Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 111

Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé Yésus

Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé Yésus

MATIUS 24:3-51 MARKUS 13:3-37 LUKAS 21:7-38

  • PAPAT MURIDÉ YÉSUS TAKON BAB TANDHA

  • RAMALANÉ YÉSUS KELAKON ING JAMAN MBIYÈN LAN SAIKI

  • KITA KUDU TERUS JAGA-JAGA

Dina Selasa, tanggal 11 Nisan wis arep rampung, semono uga pelayanané Yésus ing bumi. Ing dina-dina pungkasané, Yésus sibuk banget. Pas wayah awan Yésus mulang ing bait. Akèh wong sing seneng ngrungokké Yésus, mula ”wektu isih ésuk banget, kabèh wong mara ing bait”. Pas wenginé, Yésus nginep ing njaba kutha Yérusalèm. (Lukas 21:37, 38) Saiki, Yésus lungguh ing Gunung Zaitun bareng karo patang rasulé yaiku Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes.

Papat rasul iki marani Yésus wektu ora ana wong liya. Wong-wong kuwi péngin ngerti apa sing bakal kelakon bab bait merga Yésus bar mènèhi ramalan nèk ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané. Nanging, ora mung kuwi. Sakdurungé, Yésus kandha, ”Tetepa siap merga Putrané manungsa bakal teka ing jam sing ora kok sangka.” (Lukas 12:40) Yésus uga tau kandha bab ”dina wektu Putrané manungsa nduduhké kuwasané”. (Lukas 17:30) Apa kuwi kabèh ana hubungané karo omongané Yésus bab bait? Para rasul penasaran, mula padha kandha, ”Kandhanana aku kabèh, kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandha rawuhé panjenengan lan tandha pungkasané jaman iki?”​—Matius 24:3.

Para rasul kuwi mungkin péngin ngerti kapan bait ing Yérusalèm disirnakké. Sakliyané kuwi, para rasul uga takon bab rawuhé Putrané manungsa, mungkin merga kèlingan umpama sing diwulangké Yésus bab ’bangsawan sing lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, lan sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali’. (Lukas 19:11, 12) Para rasul uga péngin ngerti apa sing bakal dadi ”tandha pungkasané jaman iki”.

Ing jawabané sing rinci, Yésus mènèhi tandha bab kapan Yérusalèm lan baité bakal disirnakké. Nanging, Yésus uga nggunakké tandha kuwi kanggo mbantu wong Kristen ing jaman saiki isa ngerti apa wong-wong kuwi urip ing dina-dina ”rawuhé” Yésus, yaiku pungkasané jaman.

Para rasul suwé-suwé isa ndelok dhéwé nèk ramalané Yésus digenepi. Malah, akèh bab sing diramalké Yésus mulai kelakon ing jamané para rasul kuwi. Mula, ing taun 70 M, yaiku 37 taun sakwisé Yésus nyampèkké ramalan kuwi, wong Kristen wis ora kagèt wektu Yérusalèm lan baité disirnakké. Nanging, ora kabèh ramalané Yésus kelakon ing jaman kuwi. Mula, apa sing bakal dadi tandha rawuhé Yésus kanggo mréntah dadi Raja? Yésus ngandhani jawabané marang para rasulé.

Yésus mènèhi ramalan nèk bakal ana ”perang lan warta-warta bab perang” uga ”bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan”. (Matius 24:6, 7) Yésus uga kandha nèk ”bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing ngendi-endi bakal ana kurang pangan uga wabah penyakit”. (Lukas 21:11) Yésus banjur ngélikké para muridé, ”Wong-wong bakal nangkep lan nganiaya kowé.” (Lukas 21:12) Bakal ana nabi-nabi palsu sing nyasarké akèh wong. Kejahatan bakal saya akèh, lan katresnané akèh-akèhé wong bakal saya suda. Yésus uga kandha nèk ”kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka”.​—Matius 24:14.

Senajan ramalané Yésus kelakon sakdurungé lan saksuwéné Yérusalèm disirnakké karo wong Romawi, nanging ramalan kuwi uga bakal kelakon ing skala sing luwih gedhé ing jaman saiki. Apa panjenengan wis ndelok buktiné?

Salah siji tandha rawuhé Yésus yaiku ”ana perkara sing njijiki sing nyebabké karusakan”. (Matius 24:15) Ing taun 66 M, ramalan bab ”perkara sing njijiki” digenepi wektu ”tentara [Romawi] sing kémah ing saubengé Yérusalèm” nggawa bendéra-bendéra sing nduduhké penyembahan brahala. Wong-wong kuwi uga ngrusak sebagéan témboké kutha kuwi. (Lukas 21:20) Dadi, ”perkara sing njijiki” kuwi ngadeg ing panggonan sing ora sakmesthiné, yaiku ”panggonan suci”.

Yésus banjur mènèhi ramalan, ”Bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kedadéan saka wiwitané donya nganti saiki, lan ora bakal kedadéan manèh.” Ing taun 70 M, tentara Romawi nyirnakké Yérusalèm, yaiku ”kutha suci”, klebu baité. Kedadéan iki mbuktèkké nèk ana sengsara gedhé wektu kuwi, merga éwonan wong Yahudi dipatèni. (Matius 4:5; 24:21) Yérusalèm lan wong Yahudi durung tau ngalami karusakan nganti kaya ngono. Wong-wong kuwi ora isa manèh ngibadah ing bait Yérusalèm, sing wis dienggo kanggo ngibadah nganti pirang-pirang abad. Mula, nèk ramalan iki kelakon ing skala sing luwih gedhé, kuwi mesthi bakal dadi kedadéan sing medèni banget.

