Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 125

Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang Kayafas

Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang Kayafas

MATIUS 26:57-68 MARKUS 14:53-65 LUKAS 22:54, 63-65 YOHANES 18:13, 14, 19-24

  • YÉSUS DIGAWA MARANG HANAS, BEKAS IMAM AGUNG

  • SANHÈDRIN NGANAKKÉ PENGADILAN SING ORA SAH

Yésus dibanda kaya penjahat lan digawa marang Hanas. Hanas iki mbiyèn dadi imam agung wektu Yésus sing isih bocah nggawé nggumun para guru agama ing bait. (Lukas 2:42, 47) Ana anaké Hanas sing banjur dadi imam agung, nanging saiki mantuné Hanas sing jenengé Kayafas sing dadi imam agung.

Wektu Yésus ana ing omahé Hanas, Kayafas nglumpukké para anggota Sanhèdrin. Anggotané Sanhèdrin ana 71, klebu imam agung lan wong-wong liyané sing tau nduwé jabatan kuwi.

Hanas takon marang Yésus ”bab murid-muridé lan bab piwulangé”. Yésus njawab, ”Nèk aku ngomong, mesthi ing ngarepé wong akèh. Nèk aku mulang, mesthi ing sinagogé lan ing bait, panggonané kabèh wong Yahudi padha ngumpul, lan wektu ngomong, aku ora tau ndhelik-ndhelik. Ngapa kowé nakoni aku? Takona karo wong-wong sing wis tau ngrungokké omonganku.”​—Yohanes 18:19-21.

Sakwisé kuwi, salah siji petugas ngampleng rainé Yésus lan kandha, ”Apa kaya ngono carané njawab imam kepala?” Nanging merga ngerti nèk ora salah, Yésus njawab, ”Nèk omonganku salah, duduhna endi salahé. Nanging nèk omonganku bener, ngapa kowé ngampleng aku?” (Yohanes 18:22, 23) Hanas banjur ngongkon Yésus digawa marang mantuné, yaiku Kayafas.

Kabèh anggotané Sanhèdrin, yaiku imam agung wektu kuwi, para pemimpiné wong Yahudi, lan ahli Taurat, padha ngumpul ing omahé Kayafas. Pengadilan kaya ngono kuwi sakjané ora sah merga dianakké ing wengi Riyaya Paskah. Nanging, wong-wong kuwi ora perduli lan tetep nindakké rencana jahaté.

Wong-wong iki pancèn wis suwé sengit marang Yésus. Sakwisé nguripké manèh Lazarus, Sanhèdrin wis mutuské nèk Yésus kudu dipatèni. (Yohanes 11:47-53) Lan pirang-pirang dina sakdurungé pengadilan iki, wong-wong kuwi padha nggawé rencana jahat kanggo nangkep Yésus lan matèni dhèwèké. (Matius 26:3, 4) Dadi, sakdurungé pengadilan kuwi dimulai, Yésus sakjané wis divonis mati.

Para imam kepala lan anggota Sanhèdrin liyané nggolèk wong-wong sing isa mènèhi kesaksian palsu kanggo nglawan Yésus. Ana akèh sing gelem, nanging kesaksiané wong-wong kuwi padha ora gathuk. Akiré, ana wong loro kandha, ”Aku krungu dhèwèké kandha, ’Aku bakal ngambrukké bait iki sing digawé nganggo tangan, lan ing wektu telung dina aku bakal mbangun bait liyané sing ora digawé nganggo tangan.’” (Markus 14:58) Nanging kesaksiané wong-wong kuwi ya ora gathuk.

Kayafas nakoni Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” (Markus 14:60) Yésus tetep meneng waé. Mula, Imam Agung Kayafas nggunakké cara liya.

Kayafas ngerti nèk wong Yahudi ora seneng ana wong sing ngaku-ngaku Putrané Gusti Allah. Sakdurungé, wektu Yésus nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké, wong Yahudi arep matèni Yésus. Miturut wong Yahudi, Yésus ”nganggep dhèwèké padha karo Gusti Allah”. (Yohanes 5:17, 18; 10:31-39) Kuwi sebabé, kanthi licik Kayafas saiki kandha marang Yésus, ”Sumpaha demi Gusti Allah sing urip, lan kandhanana aku kabèh, apa kowé Kristus, Putrané Gusti Allah!” (Matius 26:63) Yésus tau ngakoni nèk dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah. (Yohanes 3:18; 5:25; 11:4) Nèk saiki Yésus meneng waé, wong-wong isa mikir nèk Yésus ora ngakoni nèk dhèwèké kuwi Kristus lan Putrané Gusti Allah. Mula Yésus njawab, ”Iya, lan kowé bakal ndelok Putrané manungsa lungguh ing sisih tengené Sing Kuwasa lan teka nganggo méga-méga langit.”​—Markus 14:62.

Kayafas nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Dhèwèké wis ngrèmèhké Gusti Allah! Apa awaké dhéwé isih butuh seksi-seksi manèh? Kowé kabèh wis krungu dhéwé wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, piyé miturutmu?” Pengadilan Sanhèdrin mutuské vonis sing ora adil: ”Dhèwèké pantes mati.”​—Matius 26:65, 66.

Wong-wong kuwi banjur ngécé lan njotosi Yésus. Sing liyané ngamplengi lan ngidoni rainé Yésus. Sakwisé nutupi rainé Yésus lan ngamplengi, wong-wong kuwi kandha, ”Nèk kowé pancèn nabi, kandhanana aku, sapa sing ngamplengi kowé?” (Lukas 22:64) Bayangna, Putrané Gusti Allah diadili nganggo cara sing ora sah ing wayah wengi lan ngalami tumindak kasar.