Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tirunen Yésus, Dadia Wong sing . . .

Tirunen Yésus, Dadia Wong sing . . .

WELAS ASIH

Senajan sampurna, lan ora ngalami akèh kasusahan lan kekuwatiran kaya sing dialami manungsa umumé, nanging Yésus tetep isa ngertèni apa sing dirasakké wong liya. Yésus gelem mbantu wong liya, kanthi cara nindakké bab sing ngluwihi apa sing dibutuhké wong kuwi. Yésus gelem nindakké kuwi kabèh merga nduwé rasa welas asih. Gatèkna tuladhané sing dirembug ing Bab 32, 37, 57, 99.

GAMPANG DICEDHAKI

Kabèh wong, ora masalah tuwa utawa enom, ngrasa isa cedhak karo Yésus merga Yésus ora nduduhké nèk dhèwèké kuwi wong sing penting lan sibuk. Yésus perduli karo wong-wong kuwi, mula wong-wong uga ngrasa nyaman karo Yésus. Wacanen tuladhané ing Bab 25, 27, 95.

SENENG NDONGA

Yésus ajeg ndonga kanthi tenanan marang Bapaké. Kuwi ditindakké wektu Yésus dhèwèkan lan wektu karo para pengikuté. Yésus ndonga kapan waé, ora mung pas arep mangan. Yésus ndonga marang Bapaké kanggo ngucapké rasa matur nuwun, muji, lan nyuwun tuntunan sakdurungé nggawé keputusan sing penting. Tuladhané kuwi dirembug ing Bab 24, 34, 91, 122, 123.

ORA ÉGOIS

Senajan sakjané wektuné isa kanggo ngaso, nanging Yésus tetep mbantu wong-wong. Yésus ora mung mikirké kepentingané dhéwé. Kita isa sinau tuladhané sing ora égois sing dirembug ing Bab 19, 41, 52.

SENENG NGAPURA

Yésus ora mung mulang bab pentingé ngapurani, nanging uga nindakké kuwi wektu urusan karo para muridé lan wong liya. Pikirna tenanan tuladhané ing Bab 26, 40, 64, 85, 131.

SEMANGAT

Yésus ngerti ramalan nèk wong Yahudi bakal nolak Mèsias lan para mungsuhé bakal matèni dhèwèké. Nanging Yésus tetep semangat ndhukung ibadah sejati. Yésus ora asal-asalan wektu nindakké pelayanané. Yésus dadi tuladha kanggo para muridé sing ngadhepi tentangan lan ditolak, supaya tetep semangat. Deloken Bab 16, 72, 103.

ANDHAP ASOR

Yésus nduwé pangertèn lan kawicaksanan sing luwih unggul ketimbang manungsa liyané. Merga Yésus kuwi manungsa sampurna, mula kesanggupan fisik lan méntalé uga mesthi ngluwihi kabèh wong. Nanging, Yésus tetep andhap asor nglayani wong liya. Kita isa sinau iki ing Bab 10, 62, 66, 94, 116.

SABAR

Yésus tetep sabar senajan para rasul lan wong liyané gagal niru dhèwèké utawa ngetrapké piwulangé. Kanthi sabar, Yésus gelem mbalèni manèh piwulangé supaya wong-wong kuwi isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Sinaua bab kesabarané Yésus ing Bab 74, 98, 118, 135.