Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 120

Ngasilké Woh lan Dadi Sahabaté Yésus

Ngasilké Woh lan Dadi Sahabaté Yésus

YOHANES 15:1-27

  • WIT ANGGUR SING SEJATI LAN PANG-PANGÉ

  • CARANÉ TETEP DITRESNANI YÉSUS

Yésus isih omongan kanggo nguwatké para rasulé. Wektu kuwi mungkin wis tengah wengi lan Yésus mènèhi umpama iki:

”Aku iki wit anggur sing sejati, lan Bapakku kuwi petaniné.” (Yohanes 15:1) Umpama iki ngélingké bab omongané para nabi atusan taun kepungkur, sing nyebut bangsa Israèl kuwi wit angguré Yéhuwah. (Yérémia 2:21; Hoséa 10:1, 2) Nanging, akiré Yéhuwah nolak bangsa kuwi. (Matius 23:37, 38) Mula, wit anggur kuwi mesthiné Yésus, sing mulai digarap Bapaké wektu Yésus dilantik nganggo roh suci ing taun 29 M. Nanging, Yésus ngandhani nèk umpama bab wit anggur iki ora mung ngrembug bab dhèwèké.

Yésus kandha, ”[Bapakku] mbuwang saben pang sing ana ing aku sing ora ngetokké woh. Panjenengané uga ngresiki saben pang sing ngasilké woh, supaya isa ngasilké woh luwih akèh. . . . Pang ora isa ngetokké woh dhéwé kejaba tetep nyawiji karo wité, semono uga kowé ora bakal isa ngetokké woh kejaba tetep nyawiji karo aku. Aku iki wit anggur, lan kowé kabèh kuwi pang-pangé.”​—Yohanes 15:2-5.

Yésus janji marang para muridé sing setya nèk sakwisé Yésus lunga, Yésus bakal ngutus juru tulung, yaiku roh suci. Sèket siji dina sakbanjuré, para rasul lan wong liyané nampa roh suci lan dadi pang-pangé wit anggur kuwi. Kabèh ”pang-pangé” kudu tetep nyawiji karo Yésus. Apa sebabé?

Yésus kandha, ”Nèk wong tetep nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo wong kuwi, dhèwèké bakal ngasilké akèh woh. Kowé ora isa nindakké apa-apa tanpa aku.” ’Pang-pang’, yaiku para pengikuté Yésus sing setya, bakal ngasilké akèh woh kanthi cara niru sipaté Yésus, nginjil bab Kratoné Allah, lan ndadèkké luwih akèh murid. Nanging, piyé nèk ana sing ora nyawiji lan ora ngasilké woh? Yésus kandha, ”Nèk wong ora tetep nyawiji karo aku, dhèwèké bakal kaya pang sing dibuwang.” Sewaliké, Yésus kandha, ”Nèk kowé tetep nyawiji karo aku, lan omonganku tetep ana ing atimu, njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal diwènèhké marang kowé.”​—Yohanes 15:5-7.

Yésus wis ping pindho ngandhani bab pentingé nindakké préntahé. (Yohanes 14:15, 21) Saiki, Yésus ngandhani carané para murid isa mbuktèkké kuwi, yaiku terus ngupaya bèn tetep ditresnani Yéhuwah lan Yésus. Yésus kandha, ”Nèk kowé nindakké préntah-préntahku, kowé bakal tetep dadi wong sing tak tresnani, kaya aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak.” Nanging ora mung kuwi, Yésus kandha manèh, ”Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha nresnani siji lan sijiné kaya aku wis nresnani kowé. Ora ana wong sing nduwé katresnan sing luwih gedhé ketimbang wong sing masrahké nyawané kanggo sahabat-sahabaté. Kowé kuwi sahabat-sahabatku nèk kowé nindakké apa sing tak préntahké marang kowé.”​—Yohanes 15:10-14.

Pirang-pirang jam manèh, Yésus bakal nduduhké katresnané kanthi cara masrahké uripé kanggo kabèh wong sing nduwé iman marang dhèwèké. Para pengikuté kuduné niru tuladhané Yésus iki sing gelem nggawé pangurbanan kanggo wong liya. Katresnan kaya ngono bakal dadi tandha para pengikuté Yésus, kaya kandhané Yésus sakdurungé, ”Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”​—Yohanes 13:35.

Yésus nyebut para rasulé kuwi ”sahabat”. Yésus ngandhani alesané, ”Aku nyebut kowé sahabat, merga aku wis ngandhani kowé bab kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku.” Kuwi bener-bener hubungan sing istiméwa merga para rasul isa nduwé hubungan sing akrab karo Yésus lan ngerti apa sing diwulangké Bapak marang Yésus. Para murid kudu ”terus ngasilké woh” supaya isa nduwé hubungan kaya ngono. Nèk kuwi ditindakké, Yésus kandha, ”Apa waé sing kok jaluk marang Bapak nganggo jenengku, bakal diparingké marang kowé.”​—Yohanes 15:15, 16.

Katresnan ing antarané ’pang-pang’, utawa para murid, bakal mbantu wong-wong kuwi isa tekun ngadhepi apa sing bakal kelakon. Yésus ngélikké para murid nèk bakal disengiti karo donya. Nanging, Yésus kandha, ”Nèk donya sengit marang kowé, élinga nèk donya wis sengit marang aku sakdurungé sengit marang kowé. Nèk kowé bagéan saka donya, donya bakal nresnani kowé merga kowé duwèké donya. Saiki kowé dudu bagéan saka donya . . . Kuwi sebabé, donya sengit marang kowé.”​—Yohanes 15:18, 19.

Yésus nduduhké alesan liyané sing nyebabké donya sengit marang para muridé, kandhané, ”Wong-wong kuwi bakal nindakké kabèh iki marang kowé merga jenengku, sebab wong-wong kuwi ora kenal Panjenengané sing ngutus aku.” Yésus nduduhké nèk wong-wong sengit marang dhèwèké padahal wis ndelok mukjijat-mukjijaté, wong-wong kuwi dosa. Yésus kandha, ”Nèk ing antarané wong-wong kuwi, aku ora tau nindakké gawéan-gawéan sing durung tau ditindakké wong liya, wong-wong kuwi ora dosa. Nanging saiki, wong-wong kuwi wis ndelok aku lan sengit marang aku uga marang Bapakku.” Tumindaké wong-wong kuwi nggenepi ramalan ing Alkitab.​—Yohanes 15:21, 24, 25; Jabur 35:19; 69:5.

Sepisan manèh, Yésus janji nèk bakal ngutus juru tulung, yaiku roh suci. Kabèh pengikuté Yésus isa nampa kuwasa saka roh suci sing bakal mbantu para murid kanggo ngasilké woh yaiku ”mènèhi kesaksian” bab Yésus.​—Yohanes 15:27.