Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 136

Ing Pantai Laut Galiléa

Ing Pantai Laut Galiléa

YOHANES 21:1-25

  • YÉSUS NEMONI PARA RASULÉ ING PANTAI LAUT GALILÉA

  • PÉTRUS LAN LIYANÉ NDUWÉ TUGAS MÈNÈHI PANGAN WEDHUS-WEDHUSÉ GUSTI ALLAH

Ing wengi pungkasan karo para rasulé, Yésus kandha, ”Sakwisé aku diuripké manèh, aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa.” (Matius 26:32; 28:7, 10) Mula, saiki akèh muridé Yésus lunga menyang Galiléa. Nanging, ing kana arep ngapa?

Wektu kuwi, Pétrus ngandhani enem rasul liyané, ”Aku arep nggolèk iwak.” Sing liyané kandha, ”Aku mèlu.” (Yohanes 21:3) Sewengi muput, padha ora éntuk apa-apa. Wektu wis arep ésuk, Yésus ana ing pinggir pantai. Nanging para rasul ora ngerti nèk kuwi Yésus. Yésus takon, ”Anak-anakku, apa kowé nduwé iwak kanggo dipangan?” Para rasul njawab, ”Ora.” Yésus kandha, ”Uncalna jala ing sisih tengené prau, lan kowé bakal éntuk iwak.” (Yohanes 21:5, 6) Para rasul nindakké kuwi lan éntuk akèh banget iwak nganti ora isa narik jalané.

Yohanes ngandhani Pétrus, ”Kuwi Gusti!” (Yohanes 21:7) Pétrus banjur cepet-cepet nganggo klambi njabané, merga dhèwèké ora klambèn wektu nggolèk iwak. Sakwisé kuwi Pétrus njegur ing laut lan renang nganti kira-kira 90 mèter menyang pantai. Sing liyané padha nyusul numpak prau karo nggèrèd jala sing kebak iwak.

Sakwisé tekan pantai, para rasul ndelok ”ana roti ing kono, lan iwak sing lagi dibakar ing ndhuwur geni”. Yésus kandha, ”Gawanen mréné iwak sing bar kok tangkep mau, sithik waé.” Pétrus banjur narik jala sing isiné kebak iwak gedhé sing cacahé 153. Yésus kandha, ”Ayo, padha sarapan.” Ora ana siji-sijia murid sing wani takon ”Panjenengan sapa?” merga wis padha ngerti nèk kuwi Yésus. (Yohanes 21:9-12) Iki sing kaping teluné Yésus ngétok ing ngarepé sakelompok rasulé.

Yésus mènèhké roti lan iwak marang para rasulé kanggo dipangan. Saiki, Yésus péngin ngerti apa Pétrus luwih ngutamakké gawéan nangkep iwak ketimbang tugas sing diwènèhké Yésus. Karo ndeloki iwak-iwak sing ditangkep mau, Yésus banjur takon, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku ngluwihi kabèh iki?” Pétrus njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Mula, Yésus kandha, ”Wènèhana mangan cempé-cempéku.”​—Yohanes 21:15.

Yésus takon manèh, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Mungkin karo bingung, Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha manèh, ”Engonen wedhus-wedhus cilikku.”​—Yohanes 21:16.

Kanggo kaping teluné Yésus takon manèh, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Pétrus mungkin mikir nèk Yésus ora yakin karo kasetyané Pétrus. Mula Pétrus njawab, ”Gusti, panjenengan ngerti sakabèhé. Panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Sepisan manèh Yésus nandheské marang Pétrus, ”Wènèhana mangan wedhus-wedhus cilikku.” (Yohanes 21:17) Dadi, wong-wong sing nduwé tanggung jawab ing jemaat kudu nglayani wedhus-wedhus utawa umaté Gusti Allah.

Yésus dibanda lan dihukum mati merga nindakké kersané Gusti Allah. Yésus banjur kandha nèk Pétrus bakal ngalami bab sing padha, kandhané, ”Wektu kowé isih enom, kowé biasa nganggo klambi dhéwé lan lunga menyang ngendi waé sing kok péngini. Nanging wektu kowé wis tuwa, kowé bakal ngegarké tanganmu lan wong liya bakal nganggokké klambi marang kowé, lan nggawa kowé ing panggonan sing ora kok karepké.” Nanging, Yésus ngélikké Pétrus, ”Terusa mèlu aku.”​—Yohanes 21:18, 19.

Pétrus banjur ndelok Yohanes lan takon marang Yésus, ”Gusti, nèk dhèwèké piyé?” Apa sing bakal dialami karo rasul sing ditresnani banget karo Yésus? Yésus njawab, ”Nèk aku péngin supaya dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kowé nguwatirké bab kuwi?” (Yohanes 21:21-23) Pétrus kudu tetep setya marang Yésus ora soal apa sing ditindakké wong liya. Nanging, omongané Yésus kuwi uga nduduhké nèk Yohanes bakal urip luwih suwé ketimbang rasul liyané lan bakal éntuk wahyu bab rawuhé Yésus sing dadi Raja.

Sakjané, isih ana akèh manèh sing ditindakké Yésus. Nanging nèk kuwi ditulis siji-siji, gulungan sing akèh banget ya tetep ora isa nampung.