Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 69

Bapaké Wong-Wong Kuwi Abraham utawa Iblis?

Bapaké Wong-Wong Kuwi Abraham utawa Iblis?

YOHANES 8:37-59

  • WONG YAHUDI NGANGGEP ABRAHAM KUWI BAPAKÉ

  • YÉSUS WIS ANA SAKDURUNGÉ ABRAHAM

Wektu isih ana ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Riyaya Tabernakel (Riyaya Tarub), Yésus terus mulangké apa sing bener. Ana wong Yahudi sing kandha marang Yésus, ”Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa.” Yésus njawab, ”Aku ngerti nèk kowé keturunané Abraham. Nanging kowé péngin matèni aku, merga kowé ora nampa omonganku. Aku ngomongké perkara-perkara sing tak delok wektu aku bareng karo Bapakku, nanging kowé nindakké perkara-perkara sing kok rungokké saka bapakmu.”​—Yohanes 8:33, 37, 38.

Inti omongané Yésus sedherhana: Bapaké Yésus béda karo bapaké wong-wong kuwi. Nanging merga ora paham, wong-wong Yahudi kandha manèh, ”Bapakku kuwi Abraham.” (Yohanes 8:39; Yésaya 41:8) Wong Yahudi pancèn keturunané Abraham, sahabaté Gusti Allah. Mula, wong-wong kuwi rumangsa nèk uga nyembah Gusti Allahé Abraham.

Nanging, Yésus njawab, ”Nèk kowé anak-anaké Abraham, kowé bakal nindakké apa sing ditindakké Abraham.” Anak mesthi niru bapaké. Yésus kandha manèh, ”Aku wis ngandhani kowé apa sing bener sing tak rungokké saka Gusti Allah, nanging kowé malah arep matèni aku. Abraham ora tau nindakké sing kaya ngono.” Yésus banjur kandha, ”Kowé nindakké apa sing ditindakké bapakmu.”​—Yohanes 8:39-41.

Wong Yahudi isih durung paham sapa sing dimaksud Yésus. Wong-wong kuwi nganggep nèk wong-wong kuwi keturunané Abraham sing sah, kandhané, ”Aku kabèh dudu anak sing lair merga hubungan sèks sing ora sah. Bapakku mung siji, yaiku Gusti Allah.” Nanging Yésus njawab, ”Nèk Gusti Allah kuwi Bapakmu, kowé bakal nresnani aku. Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, nanging merga Panjenengané sing ngutus aku. Kowé ora paham apa sing tak omongké iki merga kowé ora gelem nampa omonganku.”​—Yohanes 8:41-43.

Yésus ngupaya nduduhké apa akibaté nèk nolak dhèwèké. Kanthi terus terang Yésus kandha, ”Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu.” Kaya apa bapaké wong-wong kuwi? Yésus kandha, ”Dhèwèké kuwi tukang matèni wiwit dhèwèké mulai mbrontak, lan dhèwèké nyimpang saka apa sing bener.” Yésus kandha manèh, ”Anak-anaké Gusti Allah ngrungokké pangandikané Gusti Allah. Nanging kowé ora ngrungokké, merga kowé dudu anak-anaké Gusti Allah.”​—Yohanes 8:44, 47.

Omongané Yésus nggawé wong-wong kuwi nesu, lan kandha, ”Pancèn bener omonganku, ’Kowé kuwi wong Samaria lan kesurupan roh jahat.’” Kanthi nyebut Yésus ”wong Samaria”, wong-wong kuwi ngrèmèhké Yésus. Yésus ora nggagas, malah kandha, ”Aku ora kesurupan. Aku ngajèni Bapakku, nanging kowé ora ngajèni aku.” Kanggo nduduhké pentingé manut Yésus, Yésus janji, ”Sapa waé sing manut marang omonganku, wong kuwi ora bakal mati.” Kuwi dudu tegesé nèk para rasul lan muridé Yésus liyané babar blas ora bakal mati, nanging wong-wong kuwi ora bakal ngalami ”pati sing kapindho”, yaiku disirnakké saklawasé.​—Yohanes 8:48-51; Wahyu 21:8.

Wong-wong Yahudi ngira nèk Yésus lagi ngomongké bab pati sing biasa, kandhané, ”Saiki aku ngerti nèk kowé kuwi kesurupan tenan. Abraham wis mati, semono uga para nabi, nanging kowé kandha, ’Sapa waé sing manut marang omonganku, wong kuwi ora bakal mati.’ Kowé kan ora ngungkuli bapakku Abraham, sing wis mati, ta? . . . Rumangsamu kowé kuwi sapa?”​—Yohanes 8:52, 53.

Yésus nduduhké kanthi cetha nèk dhèwèké kuwi Mèsias. Nanging ketimbang ngomongké langsung, Yésus kandha, ”Nèk aku mulyakké awakku dhéwé, kamulyanku kuwi ora ana gunané. Bapakku, yaiku sing kok sebut Gusti Allahmu, kuwi sing mulyakké aku. Kowé ora kenal Panjenengané, nanging aku kenal Panjenengané. Lan nèk aku kandha ora kenal Panjenengané, aku bakal dadi tukang ngapusi kaya kowé.”​—Yohanes 8:54, 55.

Yésus kandha manèh, ”Bapakmu Abraham seneng banget merga nduwé pangarep-arep isa ndelok wektu aku teka. Dhèwèké mbayangké kuwi, lan kuwi nggawé dhèwèké bungah.” Abraham ngarep-arep tekané Mèsias merga percaya marang janjiné Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Umurmu durung nganti 50, nanging kowé wis tau ndelok Abraham?” Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.” Iki pancèn bener, merga Yésus wis ana ing swarga dadi makhluk roh suwé sakdurungé Abraham lair.​—Yohanes 8:56-58.

Wong-wong Yahudi nesu banget wektu krungu kuwi, lan arep mbandhemi Yésus. Nanging Yésus ndhelik lan metu saka bait.