TETEP NDUWÉ HARAPAN SAKSUWÉNÉ DINA-DINA PUNGKASAN

Yésus karo para rasulé isih rembugan bab tandha rawuhé kanggo mréntah dadi Raja lan bab pungkasané jaman iki. Saiki, Yésus ngélikké para muridé nèk bakal ana ”Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu”. Yésus kandha nèk wong-wong kuwi bakal ngupaya kanggo ”nyasarké wong-wong pilihan”. (Matius 24:24) Nanging, wong-wong pilihan kuwi ora bakal disasarké. Kristus-Kristus palsu kuwi isa didelok, nanging rawuhé Kristus kuwi ora kétok.

Bab sengsara gedhé sing bakal kelakon ing pungkasané jaman, Yésus kandha, ”Srengéngé bakal dadi peteng, bulan bakal ilang cahyané, bintang-bintang bakal tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa langit bakal digoncangké.” (Matius 24:29) Para rasul sing ngrungokké omongan kuwi ora ngerti piyé kuwi bakal kelakon, nanging yakin nèk kedadéan wektu kuwi bakal medèni banget.

Apa pengaruhé kedadéan iki marang wong-wong? Yésus kandha, ”Wong bakal semaput merga kewedèn lan merga mbayangké apa sing bakal ngenani bumi, merga kuwasa-kuwasa langit bakal goncang.” (Lukas 21:26) Cetha nèk kuwi bakal dadi mangsa sing paling medèni ing sejarah uripé manungsa.

Nanging, Yésus nduduhké kanthi cetha marang para rasulé nèk ora kabèh wong bakal wedi wektu ”Putrané manungsa teka nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé”. (Matius 24:30) Yésus kandha nèk Gusti Allah bakal mèlu campur tangan merga ”wong-wong pilihan”. (Matius 24:22) Mula, piyé kuduné tanggepané para muridé Yésus wektu ndelok akèh kedadéan sing medèni kuwi kelakon? Yésus kandha, ”Wektu bab-bab kuwi mulai kelakon, ngadega kanthi jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.”​—Lukas 21:28.

Nanging, piyé para muridé Yésus ing jaman saiki isa ngerti nèk pungkasané donya iki wis cedhak? Yésus mènèhi umpama bab wit ara: ”Sakwisé pang-pangé sing enom dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Putrané manungsa wis cedhak, wis ing ngarep lawang. Saktenané aku kandha marang kowé, generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon.”​—Matius 24:32-34.

Dadi, wektu ndelok akèh tandha saka ramalan kuwi kelakon, para muridé Yésus kuduné sadhar nèk pungkasané donya wis cedhak. Yésus banjur mènèhi pangéling-éling marang para muridé sing urip ing akir jaman.

Yésus kandha, ”Bab dina lan jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti, Putra ya ora ngerti, mung Bapak sing ngerti. Kaya kahanan ing jamané Nuh, semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa. Sakdurungé Banjir Gedhé teka, wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera. Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. Semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa.” (Matius 24:36-39) Dadi, padha kaya Banjir Gedhé ing jamané Nuh, rawuhé Yésus uga bakal mènèhi pengaruh sak donya.

Para rasul sing ngrungokké Yésus ing Gunung Zaitun kuwi sadhar nèk kudu tetep siap. Yésus kandha, ”Ngati-atia aja nganti atimu kabotan beban merga kakèhan mangan, kakèhan ngombé, lan nguwatirké urip, banjur dina kuwi ujug-ujug teka ngenani kowé kaya jiret. Merga dina kuwi bakal ngenani kabèh wong sing manggon ing saklumahing bumi. Mula, kowé kudu tetep waspada lan terus nyuwuna supaya kowé isa slamet saka kabèh sing kudu kelakon kuwi, lan isa ngadeg ing ngarepé Putrané manungsa.”​—Lukas 21:34-36.

Yésus sepisan manèh nduduhké nèk ramalané bakal kelakon ing skala sing luwih gedhé. Yésus ora ngramalké bab kedadéan-kedadéan sing bakal kelakon 30 utawa 40 taun sakbanjuré, lan mung mengaruhi kutha Yérusalèm lan wong Yahudi thok. Nanging kedadéan iki ”bakal ngenani kabèh wong sing manggon ing saklumahing bumi”.

Yésus kandha nèk murid-muridé kudu terus jaga-jaga lan siap. Kanggo nduduhké pentingé bab iki, Yésus nyritakké umpama liyané, ”Nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi bakal tetep jaga-jaga lan ora ngejarké omahé dibobol. Mula, buktèkna nèk kowé siap, merga Putrané manungsa bakal teka ing wektu sing ora kok sangka-sangka.”​—Matius 24:43, 44.

Yésus mènèhi para muridé alesan supaya tetep nduwé harapan. Yésus njamin nèk wektu ramalané kelakon, bakal ana ”budhak” sing tetep siap lan sregep. Yésus mènèhi umpama sing gampang dingertèni para rasulé: ”Sapa sakjané budhak sing setya lan wicaksana, sing dilantik karo majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan ing omahé, lan mènèhi pangan marang wong-wong mau ing wektu sing pas? Bungah banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. Saktenané aku kandha, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh bandhané.” Nanging nèk ”budhak” kuwi tumindak jahat lan malah nggebugi budhak liyané, majikané bakal ”mènèhi hukuman sing paling abot”.​—Matius 24:45-51; bandhingna Lukas 12:45, 46.

Kuwi dudu tegesé nèk bakal ana sakelompok pengikuté Yésus sing dadi jahat. Mula, apa sing sakjané péngin diwulangké Yésus marang para muridé? Yésus péngin para muridé tetep siap lan sregep. Kuwi bakal diwulangké ing umpama sakbanjuré.