Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 110

Dina Pungkasané Yésus ing Bait

Dina Pungkasané Yésus ing Bait

MATIUS 23:25–24:2 MARKUS 12:41–13:2 LUKAS 21:1-6

  • YÉSUS SEPISAN MANÈH NGELOKKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA

  • BAIT BAKAL DISIRNAKKÉ

  • RANDHA MISKIN NYUMBANGKÉ DHUWIT RÈCÈH LORO SING CILIK BANGET AJINÉ

Saksuwéné ana ing bait kanggo sing pungkasan, Yésus terus nyingkapké sipat jahaté para ahli Taurat lan wong Farisi, malah terang-terangan nyebut wong-wong kuwi munafik. Yésus kandha, ”Kowé ngresiki bagéan njabané cangkir lan piring, nanging bagéan njeroné kebak keserakahan lan pepénginan sing ora isa dikendhalèni. Wong Farisi sing wuta, resikana dhisik bagéan njeroné cangkir lan piring kuwi, supaya bagéan njabané uga dadi resik.” (Matius 23:25, 26) Wong Farisi terlalu nggatèkké masalah kebersihan lan apa sing kétok, nanging ora ngresiki ati lan pikirané.

Wong-wong kuwi uga munafik merga nggawé lan mènèhi hiasan kuburané para nabi. Nanging, kaya omongané Yésus, wong-wong kuwi ”keturunané wong-wong sing matèni para nabi”. (Matius 23:31) Buktiné, wong-wong kuwi ngupaya matèni Yésus.​—Yohanes 5:18; 7:1, 25.

Yésus banjur ngandhani akibaté nèk wong-wong kuwi ora mertobat: ”Ula-ula, keturunané ula sing ana racuné, piyé kowé bakal bébas saka hukuman Géhéna?” (Matius 23:33) Géhéna, utawa Lembah Hinom kuwi panggonan kanggo ngobong sampah, sing dadi lambang hukuman sing langgeng. Kuwi tegesé para ahli Taurat lan wong Farisi sing jahat bakal disirnakké saklawasé.

Para muridé Yésus bakal dadi ”nabi-nabi, wong-wong wicaksana, lan guru-guru”. Apa sing bakal dialami para murid? Yésus kandha marang para pemimpin agama, ”Ana [saka antarané muridku] sing bakal kok patèni lan ana sing bakal kok hukum ing cagak, ana sing bakal kok pecuti ing sinagogé lan ana uga sing bakal kok aniaya saka kutha siji menyang kutha sijiné. Nganggo cara kuwi kowé bakal nanggung getihé kabèh wong bener sing wis diwutahké ing bumi, wiwit saka getihé Habèl yaiku wong sing bener nganti Zakharia . . . sing kok patèni.” Yésus ngélikké, ”Saktenané aku kandha, hukuman kanggo kabèh dosa kuwi bakal ditanggung karo wong-wong jaman iki.” (Matius 23:34-36) Yakuwi sing kelakon ing taun 70 M, wektu tentara Romawi nyirnakké Yérusalèm lan matèni atusan èwu wong Yahudi.

Wektu mikirké kahanan kuwi, Yésus sedhih banget, lan kandha, ”Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. Mula, baitmu bakal ditinggal dadi kosong lan sepi.”​—Matius 23:37, 38.

Yésus kandha manèh, ”Kowé kabèh tak kandhani, wiwit saiki kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah!’” (Matius 23:39) Yésus nyuplik ramalan ing Jabur 118:26: ”Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran Yéhuwah. Aku padha mberkahi kowé kabèh saka ing padalemaning Sang Yéhuwah.” Dadi cetha nèk wong-wong bakal ngibadah nganggo asmané Yéhuwah, nanging ora ing bait Yérusalèm, merga bait kuwi bakal disirnakké.

Sakwisé kuwi, Yésus banjur lunga menyang panggonan kothak-kothak sumbangan. Wong-wong isa nglebokké sumbangan saka bolongan cilik ing ndhuwuré saben kothak kuwi. Yésus ndelok wong-wong Yahudi, klebu wong-wong sugih sing ”nglebokké dhuwit sing akèh”. Yésus banjur nggatèkké randha miskin sing nglebokké ”rong dhuwit rècèh sing cilik banget ajiné”. (Markus 12:41, 42) Yésus ngerti tenan nèk Gusti Allah seneng karo sumbangané randha iki.

Yésus banjur nyeluk para muridé lan kandha, ”Saktenané aku kandha, randha miskin iki nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan.” Kok isa? Yésus nerangké, ”Wong-wong kuwi mènèhi saka kaluwihan bandhané. Nanging randha kuwi senajan miskin, nglebokké kabèh duwèké, yaiku kabèh sing diduwèni kanggo nyambung uripé.” (Markus 12:43, 44) Randha iki bener-bener béda karo para pemimpin agama.

Sakwisé kuwi, Yésus ninggalké bait kanggo sing pungkasan. Wektu kuwi isih tanggal 11 Nisan. Ana salah siji muridé sing kandha, ”Guru, deloken watu-watu lan bangunan sing éndah banget iki.” (Markus 13:1) Sapérangan watu sing ana ing témbok bait kuwi pancèn gedhé-gedhé, kuwi nggawé bait kétok kokoh lan ora bakal hancur. Mula para murid mesthi nggumun wektu Yésus kandha, ”Apa kowé ndelok kabèh bangunan sing gedhé iki? Kabèh iki bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”​—Markus 13:2.

Sakwisé ngomongké bab-bab iki, Yésus lan para muridé banjur nyebrang Lembah Kidron lan munggah menyang Gunung Zaitun. Ing kana, Yésus dicedhaki papat rasulé, yaiku Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes. Saka kono, wong-wong kuwi isa ndelok bait sing éndah banget.