Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 132

”Wong Iki Mesthi Putrané Gusti Allah”

”Wong Iki Mesthi Putrané Gusti Allah”

MATIUS 27:45-56 MARKUS 15:33-41 LUKAS 23:44-49 YOHANES 19:25-30

  • YÉSUS SÉDA ING CAGAK

  • KEDADÉAN SING NGGUMUNKÉ WEKTU YÉSUS SÉDA

Saiki ”jam 12 awan”, lan ”kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré”. (Markus 15:33) Iki dudu gerhana matahari, merga biasané nèk gerhana matahari kuwi suwéné mung pirang-pirang menit, lan mung kedadéan pas bulan ing langit kuwi bulan baru. Nanging wektu kuwi petengé luwih suwé lan wektu kuwi ya musim Paskah, pas bulan purnama. Mula, sing nyebabké kahanan iki mesthi Gusti Allah.

Bayangna pengaruhé bab iki marang wong-wong sing ngécé Yésus. Saksuwéné kahanan peteng kuwi, ana patang wong wadon sing nyedhaki cagak paukumané Yésus, yaiku Maria ibuné Yésus, Salomé, Maria Magdaléna, lan Maria ibuné Yakobus Cilik.

Rasul Yohanes lagi ngadeg ”ing cedhak cagak paukumané Yésus” bareng karo ibuné Yésus. Maria ndeloki anak sing dhèwèké lairké lan gedhèkké saiki sengsara lan sekarat ing cagak paukuman. Maria sedhih banget, ”kaya-kaya ditusuk pedhang sing dawa”. (Yohanes 19:25; Lukas 2:35) Senajan sengsara banget, Yésus isih mikirké ibuné. Yésus nunjuk Yohanes nganggo sirahé karo ngandhani Maria, ”Ibu, kuwi anakmu lanang.” Banjur, Yésus nunjuk Maria nganggo sirahé karo ngandhani Yohanes, ”Dhèwèké ibumu.”​—Yohanes 19:26, 27.

Yésus masrahké ibuné, sing saiki wis dadi randha marang rasulé sing paling ditresnani. Yésus ngerti nèk adhi-adhi tiriné yaiku anak-anaké Maria, durung nduwé iman marang Yésus. Mula, sakliyané kebutuhan jasmani, Yésus uga mikirké kebutuhan rohaniné Maria. Iki bener-bener dadi conto sing apik.

Kira-kira jam telu soré, Yésus kandha, ”Aku ngelak.” Iki nggenepi ramalan ing Kitab Suci. (Yohanes 19:28; Jabur 22:16) Yésus ngerti nèk Yéhuwah wektu kuwi ora nglindhungi dhèwèké supaya kasetyané Yésus isa bener-bener diuji. Kristus banjur mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” nèk diterjemahké tegesé, ”Allahku, Allahku, ngapa Panjenengan ninggalké aku?” Ana wong-wong sing ngadeg ing cedhak kono salah paham lan kandha, ”Deloken, wong kuwi nyeluki Élia.” Banjur ana salah siji wong sing mlayu kanggo ngekum kembang karang ing anggur kecut, terus ndèlèhké kuwi ing sak lonjor kayu, lan diwènèhké marang Yésus supaya diombé. Wong liyané kandha, ”Ejarna waé dhèwèké! Ayo didelok apa Élia bakal teka kanggo ngedhunké dhèwèké.”​—Markus 15:34-36.

Yésus banjur kandha, ”Wis rampung.” (Yohanes 19:30) Yésus wis ngrampungké kabèh tugas sing diparingké Bapaké wektu dhèwèké diutus ing bumi. Akiré Yésus kandha, ”Bapak, ing astané Panjenengan tak pasrahké nyawaku.” (Lukas 23:46) Yésus percaya tenan nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh Yésus. Sakwisé ngomong kuwi, Yésus banjur ndhingkluk lan séda.

Ujug-ujug ana gempa bumi sing medèni banget, bukit-bukit watu bengkah. Gempa kuwi gedhé banget nganti kuburan-kuburan ing njaba kutha Yérusalèm padha kebukak, lan akèh mayit padha mencelat metu. Wong-wong sing liwat sing weruh mayit-mayit padha mencelat iki mlebu menyang ”kutha suci” lan nglaporké apa sing didelok.​—Matius 12:11; 27:51-53.

Wektu Yésus séda, geber sing dawa lan kandel sing misahké Papan Suci lan Papan Mahasuci suwèk dadi loro saka ndhuwur tekan ngisor. Kedadéan kuwi nduduhké nèk Gusti Allah murka karo wong-wong sing matèni Putrané. Kuwi uga nduduhké nèk wiwit wektu kuwi manungsa isa mlebu menyang Papan Mahasuci, yaiku swarga.​—Ibrani 9:2, 3; 10:19, 20.

Wong-wong dadi padha wedi. Perwira sing ngawasi Yésus pas dihukum mati kandha, ”Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah.” (Markus 15:39) Dhèwèké mungkin ana wektu Pilatus ngadili Yésus merga tudhuhan ngaku-ngaku dadi Putrané Gusti Allah. Saiki, dhèwèké yakin nèk Yésus ora salah lan pancèn Putrané Gusti Allah.

Sakwisé ndelok kedadéan sing nggumunké kuwi, kabèh wong banjur mulih karo ”nggebugi dhadhané” merga sedhih lan isin. (Lukas 23:48) Saka antarané akèh wong sing padha ngadeg ing kadohan, ana akèh wong wadon pengikuté Yésus sing kadhang kala ngancani Yésus ing perjalanan. Wong-wong kuwi sedhih banget ndelok kabèh kedadéan kuwi.