Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 130

Yésus Dihukum Mati

Yésus Dihukum Mati

MATIUS 27:31, 32 MARKUS 15:20, 21 LUKAS 23:24-31 YOHANES 19:6-17

  • PILATUS NYOBA MBÉBASKÉ YÉSUS MANÈH

  • YÉSUS DIVONIS MATI

Yésus wis dianiaya lan diécé, lan Pilatus uga wis ngupaya mbébaské Yésus, nanging para imam kepala lan pengikuté tetep péngin Yésus dipatèni. Wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak! Patènana wong kuwi ing cagak!” Pilatus njawab, ”Kowé waé sing nggawa lan matèni dhèwèké. Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.”​—Yohanes 19:6.

Wong Yahudi ora isa ngyakinké Pilatus nèk Yésus pantes dihukum mati merga tudhuhan nglawan pamréntah. Mula, kaya tudhuhané mbiyèn pas ing ngarepé Sanhèdrin, saiki Yésus ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Aku nduwé hukum, lan miturut hukumku dhèwèké kudu mati, merga dhèwèké ngaku-ngaku putrané Gusti Allah.” (Yohanes 19:7) Iki sing sepisanan Pilatus krungu tudhuhan kuwi.

Pilatus banjur bali menyang istanané lan ngupaya nggolèk cara kanggo mbébaské Yésus sing bar ngalami tumindak kejem. Mungkin, dhèwèké kèlingan karo mimpiné bojoné. (Matius 27:19) Pilatus bingung karo tudhuhan anyar sing digawé wong Yahudi nèk Yésus kuwi ”putrané Gusti Allah”. Padahal Pilatus ngertiné Yésus saka Galiléa. (Lukas 23:5-7) Mula, Pilatus nakoni Yésus, ”Asalmu saka ngendi?” (Yohanes 19:9) Pilatus mungkin ngira nèk Yésus kuwi déwa lan tau urip ing swarga.

Yésus wis ngandhani Pilatus nèk Yésus kuwi raja, nanging Kratoné dudu bagéan saka donya iki. Mula, Yésus rumangsa ora perlu nerangké apa-apa manèh, Yésus tetep meneng. Kuwi nggawé Pilatus tersinggung, banjur karo nesu dhèwèké kandha, ”Apa kowé ora gelem ngomong karo aku? Apa kowé ora ngerti nèk aku nduwé wewenang kanggo mbébaské kowé lan kanggo ngukum mati kowé?”​—Yohanes 19:10.

Yésus njawab, ”Kowé babar blas ora nduwé wewenang marang aku, kejaba nèk kuwi diparingké Gusti Allah marang kowé. Kuwi sebabé wong sing masrahké aku marang kowé, dosané luwih gedhé.” (Yohanes 19:11) Kayané ”wong” sing dimaksud Yésus kuwi ora mung wong siji thok, nanging wong-wong kaya Kayafas, para imam liyané, lan Yudas Iskariot kuwi dosané luwih gedhé timbang Pilatus.

Pilatus nggumun karo sikap lan omongané Yésus, kuwi nggawé Pilatus saya wedi aja-aja Yésus kuwi bener-bener déwa. Mula, Pilatus ngupaya manèh mbébaské Yésus. Nanging, wong Yahudi ngancem Pilatus, ”Nèk kowé mbébaské wong iki, kowé dudu kancané Kaisar. Saben wong sing ngaku-ngaku dhèwèké kuwi raja, sakjané wong kuwi nglawan Kaisar.”​—Yohanes 19:12.

Pilatus nggawa Yésus metu manèh, banjur lungguh ing kursi pengadilan, lan kandha marang wong-wong, ”Deloken, rajamu!” Nanging, wong Yahudi ora mesakké lan mbengok, ”Patènana dhèwèké! Patènana dhèwèké! Patènana dhèwèké ing cagak!” Pilatus banjur kandha, ”Apa aku kudu matèni rajamu?” Wong Yahudi sakjané ya ora seneng karo pamréntahan Romawi, nanging para imam kepala njawab, ”Aku ora nduwé raja liya sakliyané Kaisar.”​—Yohanes 19:14, 15.

Merga terus-terusan dipeksa wong Yahudi, Pilatus akiré masrahké Yésus kanggo dihukum mati. Para prajurit nyopot jubahé Yésus lan nganggokké klambi njabané. Yésus banjur digawa saka kono karo manggul cagak paukumané dhéwé.

Saiki dina Jumat tanggal 14 Nisan, lan wis mèh wayah awan. Yésus ora turu wiwit dina Kemis ésuk lan disiksa terus-terusan. Merga cagak sing kudu dipanggul kuwi abot, Yésus dadi kentèkan tenaga. Mula, para prajurit meksa sawijiné wong sing lagi liwat, jenengé Simon saka Kiréné ing Afrika, kanggo ngangkat cagak paukumané Yésus. Akèh wong ngarak Yésus karo nangis lan nggebugi awaké merga sedhih.

Yésus kandha marang wong-wong wadon kuwi, ”Wong-wong wadon Yérusalèm, aja nangisi aku manèh. Tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu. Merga bakal tekan wektuné wong-wong padha kandha, ’Bungah wong-wong wadon sing mandhul, lan wong-wong wadon sing ora tau nglairké lan sing ora tau nyusoni!’ Banjur wong-wong kuwi bakal mulai kandha marang gunung-gunung, ’Tutupana aku!’ lan marang bukit-bukit, ’Dhelikna aku!’ Nèk wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara iki wektu wit isih seger, apa sing bakal kelakon wektu wit kuwi alum?”​—Lukas 23:28-31.

Yésus lagi ngomongké bab bangsa Yahudi, sing dipadhakké kaya wit alum nanging isih ana bagéané sing seger, merga Yésus isih urip lan ana wong Yahudi sing nduwé iman marang Yésus. Nanging, wektu Yésus séda lan para muridé ninggalké agama Yahudi, bangsa kuwi bakal mati ing bab rohani kaya wit sing mati. Bangsa kuwi bakal nangis wektu Gusti Allah nggunakké tentara Romawi kanggo ngukum bangsa kuwi.