Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 137

Atusan Wong Ndelok Yésus Sakdurungé Péntakosta

Atusan Wong Ndelok Yésus Sakdurungé Péntakosta

MATIUS 28:16-20 LUKAS 24:50-52 KISAH 1:1-12; 2:1-4

  • YÉSUS NGÉTOK ING NGAREPÉ AKÈH WONG SAKWISÉ DIURIPKÉ MANÈH

  • YÉSUS MUNGGAH SWARGA

  • YÉSUS NGESOKKÉ ROH SUCI MARANG 120 MURID

Sakwisé diuripké manèh, Yésus ngatur supaya 11 rasulé nemoni dhèwèké ing gunung ing Galiléa. Kira-kira 500 murid liyané ya ana ing kana, lan ana ing antarané sing isih ragu-ragu. (Matius 28:17; 1 Korintus 15:6) Nanging apa sing Yésus omongké saiki, mbantu wong-wong kuwi yakin nèk Yésus pancèn wis urip manèh.

Yésus nerangké nèk Gusti Allah wis maringi dhèwèké wewenang ing swarga lan ing bumi. Yésus ngandhani wong-wong kuwi, ”Padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku, baptisen wong-wong kuwi nganggo asmané Bapak lan Putra lan roh suci, wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé.” (Matius 28:18-20) Dadi, Yésus ora mung ngyakinké nèk wis urip manèh, nanging uga péngin kabar apik diwartakké.

Kabèh muridé Yésus, klebu wong lanang, wong wadon, lan bocah-bocah, nduwé tugas sing padha kanggo ndadèkké murid. Wong-wong sing nentang mungkin ngupaya kanggo ngendhegké gawéan mulang lan martakké, nanging Yésus njamin, ”Kabèh kuwasa ing swarga lan ing bumi wis diwènèhké marang aku.” Apa tegesé kuwi? Yésus kandha, ”Élinga, aku terus ngancani kowé nganti pungkasané jaman iki.” Maksudé Yésus kuwi dudu nèk kabèh wong sing martakké kabar apik bakal isa nggawé mukjijat, nanging wong-wong kuwi bakal dibantu roh suci.

”Saksuwéné 40 dina” bar diuripké manèh, Yésus bola-bali nemoni para muridé. Senajan para muridé ora nitèni dhèwèké, Yésus ”mènèhi akèh bukti sing nggawé para muridé yakin nèk dhèwèké wis urip manèh”. Yésus uga mulang ”bab Kratoné Gusti Allah”.​—Kisah 1:3; 1 Korintus 15:7.

Kayané, wektu para rasul isih ana ing Galiléa, Yésus ngongkon wong-wong kuwi bali menyang Yérusalèm. Wektu ketemu karo para rasulé ing kutha kuwi, Yésus mènèhi arahan, ”Aja metu saka Yérusalèm. Nanging tetepa ngentèni apa sing wis dijanjèkké Bapak, sing wis kok rungokké saka aku. Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging sedhéla manèh kowé bakal dibaptis nganggo roh suci.”​—Kisah 1:4, 5.

Yésus banjur nemoni manèh para rasulé. Yésus ”ngajak murid-muridé metu nganti tekan Bétani”, sing ana ing lèrèng sisih wétané Gunung Zaitun. (Lukas 24:50) Senajan Yésus wis ngandhani para rasulé akèh perkara bab lungané, nanging wong-wong kuwi isih percaya nèk Kratoné Allah bakal madeg ing bumi.​—Lukas 22:16, 18, 30; Yohanes 14:2, 3.

Para rasul takon marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan arep nggawé kerajaan Israèl pulih manèh ing jaman iki?” Yésus njawab, ”Mung Bapak ing swarga sing nduwé wewenang nemtokké mangsa lan wektuné kuwi bakal kelakon, lan kowé ora perlu ngerti bab kuwi.” Banjur, Yésus nandheské manèh bab tugas sing kudu para rasul tindakké, kandhané, ”Kowé bakal nampa kuwasa wektu roh suci teka marang kowé, lan kowé bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi.”​—Kisah 1:6-8.

Para rasul lan Yésus ana ing Gunung Zaitun wektu Yésus keangkat menyang swarga. Ana méga sing nutupi Yésus, lan nggawé para rasul ora isa ndelok Yésus manèh. Wektu kuwi, Yésus ora nduwé manèh badan jasmani. Yésus munggah swarga dadi makhluk roh. (1 Korintus 15:44, 50; 1 Pétrus 3:18) Wektu para rasul isih nyawang langit, ana ”wong lanang loro sing nganggo klambi putih ngadeg ing jèjèré para murid”. Wong lanang loro kuwi sakjané malaékat. Salah siji malaékat kuwi takon, ”Wong-wong Galiléa, ngapa kowé kabèh ngadeg karo nyawang langit? Yésus sing diangkat menyang langit bakal bali nganggo cara sing padha kaya sing kok delok wektu dhèwèké munggah menyang langit.”​—Kisah 1:10, 11.

Mung para muridé sing setya sing isa ndelok Yésus keangkat menyang swarga. Yésus bakal bali ”nganggo cara sing padha”, tegesé mung para muridé sing setya sing isa paham bab rawuhé Yésus kanggo mréntah dadi Raja ing Kraton swarga.

Para rasul banjur bali menyang Yérusalèm. Saksuwéné pirang-pirang dina, wong-wong kuwi ngumpul karo para murid liyané, klebu ”adhi-adhiné Yésus sing lanang, lan Maria ibuné Yésus”. (Kisah 1:14) Kumpulan wong iki padha tekun ndonga. Salah siji sing didongakké yaiku bab milih murid kanggo nggentèni Yudas Iskariot supaya cacahé para rasul isa genep 12 manèh. (Matius 19:28) Wong-wong kuwi péngin nggolèk wong sing tau ndelok dhéwé kegiatané Yésus lan kedadéan pas Yésus urip manèh. Banjur padha nguncalké undhi kanggo ngerti kersané Gusti Allah, lan iki sing pungkasan Alkitab nyebutké bab undhi. (Jabur 109:8; Wulang Bebasan 16:33) Matias, sing klebu 70 murid sing diutus Yésus kanggo nginjil, akiré dipilih lan ”diakoni dadi rasul bareng karo 11 rasul liyané”.​—Kisah 1:26.

Sepuluh dina sakwisé Yésus munggah swarga, wong Yahudi mulai ngrayakké Riyaya Péntakosta taun 33 M. Kira-kira 120 muridé Yésus ngumpul ing sawijiné ruangan ndhuwur ing Yérusalèm. Ujug-ujug, ana swara banter sing mbrebegi kaya angin gedhé, sing ngebaki omah. Banjur ana wewujudan kaya geni-geni cilik sing méncok ing ndhuwur sirahé saben wong ing kono. Para murid kuwi mulai ngomong nganggo basa-basa liya. Wektu kuwi, roh suci sing dijanjèkké Yésus disokké marang para murid.​—Yohanes 14:26.