Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 123

Yésus Ndonga Wektu Sedhih Banget lan Susah Atiné

Yésus Ndonga Wektu Sedhih Banget lan Susah Atiné

MATIUS 26:30, 36-46 MARKUS 14:26, 32-42 LUKAS 22:39-46 YOHANES 18:1

  • YÉSUS ING TAMAN GÈTSEMANI

  • KRINGETÉ DADI KAYA GETIH SING NÈTÈS ING LEMAH

Yésus wis rampung ndonga bareng karo para rasulé. Banjur, ”sakwisé nyanyi lagu pamuji, Yésus lan para muridé lunga menyang Gunung Zaitun”. (Markus 14:26) Yésus lan para muridé lunga ngétan menyang taman sing disebut Gètsemani, panggonan sing kerep diparani Yésus.

Pas wis tekan ing taman, sing akèh wit-wit zaituné, Yésus ninggalké wolung rasulé lan kandha, ”Lungguha ing kéné dhisik, aku arep mrana kanggo ndonga.” Yésus ngejak telung rasulé, yaiku Pétrus, Yakobus, lan Yohanes mlebu luwih jero ing taman kuwi. Yésus dadi sedhih banget lan susah atiné. Yésus kandha, ”Aku sedhih banget, rasané kaya arep mati. Padha entènana ing kéné lan terusa jaga-jaga karo aku.”​—Matius 26:36-38.

Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus banjur ”sujud lan mulai ndonga”. Apa sing didongakké Yésus ing wektu sing nyusahké banget kuwi? Yésus ndonga, ”Bapak, ora ana sing mustahil kanggo Panjenengan. Singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.” (Markus 14:35, 36) Apa maksudé Yésus? Apa Yésus wedi banjur ora gelem dadi Penebus? Ora!

Wektu ing swarga, Yésus ngerti piyé wong Romawi nyiksa lan nganiaya nganti mati tawanané. Saiki, Yésus dadi manungsa. Yésus nduwé perasaan kaya manungsa biasa lan isa ngrasakké lara, mula mesthiné Yésus ya ora péngin ngalami kaya ngono. Nanging sakjané, Yésus sedhih banget kuwi merga ngerti nèk dhèwèké bakal mati kaya penjahat sing asor lan kuwi isa ngrusak réputasiné Bapaké. Pirang-pirang jam manèh, Yésus bakal dipaku ing cagak merga ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah.

Sakwisé ndonga suwé, Yésus bali marani murid-muridé lan weruh telung rasulé lagi turu. Yésus kandha marang Pétrus, ”Apa kowé ora isa tetep jaga-jaga sak jam waé karo aku? Tetepa jaga-jaga lan terusa ndonga, supaya kowé ora nyerah marang godha.” Yésus ngerti nèk para muridé lagi strès lan wektu kuwi ya wis liwat tengah wengi. Yésus kandha, ”Ati pancèn kepéngin nglakoni, nanging awak ora kuwat.”​—Matius 26:40, 41.

Banjur, Yésus lunga manèh lan ndonga nyuwun supaya Gusti Allah nyingkirké ”cawan iki” saka dhèwèké. Pas bali manèh, Yésus weruh telung rasul mau padha turu, padahal kuduné wong-wong kuwi ndonga supaya ora nyerah marang godha. Wektu diélikké Yésus, ”para murid ora ngerti kudu ngomong apa marang Yésus”. (Markus 14:40) Yésus lunga manèh kanggo sing kaping teluné, banjur sujud lan ndonga.

Yésus bener-bener kuwatir merga réputasiné Bapaké isa rusak nèk Yésus mati dadi penjahat. Yéhuwah mirengké dongané Putrané, lan ngutus malaékat kanggo nguwatké Yésus. Senajan ngono, Yésus ora mandheg nyuwun marang Bapaké, nanging malah ”saya tenanan anggoné ndonga”. Yésus ngrasa strès banget. Tanggung jawabé abot, merga urip langgengé Yésus dhéwé lan urip langgengé kabèh manungsa sing nduwé iman, gumantung marang Yésus. Mula, Yésus ngrasa susah banget nganti ’kringeté dadi kaya getih sing nètès ing lemah’.​—Lukas 22:44.

Wektu bali marani murid-muridé kanggo sing kaping teluné, Yésus ndelok para rasul kuwi turu manèh. Yésus kandha, ”Ing wektu kaya ngéné iki, kowé malah turu lan ngaso! Deloken, saiki wis wektuné Putrané manungsa diserahké menyang tangané wong-wong dosa. Tangia, ayo lunga. Deloken, sing ngianati aku wis teka.”​—Matius 26:45, 46.