Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 124

Kristus Dikhianati lan Ditangkep

Kristus Dikhianati lan Ditangkep

MATIUS 26:47-56 MARKUS 14:43-52 LUKAS 22:47-53 YOHANES 18:2-12

  • YUDAS NGIANATI YÉSUS ING TAMAN GÈTSEMANI

  • PÉTRUS NYABET KUPINGÉ BUDHAKÉ IMAM AGUNG

  • YÉSUS DITANGKEP

Saiki wis liwat tengah wengi. Para imam wis setuju mbayar Yudas 30 dhuwit pérak kanggo ngianati Yésus. Mula, Yudas mimpin grombolan imam kepala lan wong Farisi kanggo nggolèki Yésus. Wong-wong kuwi uga ngejak para prajurit Romawi sing nggawa senjata lan komandan militèré.

Mungkin bar dikongkon lunga saka acara jamuan Paskah, Yudas langsung marani para imam kepala. (Yohanes 13:27) Banjur, para imam kuwi nglumpukké para petugasé lan sak kelompok prajurit. Yudas mungkin nggawa dhisik wong-wong kuwi menyang panggonané Yésus lan para rasulé ngrayakké Paskah. Nanging, saiki grombolan kuwi wis nyebrangi Lembah Kidron lan mèh tekan Taman Gètsemani. Sakliyané senjata, grombolan kuwi uga nggawa obor lan lampu minyak, ngupaya nggolèki Yésus.

Yudas mimpin grombolan kuwi munggah ing Gunung Zaitun. Yudas yakin nèk Yésus ana ing Taman Gètsemani, merga saksuwéné lunga bola-bali saka Yérusalèm menyang Bétani, Yésus lan para rasulé kerep mampir ing taman kuwi. Nanging, saiki wis wengi lan ana akèh banget wit zaitun ing kana. Wong-wong kuwi mungkin uga durung tau ndélok Yésus. Mula, piyé para prajurit kuwi isa ngenali Yésus? Yudas mènèhi tandha, kandhané, ”Wong sing tak ambung, yakuwi wongé. Tangkepen lan gawanen wong kuwi, jaganen sing tenanan.”​—Markus 14:44.

Wektu grombolan wong kuwi tekan ing taman, Yudas ndélok Yésus lan para rasulé. Yudas marani Yésus lan kandha, ”Salam, Rabi!” banjur ngambung Yésus kanthi lembut. Yésus takon, ”Ngapa kowé teka mréné?” (Matius 26:49, 50) Yésus banjur takon manèh, ”Yudas, apa kowé ngianati Putrané manungsa nganggo ambunganmu iki?” (Lukas 22:48) Nanging, Yésus wis ora perduli manèh karo jawabané Yudas.

Yésus saiki marani wong-wong sing nggawa obor lan lampu minyak, lan takon, ”Sapa sing kok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Yésus kanthi kendel kandha, ”Aku iki wongé.” (Yohanes 18:4, 5) Merga kagèt, wong-wong kuwi padha tiba ing lemah.

Ketimbang mlayu, Yésus takon manèh sapa sing digolèki wong-wong kuwi. Wektu dijawab, ”Yésus wong Nazarèt,” Yésus kanthi tenang kandha, ”Aku wis ngandhani kowé nèk aku iki wongé. Mula nèk kowé nggolèki aku, ejarna wong-wong iki lunga.” Senajan kuwi wengi sing nyusahké banget, Yésus ora lali karo omongané mbiyèn yaiku nèk dhèwèké ’ora bakal kélangan siji-sijia rasulé’. (Yohanes 6:39; 17:12) Yésus terus nglindhungi para rasulé sing setya lan ora ana sing bakal sirna ”kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké”, yaiku Yudas. (Yohanes 18:7-9) Mula Yésus njaluk supaya para rasulé sing setya kuwi dijarké lunga.

Wektu para prajurit nyedhaki Yésus, para rasul sadhar sing lagi kelakon, mula takon, ”Gusti, apa aku kabèh kudu nyerang wong-wong kuwi nganggo pedhang?” (Lukas 22:49) Sakdurungé dijawab, Pétrus langsung ngetokké salah siji pedhang sing digawa para rasul, banjur nyerang Malkhus, salah siji budhaké imam agung, lan nyabet kupingé tengen nganti pothol.

Nanging, Yésus ndemèk lan marèkké kupingé Malkhus. Banjur karo nyawang Pétrus, Yésus mènèhi piwulang sing penting: ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé, merga kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.” Yésus lila ditangkep, merga miturut Kitab Suci, ’kabèh kudu kedadéan kaya ngéné iki’. (Matius 26:52, 54) Yésus kandha manèh, ”Aku kan kudu ngombé saka cawan sing Bapak paringké marang aku, ta?” (Yohanes 18:11) Yésus lila nindakké kersané Gusti Allah, senajan kudu mati.

Yésus takon marang grombolan wong kuwi, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang, nanging kowé ora nangkep aku. Nanging kabèh iki kelakon supaya tulisané para nabi dadi nyata.”​—Matius 26:55, 56.

Para prajurit, komandan militèr, lan para petugas sing diutus wong Yahudi banjur nangkep lan mbanda Yésus. Wektu ndelok iki, para rasul langsung mlayu. Nanging, ana ”wong lanang sing isih enom”, kayané muridé Yésus sing jenengé Markus, terus ana ing antarané grombolan kanggo ngetutké Yésus. (Markus 14:51) Nanging dhèwèké konangan, lan grombolan wong kuwi ngupaya nangkep dhèwèké. Mula, dhèwèké kepeksa ninggalké kain linené lan mlayu.