Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 119

Yésus​—⁠Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip

Yésus​—⁠Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip

YOHANES 14:1-31

  • YÉSUS LUNGA KANGGO NYIAPKÉ PANGGONAN

  • YÉSUS JANJI BAKAL MÈNÈHI JURU TULUNG

  • BAPAK LUWIH KUWASA KETIMBANG YÉSUS

Yésus isih ana ing ruangan lantai ndhuwur bareng para rasulé. Yésus nguwatké para rasulé, kandhané, ”Aja nganti atimu susah. Duduhna iman marang Gusti Allah. Duduhna iman uga marang aku.”​—Yohanes 13:36; 14:1.

Yésus ngandhani apa sebabé para rasul ora perlu kuwatir sakwisé Yésus ora ana, ”Ing omahé Bapakku ana akèh panggonan. . . . Nèk aku lunga lan nyiapké panggonan kanggo kowé, aku bakal teka manèh lan nggawa kowé menyang omahku, supaya kowé isa ana ing panggonan sing tak enggoni.” Nanging, para rasul ora paham nèk Yésus arep lunga menyang swarga. Tomas takon, ”Gusti, aku kabèh ora ngerti panjenengan arep lunga menyang ngendi. Piyé aku isa ngerti dalané?”​—Yohanes 14:2-5.

Yésus njawab, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip.” Dadi, wong isa mlebu ing omahé Bapak ing swarga mung nèk nampa Yésus lan piwulangé, uga niru tuladhané. Yésus kandha, ”Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.”​—Yohanes 14:6.

Filipus, sing kèt mau ngrungokké, kandha, ”Gusti, duduhna Bapak marang aku kabèh, lan kuwi bakal nggawé atiku lega.” Kétoké, Filipus péngin diduduhi wahyu bab Gusti Allah, kaya sing didelok Musa, Élia, lan Yésaya. Nanging, para rasul sakjané nduwé bab sing luwih apik ketimbang kuwi. Yésus kandha, ”Wis suwé aku bareng karo kowé kabèh, nanging kok kowé isih durung kenal aku, Filipus? Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak.” Yésus nduduhké sipat-sipaté Bapaké kanthi sampurna. Mula, isa srawung bareng Yésus lan nggatèkké tumindaké Yésus kuwi padha kaya ndelok Bapaké. Pancèn, Bapak luwih unggul ketimbang Putra, merga Yésus kandha, ”Apa sing tak omongké marang kowé asalé dudu saka pikiranku dhéwé.” (Yohanes 14:8-10) Para rasul isa weruh nèk Yésus mesthi muji Bapaké merga kabèh piwulangé asalé saka Bapaké.

Para rasul wis ndelok akèh mukjijat lan krungu Yésus martakké warta bab Kratoné Allah. Saiki Yésus ngandhani para muridé, ”Sapa waé sing nduduhké iman marang aku uga bakal nindakké gawéan sing tak tindakké, lan dhèwèké bakal nindakké gawéan sing luwih gedhé manèh.” (Yohanes 14:12) Iki dudu tegesé nèk para murid bakal nggawé mukjijat sing luwih hébat ketimbang Yésus. Nanging, wong-wong kuwi bakal nginjil kanggo wektu sing luwih suwé, ing dhaérah sing luwih amba, lan marang luwih akèh wong.

Senajan arep ditinggal Yésus, para murid ora bakal dijarké, merga Yésus janji, ”Nèk kowé njaluk apa waé nganggo jenengku, aku bakal nindakké kuwi.” Malah, Yésus uga kandha, ”Aku bakal nyuwun marang Bapak lan Panjenengané bakal maringi kowé juru tulung liyané sing bakal tetep ana karo kowé saklawasé, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener.” (Yohanes 14:14, 16, 17) Yésus njamin para muridé bakal nampa roh suci, yaiku juru tulung liyané. Kuwi kelakon ing dina Péntakosta.

Yésus kandha, ”Sedhéla manèh donya ora bakal ndelok aku, nanging kowé bakal ndelok aku, merga aku terus urip lan kowé bakal urip.” (Yohanes 14:19) Sakwisé Yésus diuripké manèh, para muridé bakal ndelok dhèwèké sakdurungé munggah ing swarga, lan sukmbèn, para murid uga bakal ana bareng karo Yésus ing swarga.

Saiki, Yésus ngandhani piwulang iki: ”Sapa waé sing nampa préntah-préntahku lan nindakké kuwi, yakuwi wong sing nresnani aku. Wong sing nresnani aku bakal ditresnani Bapakku, lan aku uga bakal nresnani dhèwèké, lan bakal nduduhké kanthi cetha marang dhèwèké sapa aku iki.” Wektu krungu kuwi, Rasul Yudas, sing uga disebut Tadéus, takon, ”Gusti, ngapa kok nganti panjenengan arep nduduhké kanthi cetha marang aku kabèh, lan dudu marang donya?” Yésus njawab, ”Wong sing nresnani aku bakal nindakké omonganku. Bapakku bakal nresnani dhèwèké . . . Sapa sing ora nresnani aku, ora nindakké omonganku.” (Yohanes 14:21-24) Ora kaya para pengikuté Yésus, akèh-akèhé wong ing donya iki ora ngakoni nèk Yésus kuwi dalan, sing bener, lan sing marahi urip.

Sakwisé Yésus ora ana, piyé para muridé isa kèlingan kabèh piwulangé Yésus? Yésus kandha, ”Juru tulung kuwi, yaiku roh suci, sing bakal dikirim Bapak nganggo jenengku, kuwi sing bakal mulangké kabèh perkara marang kowé lan ngélingké kowé bab kabèh sing wis tau tak omongké marang kowé.” Para rasul wis ndelok dhéwé nèk kabèh sing ditindakké Yésus kuwi dibantu roh suci, mula omongan kuwi mesthi nglipur banget. Yésus kandha manèh, ”Kowé padha tak tinggali katentreman. Aku mènèhi kowé katentremanku. . . . Aja nganti atimu susah lan wedi.” (Yohanes 14:26, 27) Dadi, para murid ora perlu kuwatir merga Bapaké Yésus, yaiku Yéhuwah bakal nuntun lan nglindhungi.

Sedhéla manèh wong-wong kuwi bakal ndelok nèk Gusti Allah isa nglindhungi manungsa. Yésus kandha, ”Panguwasa donya iki bakal teka, lan dhèwèké ora nduwé kuwasa marang aku.” (Yohanes 14:30) Iblis isa mengaruhi Yudas lan ngendhalèni dhèwèké. Nanging, ora ana kelemahan sing diduwèni Yésus sing isa digunakké Sétan kanggo nglawan Gusti Allah, klebu nggawé Yésus mati terus. Apa sebabé? Yésus kandha, ”Aku mung nindakké apa sing dipréntahké Bapak marang aku.” (Yohanes 14:31) Yésus yakin nèk Bapaké bakal nguripké manèh dhèwèké, merga Bapak luwih kuwasa ketimbang Yésus.