Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SINAU SAKA ALKITAB | AYUB 21-27

Ayub Nglawan Pikiran sing Salah

Ayub Nglawan Pikiran sing Salah

Saiki, Iblis nggunakké katrangan sing salah kanggo nggawé cilik ati para abdiné Yéhuwah. Bandhingna katrangané Iblis sing salah lan katrangan sing bener bab Yéhuwah, sing ditulis ing buku Ayub. Ayat-ayat Alkitab ing ngisor mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi perduli karo panjenengan.

KATRANGANÉ IBLIS SING SALAH

KATRANGAN SING BENER BAB YÉHUWAH

Gusti Allah ora ngajèni upayané para abdiné. Ora ana sing isa nyenengké Gusti Allah (Ay 4:18; 25:5)

Yéhuwah ngajèni upaya sing tulus saka para abdiné (Ay 36:5)

Manungsa ora ana gunané kanggo Gusti Allah (Ay 22:2)

Yéhuwah seneng lan mberkahi upayané para abdiné sing setya ngabdi (Ay 33:26; 36:11)

Gusti Allah ora perduli nèk panjenengan tumindak bener (Ay 22:3)

Yéhuwah nggatèkké kabèh tumindak sing bener (Ay 36:7)