Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 122

Dongané Yésus ing Ruang Ndhuwur

Dongané Yésus ing Ruang Ndhuwur

YOHANES 17:1-26

  • BERKAH MERGA KENAL GUSTI ALLAH LAN PUTRANÉ

  • YÉHUWAH, YÉSUS, LAN UMATÉ GUSTI ALLAH DADI SIJI

Merga tresnané sing gedhé, Yésus wis nyiapké para rasulé kanggo ngadhepi sédané Yésus sing saya cedhak. Saiki, Yésus ndhangak ndelok langit lan ndonga marang Bapaké, ”Mulyakna putra Panjenengan supaya putra Panjenengan mulyakké Panjenengan. Panjenengan wis maringi dhèwèké wewenang tumrap kabèh wong, supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé marang kabèh wong sing wis Panjenengan pasrahké marang dhèwèké.”​—Yohanes 17:1, 2.

Yésus ngerti nèk mulyakké Gusti Allah kuwi bab sing paling penting. Nanging, Yésus uga nyebutké bab urip saklawasé. Merga wis nampa ”wewenang tumrap kabèh wong”, Yésus isa mènèhi paédah saka kurban tebusané marang manungsa. Nanging ora marang kabèh wong. Apa sebabé? Merga Yésus mung bakal mberkahi wong-wong sing tumindaké cocog karo syarat iki: ”Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kenal karo Yésus Kristus sing Panjenengan utus.”​—Yohanes 17:3.

Dadi, kita kudu kenal cedhak lan nduwé hubungan sing akrab karo Bapak lan Putra. Kita kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah lan Putrané, lan ngupaya niru sipat-sipat apiké wektu urusan karo wong liya. Kita uga kudu paham nèk mulyakké Gusti Allah kuwi luwih penting ketimbang pangarep-arep urip saklawasé sing diwènèhké marang manungsa. Bab iki Yésus kandha:

”Aku wis ngluhurké Panjenengan ing bumi lan ngrampungké gawéan sing Panjenengan paringké marang aku. Mula saiki, Bapak, mulyakna aku ing sisihé Panjenengan nganggo kamulyan sing tak duwèni ing sisihé Panjenengan sakdurungé donya ana.” (Yohanes 17:4, 5) Yésus njaluk diuripké manèh lan nampa manèh kamulyan ing swarga.

Nanging, Yésus ora lali nèk kudu ngrampungké pelayanané ing bumi. Yésus ndonga, ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan nyata marang wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku saka donya. Wong-wong kuwi duwèké Panjenengan, lan Panjenengan masrahké wong-wong kuwi marang aku, lan wong-wong kuwi wis nindakké pangandikané Panjenengan.” (Yohanes 17:6) Yésus ora mung martakké bab asmané Yéhuwah ing pelayanané. Nanging, Yésus uga mbantu para rasulé ngerti bab sipat-sipat lan carané Yéhuwah urusan karo manungsa.

Para rasul wis kenal Yéhuwah, ngerti tugasé Yésus, lan bab-bab sing diwulangké Yésus. Yésus kandha, ”Aku wis mènèhi wong-wong kuwi pangandika sing wis Panjenengan paringké marang aku, lan wong-wong kuwi wis nampa pangandika kuwi. Wong-wong kuwi ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Panjenengan lan wis padha percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku.”​—Yohanes 17:8.

Yésus banjur nduduhké bédané para pengikuté karo akèh-akèhé wong umumé: ”Aku ndonga kanggo wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, nanging kanggo wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku, merga wong-wong kuwi duwèké Panjenengan . . . Bapak sing suci, jaganen wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji, kaya aku lan Panjenengan dadi siji. . . . Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan ora ana siji-sijia ing antarané wong-wong kuwi sing sirna, kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké,” maksudé Yudas Iskariot, sing lagi nindakké rencanané kanggo ngianati Yésus.​—Yohanes 17:9-12.

Yésus neruské dongané, ”Donya sengit marang wong-wong kuwi . . . Aku ora nyuwun supaya Panjenengan njupuk wong-wong kuwi saka donya, nanging supaya Panjenengan nglindhungi wong-wong kuwi saka si jahat. Wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya.” (Yohanes 17:14-16) Senajan urip ing donya sing dikuwasani Sétan, para rasul lan murid liyané kudu terus kepisah saka donya iki lan kejahatané. Piyé carané?

Wong-wong kuwi kudu tetep suci, ngabdi marang Gusti Allah, lan urip manut karo apa sing ditulis ing Kitab-Kitab Ibrani lan wulangan sing bener saka Yésus. Yésus ndonga, ”Gunakna pangandika Panjenengan kanggo nggawé suci wong-wong kuwi, merga pangandika Panjenengan kuwi sing bener.” (Yohanes 17:17) Ing wektuné, ana rasul-rasul sing bakal nulis buku sing diilhamké Gusti Allah, sing uga bakal dadi bagéan saka wulangan ”sing bener”, sing isa nggawé suci wong.

Nanging, ana uga wong liyané sing bakal nampa wulangan ”sing bener”. Yésus banjur ndonga ”ora mung kanggo [11 rasul], nanging uga kanggo wong-wong sing nduwé iman marang [Yésus] sakwisé ngrungokké piwulangé wong-wong kuwi”. Apa sing didongakké Yésus? ”Supaya kabèh wong kuwi dadi siji, kaya Panjenengan, Bapak, nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Panjenengan, supaya wong-wong kuwi uga nyawiji karo aku lan Panjenengan.” (Yohanes 17:20, 21) Yésus lan Bapaké dadi siji, maksudé nduwé tujuan sing padha ing kabèh bab. Yésus ndonga supaya para pengikuté uga kaya ngono.

Ora let suwé bar kuwi, Yésus ngandhani Pétrus lan liyané nèk Yésus bakal lunga kanggo nyiapké panggonan ing swarga kanggo para muridé. (Yohanes 14:2, 3) Yésus saiki ndongakké bab kuwi: ”Bapak, aku péngin supaya wong-wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku isa ana karo aku ing panggonanku, supaya wong-wong kuwi weruh kamulyanku sing wis Panjenengan paringké marang aku, merga Panjenengan nresnani aku sakdurungé wiwitané donya.” (Yohanes 17:24) Yésus nduduhké nèk wiwit mbiyèn, sakdurungé Adam lan Hawa nduwé keturunan, Gusti Allah wis nresnani Yésus, Putra siji-sijiné.

Ing pungkasan dongané, Yésus nandheské manèh rong bab sing penting, yaiku asmané Bapaké, lan katresnané Bapak marang para rasul lan wong liyané sing bakal nampa wulangan ”sing bener”. Yésus kandha, ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan dikenal karo wong-wong kuwi, lan aku bakal terus nggawé kuwi dikenal, supaya wong-wong kuwi nduduhké katresnan kaya sing Panjenengan duduhké marang aku, lan supaya aku nyawiji karo wong-wong kuwi.”​—Yohanes 17:26.