Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 105

Piwulang bab Iman saka Wit Ara

Piwulang bab Iman saka Wit Ara

MATIUS 21:19-27 MARKUS 11:19-33 LUKAS 20:1-8

  • PIWULANG BAB IMAN SAKA WIT ARA SING ALUM

  • WEWENANGÉ YÉSUS DITANTANG

Sakwisé ninggalké Yérusalèm ing dina Senèn soré, Yésus bali menyang Bétani, sing ana ing lèrèng sisih wétané Gunung Zaitun. Yésus kayané nginep ing omahé Lazarus, Maria, lan Marta.

Saiki tanggal 11 Nisan ésuk. Yésus lan para muridé nindakké perjalanan manèh menyang Yérusalèm. Kuwi bakal dadi kesempatan sing pungkasan kanggo Yésus mara ing bait lan mulang ing ngarepé wong akèh. Sakwisé kuwi, Yésus bakal ngrayakké Paskah, netepké Pèngetan sédané, banjur diadili lan dihukum mati.

Ing perjalanan saka Bétani menyang Yérusalèm, pas ngliwati Gunung Zaitun, Pétrus ndelok wit sing wingi dikutuk Yésus. Pétrus kandha, ”Rabi, deloken! Wit ara sing panjenengan kutuk kuwi wis alum.”​—Markus 11:21.

Apa sebabé Yésus nggawé wit ara kuwi dadi alum? Yésus njelaské alesané, ”Saktenané aku kandha, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé ora mung bakal isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi, nanging kowé uga mesthi isa ngongkon gunung iki, ’Mumbula lan njegura ing laut,’ lan kuwi bakal kelakon. Lan apa waé sing kok suwun wektu ndonga, kuwi kabèh bakal kok tampa nèk kowé nduwé iman.” (Matius 21:21, 22) Iki dudu sing sepisanan Yésus kandha nèk iman isa mindhah gunung.​—Matius 17:20.

Dadi, Yésus nggawé wit ara kuwi alum kanggo nduduhké pentingé nduwé iman marang Gusti Allah. Dhèwèké kandha, ”Apa waé sing kok dongakké lan kok suwun, padha nduwéa iman nèk kowé wis nampa kuwi. Lan kowé mesthi bakal nampa apa sing kok suwun kuwi.” (Markus 11:24) Kuwi piwulang penting kanggo kabèh pengikuté Yésus, utamané kanggo para rasul sing sedhéla manèh bakal ngadhepi akèh ujian sing abot. Sakliyané kuwi, ana piwulang liyané bab iman sing isa kita sinaoni.

Kaya wit ara iki, bangsa Israèl saka njaba kétoké apik nanging sakjané ora. Bangsa Israèl kuwi bangsa sing nduwé perjanjian karo Gusti Allah. Saka njaba, bangsa kuwi kétoké manut hukumé Gusti Allah, nanging sakjané ora nduwé iman lan ora ngasilké woh sing apik. Bangsa kuwi malah nolak Putrané Gusti Allah. Mula, wektu nggawé wit ara kuwi dadi alum, Yésus nduduhké apa sing bakal dialami bangsa sing ora nduwé iman lan ora ngasilké woh kuwi.

Bar kuwi, Yésus lan para muridé tekan Yérusalèm. Kaya biasané, Yésus mlebu ing bait lan mulai mulang. Para imam kepala lan para pemimpin mungkin isih kèlingan karo apa sing Yésus tindakké sakdurungé marang para tukang ngijoli dhuwit. Mula padha takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?”​—Markus 11:28.

Saiki, gentènan Yésus sing nantang, ”Aku uga arep takon marang kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk wewenang kanggo nindakké kabèh iki. Baptisan Yohanes kuwi asalé saka Gusti Allah apa manungsa? Coba jawaben.” Para imam lan para pemimpin padha rembugan, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Saka Gusti Allah,’ dhèwèké bakal kandha, ’Terus, ngapa kowé ora percaya marang Yohanes?’ Nanging, apa awaké dhéwé wani njawab, ’Saka manungsa’?” Wong-wong kuwi mikir kaya ngono merga wedi karo wong akèh sing ”padha nganggep nèk Yohanes kuwi bener-bener nabi.​—Markus 11:29-32.

Wong-wong sing nentang Yésus ora isa njawab. Mula padha kandha, ”Aku kabèh ora ngerti.” Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki.”​—Markus 11:33.