Apa hasilé? Mung sithik wong Yahudi sing nampa. Nanging, bangsa kuwi akèh-akèhé ora mertobat lan pantes disirnakké.

Pas dina Sabat, ora suwé sakwisé kedadéan mau, wong-wong kuwi nolak Yésus manèh. Yésus lagi mulang ing sinagogé, lan ndelok ana wong wadon sing wis 18 taun bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg merga digawé lara karo roh jahat. Merga mesakké, Yésus ngandhani wong wadon kuwi, ”Kowé dibébaské saka penyakitmu.” (Lukas 13:12) Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wadon kuwi, lan wong wadon kuwi langsung ngadeg jejeg lan mulai ngluhurké Gusti Allah.

Ketua sinagogé dadi nesu, lan kandha, ”Ana nem dina kanggo kerja. Dadi nèk péngin dimarèkké, tekaa pas dina-dina kuwi, aja ing dina Sabat.” (Lukas 13:14) Ketua sinagogé kuwi ngakoni nèk Yésus pancèn nduwé kuwasa kanggo marèkké. Nanging, dhèwèké ngutuk wong sing teka kanggo dimarèkké pas dina Sabat. Yésus nanggepi nganggo jawaban sing masuk akal, ”Wong munafik, ing dina Sabat kowé ngeculké sapi utawa keledaimu saka kandhang lan nggawa kéwan kuwi kanggo diombèni, ta? Apa manèh wong wadon iki, dhèwèké keturunané Abraham lan wis 18 taun ditalèni Sétan. Mesthiné dhèwèké ya éntuk diuculi saka taliné kuwi ing dina Sabat, ta?”​—Lukas 13:15, 16.

Wong-wong sing nentang Yésus dadi isin, nanging kumpulan wong ing kana padha seneng ndelok apa sing Yésus tindakké. Yésus banjur mbalèni manèh rong umpama bab Kraton, sing wis tau diwulangké saka prau ing Laut Galiléa.​—Matius 13:31-33; Lukas 13:18-21.