Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 68

Putrané Gusti Allah Kuwi ”Pepadhangé Donya”

Putrané Gusti Allah Kuwi ”Pepadhangé Donya”

YOHANES 8:12-36

  • YÉSUS NERANGKÉ SAPA PUTRANÉ MANUNGSA KUWI

  • APA MAKSUDÉ WONG YAHUDI KUWI BUDHAK?

Ing dina pungkasané Riyaya Tabernakel, yaiku dina kapitu, Yésus mulang ing bagéan bait, ”ing cedhak kothak sumbangan”. (Yohanes 8:20; Lukas 21:1) Iki kayané ing Halamané Wong Wadon, yaiku panggonan wong-wong mènèhi sumbangan.

Ing saben wengi saksuwéné riyaya, panggonan iki diwènèhi pepadhang kusus. Ing kana, ana patang lampu minyak sing gedhé. Cahya saka lampu iki padhang banget, cukup kanggo madhangi nganti jarak sing adoh. Apa sing diomongké Yésus saiki mungkin ngélingké wong-wong bab lampu minyak kuwi, ”Aku iki pepadhangé donya. Sapa waé sing dadi pengikutku ora bakal mlaku ing pepeteng, nanging bakal nduwèni pepadhangé urip.”​—Yohanes 8:12.

Wong Farisi ora trima krungu omongané Yésus lan kandha, ”Kowé mènèhi kesaksian bab awakmu dhéwé. Kesaksianmu kuwi ora bener.” Yésus njawab, ”Senajan aku mènèhi kesaksian bab awakku dhéwé, kesaksianku kuwi bener, merga aku ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga menyang ngendi. Nanging kowé ora ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga menyang ngendi.” Yésus kandha manèh, ”Hukum Taurat uga kandha, ’Nèk ana wong loro sing mènèhi kesaksian, kesaksian kuwi bener.’ Aku mènèhi kesaksian bab awakku dhéwé, lan Bapak sing ngutus aku uga mènèhi kesaksian bab aku.”​—Yohanes 8:13-18.

Wong Farisi ora gelem nampa penjelasané Yésus lan takon, ”Bapakmu ing ngendi?” Yésus njawab kanthi terus terang, ”Kowé ora kenal aku utawa Bapakku. Nèk kowé kenal aku, kowé ya mesthi kenal Bapakku.” (Yohanes 8:19) Senajan wong Farisi péngin nangkep Yésus, nanging ora ana sing isa nindakké kuwi.

Yésus mbalèni manèh omongané, ”Aku arep lunga, lan kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé bakal mati nggawa dosamu. Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.” Wong-wong Yahudi salah tampa karo omongané Yésus, banjur kandha, ”Apa dhèwèké arep bunuh dhiri, kok dhèwèké kandha, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana’?” Wong-wong kuwi ora paham merga ora ngerti asalé Yésus. Yésus nerangké, ”Asalmu saka ngisor, aku saka ndhuwur. Kowé saka donya iki, nanging aku ora saka donya iki.”​—Yohanes 8:21-23.

Yésus nduduhké nèk dhèwèké wis urip ing swarga sakdurungé dadi manungsa lan nèk dhèwèké kuwi Mèsias, utawa Kristus, sing dijanjèkké. Para pemimpin agama kuduné ngerti, nanging malah takon, ”Kowé kuwi sapa?”​—Yohanes 8:25.

Yésus njawab para penentang kuwi, ”Kanggo apa manèh aku omongan karo kowé?” Senajan ngono, Yésus tetep ngomongké bab Bapaké lan nerangké alesané wong-wong Yahudi kudu ngrungokké Yésus. Yésus kandha, ”Panjenengané sing ngutus aku kuwi bener, lan bab-bab sing tak rungokké saka Panjenengané, yakuwi sing tak omongké ing donya iki.”​—Yohanes 8:25, 26.

Yésus banjur nduduhké imané marang Bapaké, ora kaya wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Sakwisé kowé ngangkat Putrané manungsa, kowé bakal ngerti nèk aku iki wongé, lan nèk aku ora nindakké apa-apa manut karepku dhéwé. Nanging, aku ngomongké apa sing diwulangké Bapak marang aku. Panjenengané sing ngutus aku ana bareng karo aku. Panjenengané ora ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké perkara-perkara sing nyenengké Panjenengané.”​—Yohanes 8:28, 29.

Nanging, ana uga wong Yahudi sing nduwé iman marang Yésus. Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku, kowé bener-bener muridku, lan kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.”​—Yohanes 8:31, 32.

Kanggo sapérangan wong, omongané Yésus bab mbébaské kuwi anèh. Wong-wong kuwi kandha, ”Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa. Kok isa kowé ngomong nèk aku kabèh bakal bébas?” Senajan wis tau dijajah bangsa liya, wong Yahudi ora gelem disebut budhak. Nanging Yésus nduduhké nèk wong-wong kuwi tetep budhak, kandhané, ”Saktenané aku kandha marang kowé, saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa.”​—Yohanes 8:33, 34.

Wong Yahudi ora sadhar nèk wis dadi budhaké dosa, mula Yésus ngandhani apa sing bakal wong-wong kuwi alami, kandhané, ”Budhak ora manggon saklawasé ing omahé juragané, nanging anaké juragané sing tetep manggon ing kono saklawasé.” (Yohanes 8:35) Budhak ora nduwé hak nampa warisan lan isa diusir kapan waé. Mung anak kandhung utawa anak angkat, sing éntuk tetep manggon ing kono ”saklawasé” uripé.

Mula, wulangan sing bener bab Putra isa mbébaské wong saka akibat dosa, yaiku pati, kanggo saklawasé. Yésus kandha, ”Nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas.”​—Yohanes 8:36.